Piyantun jawi mbok menawi mboten asing kaliyan tembang Yen Ing Tawang ana Lintang. Tembang punika sampun kawentar wonten sadengah papan lan sampun kathah penyanyi ingkang nembangaken, salah satunggalipun dening mbak Mayangsari.
Tembang menika saged diunduh wonten mriki
Yen ing tawang ono lintang cah bagus
Aku ngenteni teka mu
Marang mego ing angkoso
Sung takok-ke pawartamu
Janji janji aku eleng cah bagus
Sumedot roso ing ati
Lintang lintang’e wingi wingi nimas
Tresna ku sundul ing ati
Ndek semono janjimu disekseni
Mego kartiko keiring roso tresno asih
Yen ing tawang ono lintang cah bagus
Rungokno tangis ing ati
Miraring swara ing ratri nimas
ngenteni bulan ndadari



7 comments
Comments feed for this article
Desember 6, 2007 pada 4:18 pm
Dee
Sekar menika menawi mboten klentu dipun anggit dening romo Anjar Any, lan aslinipun mboten “cah ayu” ananging “cah bagus”. Mbok bilih amargi kesengsem kaliyan Mas Bambang, lajeng Roro Mayangsari nglantunaken sekar puniko
Ing coro londo Inggris, judulipun dipun gantos mawi “Twinkle-twinkle little star”
Februari 3, 2009 pada 8:28 am
Ngabehi
Menawi mboten lepat tembang menika sampun wonten saking jamannipun Panembahan Senopati maksih sugeng. Tembang menika wujud gorehing penggalihipun sang Panembahan dumateng Sang Ratu, eee meniko dongengipun Pak dhe kula lho…
Juli 4, 2009 pada 5:35 am
JOSEPH S.A. WILIARTA
menika sekar endah saestu dipuntembangaken,menawi dipunlanggamaken damel trenyuhing ati…
Agustus 2, 2009 pada 3:29 pm
Syfa
Mas,dimana q bs dpt lgny mayangsari yen ing twg ana lcb.q suka dgrin d rri..tp hunting mp3ny g pnh dtp.
Agustus 4, 2009 pada 5:22 pm
Kurotsuchi
saya suka lagu ini…
kayaqnya bagian dari kenangan masa lalu, pas saya diajari nembang jawa, joged, hingga membatik…
Agustus 5, 2009 pada 8:14 am
yustha tt
mboten percaya kula menawi dereng ngertos panjenengan nembang tembang punika….
– nggak percaya aku kalo belum denger mas nyanyiin tembang ini..hehehe –
September 18, 2009 pada 9:04 pm
Yudi Arya Galuh
tembang “yen ing tawang ono lintang” -MP3- Mayangsari, meniko mboten saget diunduh wonten link ingkang wonten nginggil. Kedah pripun njih mas.. wonten link ingkang saget ngunduh.. dalem purun’e mas..
derek langkung
yudi arya galuh