You are currently browsing the monthly archive for Desember, 2007.
Ibu, ingkang sampun ngandut kulo, ingkang ambabaraken kulo kanthi rekaos, ingkang sampun nglantaraken kulo ngantos dumugi ageng, mandiri kados sakmeniko. Ibu ingkang tresno kalian putra-putranipun ngagem caranipun piyambak. Ibu sanes tiyang ingkang kalem, sabar, utawi lembut. Ibu kulo punika tiyang ingkang galak, sregep, nanging alit atinipun. Dados asring menawi wonten ingkang nrenyuhaken ibu kulo namung saget nangis. Ibu ugi tiyang ingkang tertutup. Arang crios kaliyan putra-putra nopo ingkang dados penggalihipun, namung dateng bapak ibu saget crios.
Ibu tasih alit nalika emah-emah kaliyan bapak. Seg 17 th kala semanten. Gadhah garwa bapak punika kabegjan piyambak kagem ibu. Tresno ingkang mboten dimangertosi kaliyan ibu, ibu caosaken dateng bapak. Nopo ingkang bapak paringi, ibu tampi. Nopo ingkang bapak suwun ibu caosi. Sinten ingkang ngerstosi nopo ingkang dados dalane gesang. Sinten ingkang mangertosi menawi ing tengahing bungah, bapak kedah tindak ninggalaken ibu piyambakan momong 3 lare ingkang tasih alit-alit. Nanging kolo semanten ibu tansah sabar nenggo bapak kondur. Kulo nate tanglet kaliyan ibu: ibu kenging nopo mboten menikah malih wekdal niku? Ibu namung ngendiko: “Ibu eman lan melas karo bapakmu”. Punika ingkang dados ungkapaning raos tresno ibu dateng bapak. Ibu ngendiko mekaten nalika ibu gerah lan sampun mboten saget mlampah. Crios kalih mbrebes mili amargi kemutan wekdal semanten.
Sakbibar bapak kondur, ibu lan bapak milai urip saking nol. Dodos bakul titih (jenang jagung). Menawi sonten mbebek jagung ngagem lumpang lan alu. Mbenjang enjang dipun ideraken. Namung cekap kagem sedinten. Mekaten teras saben dinten. Ngantos dumugi wanci bapak saget nderek buruh bangunan lan ibu nderek njait wonten pecinan. Kolo semanten ekonomi sampun radi lumayan. Saben sabtu bapak saget numbasaken susu kagem lare-lare. Lajeng bapak diparingi sabin kaliyan simbah. Bapak mboten gadhah pengalaman ngolah sabin. Ibu ingkang lare petani ingkang nderek ngolah sabin. Sekedik-sekedik bapak saget. Saben enjing bapak tindak sabin. Mangke jam 9 bapak kondur sarapan. Ibu asring nderek dateng sabin. Nderek matun, tandur, utawi derep. Malah asring nderek derep wonten sabin tiyang lan angsal bawon gabah saknyangking. Punika ingkang dados keseharian bapak lan ibu. Mangke menawi panen, bapak ingkang mbeto wonten peken diboncengaken wonten pit, ibu nyurung saking wingking lan wonten peken dipun sade kaliyan ibu. Menawi panenan polowijo, subuh-subuh bapak lan ibu sampun tindak peken. Saking mriku bapak lan ibu saget nyekolahaken 5 putra ngantos SLTA lan 1 ngantos sarjana (inggih kulo piyambak). Bapak asring ngendiko: “Bapak namung biso nyangoni kepinteran, dene bondo goleko dewe-dewe. Bapak mung biso nyekolahke nganti SLTA, dene arep sarjana sekolaho dewe.” Sakmeniko sampun 3 ingkang sarjana, 1 D3, lan 1 taksih nglajengaken S2.
