Rikala dalem alit rumiyin, kathah sanget dolanan-dolanan tradisional ingkang dilakoni kaliyan rencang-rencang. Dolanan biasane wonten latar omah kang jembar ugi wonten lapangan. Biasane wonten bocah sedoso luwih ingkang kempal. Dolanan-dolanan khas bocah-bocah jawi, inggih meniko kadosto :
- Jamuran
- Lithungan (istilahipun wonten basa indonesia petak umpet)
- Blodor, wonten daerah sanes kasebat gobak sodor
- Jagoan
- Sudhamandha, dolanan ngagem gacok(saking gendheng bata) lajeng bocah lompat beto gacok miyos kotak-kotak bujursangkar
- Cublak-cublak suweng
- Dakon
- Bal Kasti
- Lumpatan, ngagem tali ingkang didamel saking karet dipun rangkai, lajeng digoceki kalih bocah loro, bocah liyane nglumpati tali ingkang dhuwure wiwit sak dhengkul dugi sak dedegan
- Uthat
- Pasar-pasaran (ngagem godhong-godhongan lan kembang sekitar omah)
- Gatheng utawa bekelan
- Dolanan kecik, saking isi sawo
- Thung-thung balung
Lan taksih kathah malih, dolanan-dolanan ingkang rumiyin pas alit, kadosto layangan, egrang, blusukan wonten kali, sawah, pekarangan kaliyan rencang-rencang. Dolanan boten namung wayah awan, ananging ugi nate dalu(wengi) saklebar ngaji wonten langgar.
Dolanan-dolanan kasebat wonten nginggil, mbok menawi wonten daerah sanes kadang wonten ingkang istilahipun benten. Mbok menawi rencang-rencang ugi nate dolanan kados meniko naliko alit.
Kulo kinten, dolanan-dolanan bocah tradisional meniko sae sanget, kejawi nglatih kekiyatan fisik(raga) ugi ngajaraken geguyuban, srawung, kerjasama, kekompakan, lingkungan sak kiwo tengen lan liya-liyane.
Nanging, sakmeniko, sebagian dolanan-dolanan meniko, sampun arang didolana, kados sami kesisih kaliyan dolanan elektronik ingkang luwih ijen(individual) kados game komputer, playstation, ugi tontonan tivi. Malah mbok menawi kathah bocah-bacah (lare-lare) ingkang sampun boten paham dolanan-dolanan khas jawi meniko. Kados boten namung wonten kutho ageng, wonten desa mawon sak meniko kados nggih sampun sami arang bocah-bocah ingkang dolanan bareng, boten serame naliko dalem taksih alit.
Mbok menawi, meniko saged dados renungan kito sedoyo, supados dolanan-dolanan bocah tradisional khas jawi boten ical kegeser jaman.
Nyuwun pangapunten menopo taksih wonten tembung ugi ukara ingkang dereng leres, taksih campur-campur. Kanthi leganing manah, nampi pembetulan



13 comments
Comments feed for this article
Desember 1, 2007 pada 5:49 am
agus16
Dados kemutan masa kecil *jowone opo yo?*. Nengesore wulan purnama lithungan lan bentengan*…kalian rencang-rencang. Ciblon/lumban (renang) neng kali, Main dir (kelereng)
*bentengan hampir kadhos lithungan, mempertahankan benteng (benteng digawe saking boto utowo watu ), gabungan kelincahan fisik, politik* jowone nopo nggeh?* kaleh solidaritas.
ananging sak niki kadhose sampun punah *sedih*
Desember 4, 2007 pada 10:25 am
Lagu dolanan « Kawruhjawi
[...] 4, 2007 in sanes by yusthatitik Nyambung seratanipun omietha wonten mriki bilih nalika kulo alit kathah sanget dolanan bocah. Kathah ugi ingkang ngginakaken lagu inggih [...]
