Nyambung seratanipun omietha wonten mriki bilih nalika kulo alit kathah sanget dolanan bocah. Kathah ugi ingkang ngginakaken lagu inggih punika ingkang dipun wastani lagu dolanan. Ingkang taksih kulo eling inggih punika lagu dolanan cublak-cublak suweng, sledur-sledur (menawi wonten bahasa indonesia dolanan punika dipun wastani ‘ular naga’), sluku-sluku bathok, jamuran. Wonten ugi lagu ingkang damel pados bukur (undur-undur). Punika lagu-lagu ingkang sampun kasebat ing nginggil..
Cublak-Cublak Suweng
Cublak-cublak suweng, suwenge ting gelenter
mambu ketundung gudel
pak empong lira liru
sopo ngguyu ndelikake
sir sir pong dele kopong sir sir pong dele kopong
Sledur-sledur
Sledur-sledur, pak mantri dhahar bubur kepanasen mumbul-mumbul..
(Dolanan punika kados ‘ular naga’ wonten ing dolanan nusantara)
Bethet Kingkong
Bethet kingkong legendar gong, gonge ilang
camcao gula tetes lo jenalo ilang
(dolanan punika ngginakaken driji. bocah 2 utawa luwih lajeng maringi 5 driji saking asta kiwo, lajeng dipun tembangaken lagu punika. Mangke sinten ingkang ketiban pungkasan drijinipun kedah ditekuk (ilang). Ingkang menang inggih punika ingkang drijinipun luwih rumiyin ical sedanten)
Lagu kangge pados bukur
Bukur-bukur bapakmu kejegur sumur (
punika supados bukur medal lan madosi ramanipun)
Taksih kathah lagu-lagu ingkang kangge ngiringi dolanan tradisional, nanging mboten sedanten ngginakaken boso jawi. Kathah ugi inggang ngginakaken boso indonesia. Kadosto “Ibu Tuti’, ‘Sepiring dua piring’, ‘Putih-putih melati’ lan kathah malih.
—namung kagem referensi, mbok menawi wonten putra-putrinipun, punapa adik ingkang sampun bosen kaliyan game wonten komputer, saget sinau dolanan tradisional—



41 komentar
Pengumpan komentar untuk artikel ini
Desember 4, 2007 pada 10:31 am
mtamim
“mbok menawi wonten putra-putrinipun, punapa adik ingkang sampun bosen kaliyan game wonten komputer, saget sinau dolanan tradisional”
mbok menawi malah dipun damel mawon, game komputer ingkang isinipun dolanan tradisional, hehehehe
Desember 5, 2007 pada 1:41 am
yusthatitik
menawi dolanan game komputer, lare-lare mboten saget ngertos kados pundi raose dhawah, kados pundi raose ndamel trik kaliyan rencang-rencang kagem ngalahke lawan, mboten ngertos raose kecemplung jugangan, mboten ngertos raose bungah kaliyan rencang-rencang menawi saget menang, mboten ngertos raose sedih lan nguatke rencang-rencang umpami kalah, mboten ngertos kados pundi carane muter gasing, mboten ngertos kados pundi carane namplek pathok lele, mboten ngertos kados pundi carane gatheng, lan taksih kathah keluwihan dolanan tradisional ingkang mboten saget dipundhut saking game komputer.
Nggih punika usul ingkang sae, nanging luwih becik umpami lare-lare ngraosaken piyambak dolanan-dolanan punika, mboten dados dalang ingkang nglakonaken dolanan.
Desember 5, 2007 pada 3:11 am
omietha
Maos seratan lagu dolanan wonten nginggil, dadi kemutan melih, ingkang lucu niku lagu putih putih melati…kok yustha kelingan yo…:), terus pathok lele…gasing…:)
O inggih, riyen alit amargi wonten lare pindahan saking kutho semarang, dados sami ke”invasi” dolanan kutho kados monopoli (dolanan ngagem duit-duitan kertas wonten bank, mbangun hotel, losmen, stasiun, wonten penjara barang, terus dana umum lan kesempatan…. hihihii…kemutan to?
wonten maleh kartu kuartet..
Perkembangan lare alit samkeniko ingkang tanggap teknologi inggih wonten setunggal sisih bingahaken&ngremenaken sanget, ananging inggih becik sanget niku menawi boten dados siji-sijine dolanan, dados imbang kalih dolanan-dolanan sanes ugi dolanan tradisional…
Desember 5, 2007 pada 10:40 am
mtamim
lha inggih, menawi dolanan mawi teknologi wonten kathah aspek-aspek fisik-sosio-emosional ingkang sami wucal.
wusanannipun kados gobak sodor, benthik, punapa ‘blusukan kali’ lan sanesipun, menawi pun damel game komputer lha mboten saged ngrumaosaken kasunyatanipun.
hehehehe
Desember 6, 2007 pada 4:32 pm
Dee
Pong-pong bolong
gulu merak gulu sapi mecaho ndhoke siji
…….