Ibu gadhah sakit hipertensi. Ngunjuk obat pinten-pinten taun. Sampun pijet wonten pundi-pundi, berobat nggih wonten dokter spesialis saraf. Ibu nate angsal serangan stroke sepindah, nanging saget mantun. Lajeng serangan stroke ingkang kaping kalih njalari ibu lumpuk awak sisih kiwo. Ibu mboten saget mlampah piyambak, mboten saget nopo-nopo piyambak. Bapak ingkang ngrawat ibu kanthi sabar lan gemati. Kadangkolo ibu manja kados lare alit, nanging bapak saget mangertosi sanget bilih ibu punika gerah lan bapak ngladosi ibu kanthi tlaten. Kulo mbrebes mili menawi kemutan. Enjing2 bapak ingkang makpungi ibu, mangke ibu sikat gigi piyambak lan sabunan piyambak, bapak namung nguyur toyanipun. Nggantosi ageman, nyisiri, lsp. Kulo taksih kuliah wonten Jogja kolo semanten. Mbak ingkang wonten dalem sampun budhal nyambut damel nalika ibu wungu. Mangke ibu lenggah wonten ngajeng mriksani kendaraan sliwar-sliwer wonten ratan. Bapak wonten sisihipun nyriosi babagan ingkang ndamel ibu bungah. Kagem semangat gesang, bapak asring ngendiko bilih usia pernikahan bapak lan ibu sampun badhe ngancik 50 tahun utawi kawin emas. Sampun mbayangaken mbenjang menawi kawin emas badhe ngawontenaken syukuran. Nanging dereng ngantos dugi wancinipun, ibu angsal serangan stroke ingkang kaping tigo. Lan ibu opname wonten nggriyo sakit. Sedinten setunggal dalu ibu mboten wungu. Bapak wonten sisihipun ibu. Lare-lare ugi neggo ibu, maringi pandonga lan maringi semangat kagem ibu. Nanging ibu sampun kedah wangsul. Naliko sakaratul maut, bapak nyedak wonten sisihipun ibu lan ngendiko: “Bapak tresno karo siro to Su. Wis 48 tahun bareng-bareng ora tau padu to Su. REkoso bareng, seneng bareng. Saiki bocah-bocah wis podho mentas kabeh. Siro sing dadi ibu wis berhasil. Siro nek arep kondur wis padhang dalane.” Sakbibar bapak ngendiko ngoten, ibu kondur. Punika mboten saget kulo laleaken. Kulo mangertosi sanget bilih bapak lan ibu nggadahi tresno ingkang sejati. Ibu nenggo bapak ngendiko sakderengipun ibu kondur…
Mbenjang tgl 31 desember 2007 inggih kawin emasipun bapak lan ibu. Kulo bangga nggadahi tiyang sepuh kados bapak lan ibu. Kulo kepingin menawi mbenjang bebrayan, kulo nggadahi brayan ingkang tentrem lan tresno ingkang sejati.
Ibu, ibu bintang kagem kulo. Awan lan ndalu ibu wonten madangi kulo. Kulo sinau saking katresnan sejati bapak lan ibu. Sugeng gesang langgeng wonten ing sisihipun Gusti, Ibu…
Jaman rumiyin, rikala sumber pangan taksih dereng kados jaman sakmenika, kathah tetuwuhan lan umbi-umbian ingkang dipun dadosaken daharan lan cemilan. Wonten dusun-dusun, jaman rumiyin asring dipun panggihi umbi-umbian kados garut, bili, uwi lan sanes-sanesipun. Jaman kula alit, riyin taksih manggihi umbi-umbian menika, utaminipun dados daharanipun para sepuh. Sak menika umbi-umbian punika sampun jarang. Paling-paling ingkang taksih kathah dikonsumsi namung ketela.
Wonten Hanoi, Vietnam, kula mboten sengaja kepanggih ibu-ibu ingkang sadean woh-wohan lan umbi-umbian lan salah satunggaling ibu menika sadean garut, bili, uwi, lan tela rambat!
Wah, jebul umbi-umbian menika ugi wonten ing Vietnam…
Para kadang menawa wis nate krungu babakan imigrasi warga Jawa marang Suriname jamane penjajahan Walanda. Wektu iku watara 33.000 warga Jawa kang budal menyang Suriname kanggone makarya ono ing prenangsi(perkebunan) duwene Walanda. Nganti saiki warga Jawa isih akeh urip neng kono. Akeh uga sing wis dadi wong sukses. Masyarakat Jawa neng Suriname iki isih nguri-uri budaya-budaya Jawa, kalebu basa Jawa.