Desember 6, 2007 pada 4:36 pm
Dee
yo pro konco dolanan nang njobo
padhang mbulan padhange koyo rino
rembulane e angawe-awe
ngelikake ojo podho turu sore
jaman semono, mung sepet wae iso keno kanggo dolanan, iku nuduhake yen jaman mbiyen, bocah-bocah wis diajari kreatif
Desember 7, 2007 pada 6:14 am
anna
suklu-suklu bathok
bathoke ela-elo
si romo menyang solo
leh-olehe payung kutho
mak jentiiiiiiittttt…lo lo lo bah
wong mati ora obah
yen obah medeni bocah
yen urip golekko dhuwit…
sampun dangu kulo mboten wangsul dumateng padukuhan ing jawi tengah. mugi blog puniko sagedo dados “tamba kangen”…Mbok menawi wonten Aksara Jawi (ha na ca ra ka…), mbok kulo dipun paringi…Nuwun…
Desember 7, 2007 pada 9:06 am
mtamim
bagiyan mak jenthiiiit iku lho sing ra nguati..
hahhahaha
Desember 9, 2007 pada 6:57 am
purna
Kula rumiyin nate dolanan ndamel selo (watu) dipun wastani ampar. Nopo dolanan punika wonten ing daerah lintu?
Desember 10, 2007 pada 4:35 am
Yanti
Sakmeniko kulo nembe kemawon ngertos blog meniko. Kulo kinten blog niki sae sanget untuk eh..kangge nguri uri budaya jawi…hihihi…ribet e nulis jowo..padahal aku yo lair neng Jowo.
Desember 10, 2007 pada 7:05 am
widya
setuju kalian mbak yanti
sae kagem muda mudi kados kulo utawi lare2 ingkang badhe sinau boso jawi khususnya kangge sinau boso kromo inggil ingkang sak meniko sampun kathah ingkang ninggalaken….
contonipun kulo.hehehe.ngapunten nggih menawi campur aduk bosonipun
Desember 20, 2007 pada 9:18 am
duljoni
Sejatinipun kulo sapenggalih kalian mbak Omietha, dolanan anak rumiyin dhasaripun kreatif,sesrawungan,geguyuban, gotong-royong dadose mupuk tepo seliro,rumaket pasedherekanipun lan empati. Benten kalian dolanan tiyang sakniki, individualistis sanget.. rerencanganipun kalian ‘robot’ kados komputer,Playstation, Nintendo,XBOX ingkang mboten gadhah raos kamanungsan (kemanusiaan).
Kepareng kulo nunut setunggal lagu nggih ( niki sakemutanipun mawon )
Lir ilir Lir ilir
Tandure woh sumilir Takijo royo-royo
kasembut temanten anyar
Bocah angon bocah angon
penekno blimbing kuwi lunyu – lunyu penekno
Kanggo mbasuh dhodhot iro
dhodhot iro dhodhot iro gumitir pedhak ing pinggir
tondho mrono slumak ono
kanggo sebok mengko sore
mumpung padhang rembulane
mumpung jembar dalanane
dho surako –surak iyoooo
Nyuwun pangapunten yen kathah ukara ingkang lepat.. lha sampun 14 taun ninggalaken tlatah jawi je…
Agustus 20, 2008 pada 3:59 am
trisno
alhamdulillah kanti wontene situs boso jowo meniko kulo wong jowo sing ra njowo boso jowo maleh dadhi njowo! matur suwun
Oktober 17, 2008 pada 5:52 am
I am A.m. ยป Blog Archive » Anda percaya Hantu itu ada?
[...] dulu dimana belum banyak hiburan, tapi kok ya mainnya “Nini Towok” bukannya permainan/dolanan normal [...]
Maret 11, 2009 pada 1:14 am
anita
maturnuwun,..kula bingah sanget saged kepanggih situs menika. kula sutresna basa jawi lan sakmenika badhe nggarap web basa jawi,..pengestunipun…!
Maret 11, 2009 pada 1:17 am
anita
alhamdulillah..sinaosa kula rumiyin mboten siyos mlebet jurusan sastra jawi,malah mlebet TI…nanging kula taksih gadhah kaludhangan kangge nglestareken basa Jawi. sumangga kagem sedherek sedaya ingkang sami tesna basa jawi..kula aturi ngagem basa jawi lan ngajari putra-putri-nipun supados sinau basa jawi.