Sluku-sluku bathok
bathoke ela-elo
si romo menyang solo
oleh-olehe payung moda
tak jenthir ololobah
wong mati ora obah
yen obah medeni bocah
yen urip nggoleko dhuwit
…….
gotri legendri nogosari
thiwul owal-awul jenang katul
kodhok mbako enak mbako sedep
…nuwun sewu, terusane lali dab
Juni 2, 2009 pada 7:19 pm
ary
gotri ala gotri naga sari
thiwul iawal iwul gajah menthul
dolan awan awan ndelok manten
titenana mbesuk gedhe dadi apa
sedep mbako enak mbako sedhep
cewok ewak ewok koyo kodhok!
September 26, 2009 pada 5:55 am
rade
gotri legendri nogosari
thiwul owal-awul jenang katul
tolen olan olen gajah manten ten
entoenono mbesok ngede dadi opo po
podeng mbako enak mbako sedeng deng
dengakok eyak eyok koyo kadok
September 30, 2009 pada 4:36 am
ki mangundiharjo
dekok ekak ekok kaya kodhok…
Desember 12, 2007 pada 10:57 pm
budi
gotri legendri nogosari, ri
riwul iwal- iwul jenang katul, tul
tulen olen-olen dadi manten, ten
tenono mbesuk gedhe dadi opo, po
podheng mbako enak mbako sedeng, deng
dengklok engklak-engklok koyo kodok
menawi teng kampung kulo mekaten
Mei 20, 2008 pada 12:26 pm
hedy wijaya
hanya kebetulan saya masuk kesitus ini terasa masuk kesitus rereruntuhan candi dari masa lalu dimana bocah bocah lugu bernyanyi, tangan bergandengan dibahu beriringan dibawah sinar rembulan sedang yang lain duduk melingkar dengan ceria memindah kan batu bergantian diiringi lagu dolanan dan tembang dikejauhan…..
Situs ini sungguh kejutan bagi saya dirantau hormat saya dari Riau.
sangat bagus jika ada tempat download tembang dolanan yang dilagukan oleh suara anak anak yang lugu tanpa iringan gamelan atau instrument lainya karena instrumentnya ada di jiwa kita.
saya lahir disolo sampai remaja disolo tapi “cubluk ing basa lan tata krama”
karena lahir kalangan kebayakan dan agak “kamso” maaf jika saya menulis dengan bahasa persatuan ini.
saya harap situs ini exist dan gemari kalangan muda “Caranya…?”
Salam…
Juni 6, 2008 pada 8:24 am
ghaniarasyid™
inggih, leres.
kulo niki nggih termasuk lare ingkang kesirep game-game komputer kaliyan komik-komik.
postingan njenengan raose dhateng kulo “membangkitkan kenangan masa lalu”, wanci alit kulo bungah banget dolanan kalih kanca-kanca. pasaran, cublak-cublak suweng, lan saliyanipun
mugi-mugi blog njenengan tansah “istiqomah”, nguri-uri boso Jawi
Juni 6, 2008 pada 3:00 pm
Hedy wijaya
Kula Nuwun Mas,Pak,bu sakmeniiko kawula cobi ngagem basa jawi. menawi mampir wonten situs panjenengan kok manah dados goreh lan sumedot ing jaja kemutan wedal tasih lare nalika tasih remen nangis ing pangkonipun biyung
wonten satunggilipun dolanan ingkang sekedik kemutan ..
soyang soyang mbathika plangi ndhok semarang
ya yah bu ya yah pa putra ningsun adipati kulanuwun…
dok dok dok.. sinten niku… kula mbok randa dadapan..
..lajeng sami pangandikan bade ngengeraken putra/putri nipun
ngengeripun dipun tampi nanging turu nipun wonten emperan bantalipun dingklik, gulingipun kenthongan, nedhinipun sega aking lan sak panunggalanipun….
mboten trima mboten trima anak kula mang sia sia…
lagu lan dolanan menika asring kagem pancatan tiyang sepuh kawula paring pangertosan bab Urip lan kayatan kahanan ikang mangsa kala tebih saking inkang dipun gayuh lan gadang gadang. supados tansah eling lan sumarah. mbok menawi wonten rencang ingkang kemutan lagu menika langkung jangkep.
salam…
Agustus 12, 2008 pada 5:45 am
sukolaras
lagu jawa untuk memperingati hut ri, seperti kaelo, 17 agustus 45, dimana kita bisa donlot
Agustus 26, 2008 pada 8:33 am
YOYOK BAGYO PUTRO
waduh .. waduh dalem kok dados kangen griyo, padahal sak meniko sampun mboten gadah kampung maleh, dos pundi meniko mas ???