Akeh cerita nganani imigrasi iki kang nyedihake, nrenyuhake nanging uga campur lucu. Lan ono kalodhangan iki kawruhjawi ngudunake salah sawijine tulisan ngenani pengetan 115 tahun imigrasi Jawa, kang ditulis kalian Mas Tjandrakirana dijupuk saka website www.pamuda.nl

ayo para kanca dolanan neng jaba
padhang mbulan, padhange kaya rina
rembulane..
sing ngawe-awe
ngelingake aja padha turu sore…
Wonten ing tradisi Jawa ungkul, dinten lahir, utawi weton, nggadahi makna ingkang wigati. Weton biasanipun dipun pitadosi gadah pengaruh dumateng sifat-sifat menungsa. Weton sampun kados dados horoskopipun masyarakat Jawa, kados dene Hong Sui wonten masyarakat Cina. Sakmenika panjenengan saged pados weton panjenengan piyambak kanthi gampil ngginakaken software, contonipun saged dipun akses wonten website niki. Cekap kanthi sumadya tanggal lahir. Wonten website menika ugi saged ningali sifat-sifat saking weton panjenengan.
Sinaoso tradisi weton menika sampun dangu dados kepercayaanipun masyarakat Jawa, kanggening tiyang ingkang beriman kepercayaan kados menika sampun ngantos nglunturi marang akidah, amargi babakan takdir menika sampun dados kuasanipun Gusti. Inggih menika dados wawasan utawi ‘hiburan’ kemawon ampun ngantos dados keyakinan.
Kanggo kanca-kanca, hayoo weton-mu apa lan sifatmu kepiye? Bener opo ora?

Lamun sira anggeguru kaki,
amiliha sujanma kang nyata,
ingkang becik martabate,
sarta kang wruh ing kukum,
kang ngibadah lan kang wirangi,
sukur antuk wong tapa,
ingkang wus amungkul,
tan mikir pawehing liyan,
iku pantes sira guronana kaki,
sartane kawruhana.
Kita sedaya menika kedah sami pados guru ingkang sampurna. Mekaten piwucal saking sekar Macapat Dandanggula menika, ingkang dipun pendet saking kasusastran ungkul, Serat Wulang Reh.
MP3 Dandang Gula menika saged dipun undhuh wonten mriki
Pas Nalika lagi blogwalking (maca-maca blog ana ing internet), tanpa sengaja nemu blog sing isine ono film kartun (
http://thekampretshow.blogspot.com).
Ora ngira sak durunge, jebul kartun ini nganggo basa Jawa. Kartun iki lucu temen, basa Jawa-ne kanthi logat Jawa Timuran kenthel. Kanca-kanca bisa nonton salah sawijining kartun iki ono kene.
Sak liyane kartun kasebut mau, isih ono uga kartun-kartun liya ono kene.
Iki salah sawijine, judule Grammar.. (Isih Jawa-timuran, cak!)
Coba digateake, tombol tilpune nganti ono 16!! hahaha
Lan ojo kaget yen krungu akeh pisuhan khas suroboyoan… ![]()
Malah, saben pisuhan lan guneman ‘atos’ ono poine(lha piye to..).
Jebul ono bagian mburi disebutake:
Meskipun “grammar” dan nada bicaranya agak keras, tapi survey membuktikan sembilan dari sepuluh orang Surabaya berhati mulia. Insya Allah… Sumber: Harian Kempas
(Dont Look Surabaya just from the grammar…)
Arek-arek Jawa Timur jebul uga padha kreatif.
(Wah, mbayangke ana kartun Jogja crita jaman perjuangan nganggo basa sandi basa walikan, mesti lucu poll
)

Dereng dangu kula nyerat babakan baliho iklan Kedaulatan Rakyat: Bebarengan Mrantasi Gawe ingkang mapan wonten Jalan Kaliurang, kala wingi kula medal mrika lan ningali baliho menika jebul iklanipun sampun gantos. Iklan ingkang enggal menika taksih kanthi tema sami, hanganing benten penampilan.
