Basa Jawi wonten ing jaman modern sak punika kados-kados sampun kageser kalihan bebasan liyan (kados bahasa Indonesia lan bahasa Inggris). Sak menika sampun awis kadang-kadang kaneman ingkang saged bebasan Jawi kanthi sae.
Ontran-ontran kasambet perkawis dipun-pendeting budaya-budaya Indonesia kaliyan negari sanes kedah dados pepemut dumateng kula panjenengan supados sami hangajeni, njagi lan nglestantunaken budaya Indonesia, kalebet babakan budaya bebasan Jawi.
Blog punika dipun damel kangge ngupaya kadang-kadang blogger, khususipun blogger saking tanah Jawi, kangge ngudarasa lan silaturahim online wonten ing Basa Jawi.
Blog menika kabikak kangge umum. Sinten kemawon ingkang kepareng partisipasi nggulawenthah blog menika saged kentun e-mail dateng muh_tamim@yahoo.com, utawi kentun komentar wonten ing posting menika.
Mangga sesarengan nglestantunaken lan nyebaraken adiluhungipun budaya Jawi.
Saking Jawa Kanthi Tresna..
Nyuwun pangapunten mbok bilih wonten tembung/istilah ingkang dereng leres lan pener.



5 comments
Comments feed for this article
November 26, 2007 pada 6:23 am
yusthatitik
supaya luwih gampang anggonmu ngrubah istilah dadi boso prokem urutono aksara jawa iku koyo sing bioso ono sekolah diajarake yaiku:
ha na ca ra ka —> baris kapisan
da ta sa wa la —> baris kapindo
pa dha ja ya nya —> baris katelu
ma ga ba tha nga —> baris kaping papat
koyo mangkene rumuse..
baris kapisan baris katelu (walikane baris kapisan ono ing baris katelu, mengkono uga sewalike)
baris kapindo baris kaping papat
yen poro mudo ngayogyakarta wis podho lancar nggunakake boso prokem iki kanggo obrolan karo konco… Ning kudu dieling, kabeh kuwi ono papan lan wektu sing bener. Ora keno kanggo matur karo piyayi sepuh. Kabeh kuwi ono unggah ungguh sing kudu dipatuhi…
Rak yho mengkono.. Yha toh…
Desember 6, 2007 pada 4:13 pm
Dee
Kulo ngrumaosaken mongkog ing penggalih deneyo taksih wonten poro kadang ingkang sami kerso nguri-uri kabudayaan, mliginipun boso jawi soho sedoyo kabudayanipun. Kulo ngrumaosi, bilih sakmeniko boso jawi kagem saperangan tiyang sampun dipun anggep mboten migunani, mboten saget kagem pangupojiwo ingkang murwat kados denten boso londo Inggris utawi londo Amrika. Kathah kabudayan jawi ingkang sampun mboten dipun mangertosi dening poro kadang anem, malah-malah wonten ing tanah Jawi, kados denten Jogja utawi Solo. Pundi wonten sakmeniko lare sekolah ngkang saget matur kanthi boso krama inggil dhumateng tiyang sepuh kekalih.
Pramila, kula namung saget anyengkuyung lan ndherek mangayubagyo dumatheng para rencang ingkang tansah nguri-uri lan nglestantunaken boso lan budaya adiluhung kito. Maturnuwun, salam taklim saking monconagari.
Desember 7, 2007 pada 3:01 am
mtamim
Kulo sak rencang sami remen sanget dene mas Dee, tebih saking Negri Malaya, kersa pinarak wonten mriki. Mbok bilih bebasanipun panjenengan malah langkung sae mas.. kulo malah dados isin :-*)
Malah mbok bilih panjenengan kersa, kula sak rencang bade ngundang panjenengan dados “warga kehormatan”
Desember 7, 2007 pada 9:16 am
annaherdianto
Pakdhe Dee puniko kados nembe ngaturaken Hatur Pambagyo kemawon hehehehehehe…:)
Maret 1, 2008 pada 10:52 am
7honny
Waduh,kawula inggih nderek isin awit saking ngrumaosi bilih wekdal menika,basa jawi pranyata sampun milai dipun tilar kaliyan para wiranem.Pramila sumangga kagem sagunging para pangarsa nagari ugi para winasis babagan kawruh basa jawi saha kita sedaya sami ngupados cara kagem lestantunipun basa jawi,nguri-uri saha tansah amedharaken dumateng putra wayah.Sumangga.