September 18, 2008 pada 3:01 pm
miladiah
kula madosi mp3 lagu-lagu dolanan.. kagungan napa mboten? hehe…
matur suwun..
Oktober 28, 2008 pada 3:02 am
Lagu Dolanan (2) « Kawruhjawi
[...] | Tags: lagu dolanan, lagu dolanan anak, tembang jawa | by mtamim Nyambung seratan wonten mriki lan wonten mriki ingkang nyerat babakan lagu dolanan anak jawi ingkang sak punika sampun awis dipun [...]
November 24, 2008 pada 3:11 pm
DODO
matur nuwun, dumateng panjenengan ingkang sampun paring pasinaona kagem kula kaliyan kanca2, kula rumaos sanget bingah amargi taksih wonten ingkang remen kaliyan budaya jawi.
November 24, 2008 pada 3:11 pm
DODO
sip banget, top top top top,,,,
November 26, 2008 pada 6:51 am
mtamim
@miladiah
ngapunten, mboten gadhah.. mbok menawi wonten ingkang kagungan?
@dodo
sami-sami…
Desember 1, 2008 pada 5:55 am
uut
mATUR NUWUN SANGET DALEM SAGET PIKANTUK LAGU2 DOLANAN JAWI.
Desember 10, 2008 pada 1:38 pm
darwis
Sampun 30 thn kula dados guru wonten Malang, murid kula 90% lare Cinten/Cina. Nanging, bab tetembangan lan dolanan tradisional Jawi mboten bakal kalah kalih lare kampung kutha ugi desa. Jathilan/ jaranan, bantengan, tarian, malah dolanan ingkang radi serem kados NYI PUTHUT nggih saged!!!!! Kathah tiyang Jawi sakmenika ingkang KEMAKI lan SOK SUCI, tirosipun dolanan menika saged marakake setan lan dhemit saged dugi lan marakake kalab! Nyatane menawi kaliyan dedongan ingkang sae kok nggih aman2 kemawon. Menapa leres tiyang Jawi sakmenika sampun kesupen kalih Jawinipun kados ingkang sampun dipun serat kaliyan RONGGOWARSITO? Mugi-mugi mboten. Maturnuwun…..
Desember 10, 2008 pada 1:47 pm
darwis
MP3 lagu dolanan kula kinten saged pados wonten Yogya. Lha kula tiyang Malang mawon kluthusan ngantos wonten Klaten, Solo, Magelang mosok tiyang Jateng malah bingung?
Desember 10, 2008 pada 1:58 pm
darwis
Wonten blok perumahan kula, sampun tigang Agustusan menika kula wontenaken ‘pertunjukan’ dolanan tradisional. Wah kathah tiyang kaget! Kok isih ana dolanan iki ……………
Panjenengan sedaya lare nem-neman ingkang ‘energik’ mosok mboten saged ngangsu kawruh dateng bapak-ibu ugi eyang utawai tangga teparuh ingkang panjenengan kenal. Mangga …. dipun cobi. Kados pundi mbak Miladiah, mas Budi, mas Dodo …….
Februari 5, 2009 pada 5:50 am
taryono aji
nunut matur…
maos bait-bait syair cublek-cublek suweng ing inggil puniko, dalem langsung kemutan jaman semono nalikani dalem taksih bocah.
nopo malih menawi dalu lan padhang mbulan, biasane dalem kaleh konco-konco podo dolanan ing njobo podo nyanyi:
yuk pro konco dolanan ing njobo
padhang mbulan, padhange koyo rino…
rembulane wis ngawe-awe
ngelingake ojo podho turu sore….
wah…
pancen urip nang kutho jakarta, suwasono hingar-bingaring kutho ndadekake kabeh tradisi lan budoyo kito tiyang jowo ilang….
mangkane dalem senantiasa ngenalake budaya lan tradisi jowo dumateng putri kulo (justina ihza prameswari: 2 th), senajan namung sekedar komunikasi ngangge boso jawi.
ati kulo tentrem, roso kesel muleh kerjo ilang menawi kerungu sworo putri kulo yen ditimbali, mangsuli DALEEMMMM……
pangapunten bahasa jawi kromo dalem pating nggrathilllll…
nuwun.
taryono aji
Mei 16, 2009 pada 1:09 pm
sonya ghandi
apakah lagu cublak-cublak suwong itu lagu daerah
Juni 1, 2009 pada 10:55 am
Rizki
Assalamualaikum ………………
Niki website’e menJawi tenan to!