Bebarengan Mrantasi Gawe Jilid I nggambaraken lukisan (hitam-putih) tiyang-tiyang sami nyepeng tali lan nggeret kapal(?) lan wonten ngajengipun lukisan wonten becak ingkang mlampah, kados-kados lukisan tiyang-tiyang wau nembe mitulungi tukang becak.
Bebarengan Mrantasi Gawe Jilid II menika nggambaraken wonten lukisan para tokoh wayang, bala pandawa lan kurawa, sami sareng-sareng mbeta barang-barang, lan wonten ngajeng lukisan menika wonten simbah-simbah nembe mlampah, kados-kados bala pandawa-kurawa menika nembe mitulungi simbah.
Piyantun-piyantun Jogja pancen sami kreatif. ![]()

Menawi panjenengan kaleresan mlampah wonten margi Jalan Kaliurang prapatan Kenthungan Jogjakarta, wonten salah satunggaling iklan baliho ingkang mapan wonten pojok kidul-kilen. Iklan menika lumayan dados wigatosanipun tiyang-tiyang ingkang mlampah, kalebet kula, amargi radi aneh lan lucu. Judulipun Bebarengan Mrantasi Gawe. Iklan menika saking Kedaulatan Rakyat.
Piyantun jawi mbok menawi mboten asing kaliyan tembang Yen Ing Tawang ana Lintang. Tembang punika sampun kawentar wonten sadengah papan lan sampun kathah penyanyi ingkang nembangaken, salah satunggalipun dening mbak Mayangsari.
Tembang menika saged diunduh wonten mriki
Yen ing tawang ono lintang cah bagus
Aku ngenteni teka mu
Marang mego ing angkoso
Sung takok-ke pawartamu
Janji janji aku eleng cah bagus
Sumedot roso ing ati
Lintang lintang’e wingi wingi nimas
Tresna ku sundul ing ati
Ndek semono janjimu disekseni
Mego kartiko keiring roso tresno asih
Yen ing tawang ono lintang cah bagus
Rungokno tangis ing ati
Miraring swara ing ratri nimas
ngenteni bulan ndadari
Nyambung seratanipun omietha wonten mriki bilih nalika kulo alit kathah sanget dolanan bocah. Kathah ugi ingkang ngginakaken lagu inggih punika ingkang dipun wastani lagu dolanan. Ingkang taksih kulo eling inggih punika lagu dolanan cublak-cublak suweng, sledur-sledur (menawi wonten bahasa indonesia dolanan punika dipun wastani ‘ular naga’), sluku-sluku bathok, jamuran. Wonten ugi lagu ingkang damel pados bukur (undur-undur). Punika lagu-lagu ingkang sampun kasebat ing nginggil..
Cublak-Cublak Suweng
Cublak-cublak suweng, suwenge ting gelenter
mambu ketundung gudel
pak empong lira liru
sopo ngguyu ndelikake
sir sir pong dele kopong sir sir pong dele kopong
Sledur-sledur
Sledur-sledur, pak mantri dhahar bubur kepanasen mumbul-mumbul..
(Dolanan punika kados ‘ular naga’ wonten ing dolanan nusantara)
Bethet Kingkong
Bethet kingkong legendar gong, gonge ilang
camcao gula tetes lo jenalo ilang
(dolanan punika ngginakaken driji. bocah 2 utawa luwih lajeng maringi 5 driji saking asta kiwo, lajeng dipun tembangaken lagu punika. Mangke sinten ingkang ketiban pungkasan drijinipun kedah ditekuk (ilang). Ingkang menang inggih punika ingkang drijinipun luwih rumiyin ical sedanten)
Lagu kangge pados bukur
Bukur-bukur bapakmu kejegur sumur (
punika supados bukur medal lan madosi ramanipun)
Taksih kathah lagu-lagu ingkang kangge ngiringi dolanan tradisional, nanging mboten sedanten ngginakaken boso jawi. Kathah ugi inggang ngginakaken boso indonesia. Kadosto “Ibu Tuti’, ‘Sepiring dua piring’, ‘Putih-putih melati’ lan kathah malih.
—namung kagem referensi, mbok menawi wonten putra-putrinipun, punapa adik ingkang sampun bosen kaliyan game wonten komputer, saget sinau dolanan tradisional—




Komentar