
Menawi panjenengan kaleresan mlampah wonten margi Jalan Kaliurang prapatan Kenthungan Jogjakarta, wonten salah satunggaling iklan baliho ingkang mapan wonten pojok kidul-kilen. Iklan menika lumayan dados wigatosanipun tiyang-tiyang ingkang mlampah, kalebet kula, amargi radi aneh lan lucu. Judulipun Bebarengan Mrantasi Gawe. Iklan menika saking Kedaulatan Rakyat.



3 comments
Comments feed for this article
Desember 5, 2007 pada 1:42 am
Hany
Matur nuwun sanget, sampun kersa pinarak.
Iklanipun wonten nginggil pancen oye!
Desember 5, 2007 pada 10:25 am
yusthatitik
wau dalu wangsul saking maringi les, kulo nyempataken ninguk namung badhe ningali iklan punika.. Sejatinipun kulo sampun asring ngertos papan baliho punika, nanging mboten patoso kulo gagas. Amargi panjenengan sotret..eh potret lan ketingal ‘berwibawa’ kulo lajeng kepengin ngertos lan ngamat-amati…
Bebarengan Mrantasi Gawe..
Slogan ingkang sae sanget…
Ing boso indonesia = Gotong Royong… leres mboten nggih..
Desember 5, 2007 pada 10:33 am
mtamim
Ing boso indonesia = “bersama kita bisa”
walah, malah kampanye…