Lha kula saranaken, kudu enten Bahasa Indonesia
supaya, sing mboten saget basa menJawi kaya mriki, dadi saget sumerap arti lan maksud’e
thanks!
Juli 2, 2009 pada 6:31 am
bayu
nuwun sewu badhe tangglet’ sakmenika rencang – rencang entenipun koleksi lagu dolanan nopo mboten nggih?? saged di kulo suwun format MP3 mawon kulo butuh damel Tugas akhir dhteng its..soale..
saged di pun email ten minhasol_bonita83@yahoo.com
.matur suwun salam kenal..
Februari 15, 2010 pada 7:25 am
rizalihadi
nuwun sewu, ingkang nggadhahi blog menika sinten?
April 24, 2010 pada 8:32 am
riyanta
wah aku seneng nemu web iki, kanthi ora sengaja amarga anaku pengin lagu gotri legendri aku nyobo-nyobo golek neng web wah ,,… oleh senengku ora upama.
April 25, 2010 pada 11:40 am
yahya
bapak yth tolong buatkan artikel tedhak siten pake basa jawa matur nuwun
Mei 23, 2010 pada 1:03 pm
rifto
menawi engkang wonten kagungan lagu bebek adus kali format mp3 kawulo pados pundi pundi kok sampun punah nggih, menawi kepareng wonten engkang kagungan
Oktober 3, 2010 pada 1:42 am
nelly
.kurang tau bhasa jawa???
.ya ndag bsa ngasih komentar jawa???
.pokoknya intinya lagunya apigk sissand??
Oktober 6, 2010 pada 2:27 pm
TUGIMAN
Alhamdulillahh.. matur nuwun sanget dumateng rencang ingkang sampun damel blog meniko. kulo sanget mbetahaken kawruh jawi terutami lagu-lagu dolanan kagem kulo piyambak lan kagem lare-lare dampingan supados saget tumut ngeling-eling lan nguri-uri kabudayan jawi..
Oktober 18, 2010 pada 3:36 pm
teguh
ontong-ontong bolong
ndok merak, ndok meri
pecaho ndoke siji
yen gak pecah di tutuki
(sakmeniko njih lagu dolanan, ikang tanganipun di kepel terus ditumpuk kalian tangan sanesipun)
Oktober 26, 2010 pada 2:41 pm
hudori
sumangga midangetaken
Oktober 28, 2010 pada 4:33 am
AWI
jan sakpuniko sampun kathah tiang jawa ingkang boten njawani, nanging njawini…., pangucap sukur kalian gusti kok nggih tesih wonten ingkang sagah lan saguh damel web… dalem matur nuwun ” ….”dadio wong jawa sing njawani, dudu njawini (jawi)…
November 17, 2010 pada 1:52 am
sudaryadi
Menawi badhe ndownload tembang dolanan, situse napa nggih?
Desember 17, 2010 pada 5:09 am
cak phi_ie
pakdhe budhe, wonten ingkang nggadah alamat web download lagu dolanan lengkap nopo mboten nggeh??
April 22, 2011 pada 7:16 am
eyhangkakung
Matur gunge panuwun ingkang tanpo pepindan, bilih kulo taksih saget mirengaken tetembangan dolanan. Ing ateges mboten bade luntur budaya jawa ing wanci donya bade obah kadus mekaten.
Juli 10, 2011 pada 4:55 am
ulfin
tolong dong kasih terjemahannya tembang ta lela legong…kirim ke emailku ya ulfinsmile@gmail.com
Maret 30, 2012 pada 7:45 am
suratno
TAKSIH WONTEN INGKANG KEMUTAN LAGU MENIKA :
ESUK-ESUK TUKU LENGO NYANGKANG BOTOL…KONCO..
KONCO LAWAS DIJAK DOLAN MENYANG KALI…PELEM..
PELEM IKU KECUTE NGLUWIHI JERUK… TUMO…
TUMO IKU SABANE ANA ING RAMBUT… JEMPOL..
JEMPOL IKI OTHAL ATHIL AREP PRITHIL… IDU..
IDU KUWI GE DOLANAN ORA APIK… TEMBEM..