
Dereng dangu kula nyerat babakan baliho iklan Kedaulatan Rakyat: Bebarengan Mrantasi Gawe ingkang mapan wonten Jalan Kaliurang, kala wingi kula medal mrika lan ningali baliho menika jebul iklanipun sampun gantos. Iklan ingkang enggal menika taksih kanthi tema sami, hanganing benten penampilan.
Bebarengan Mrantasi Gawe Jilid I nggambaraken lukisan (hitam-putih) tiyang-tiyang sami nyepeng tali lan nggeret kapal(?) lan wonten ngajengipun lukisan wonten becak ingkang mlampah, kados-kados lukisan tiyang-tiyang wau nembe mitulungi tukang becak.
Bebarengan Mrantasi Gawe Jilid II menika nggambaraken wonten lukisan para tokoh wayang, bala pandawa lan kurawa, sami sareng-sareng mbeta barang-barang, lan wonten ngajeng lukisan menika wonten simbah-simbah nembe mlampah, kados-kados bala pandawa-kurawa menika nembe mitulungi simbah.
Piyantun-piyantun Jogja pancen sami kreatif.



10 comments
Comments feed for this article
Desember 6, 2007 pada 6:25 am
JOWOPINTER
Salam mas Tamim.
Akeh seng aku orak paham bosomu. Aku boso Jowo Halus orak reti bangeti… Aku reti boso Jowo kasar waey
Desember 6, 2007 pada 4:27 pm
Dee
dadi kelingan lagu:
…..
siji, loro, telu, papat
jejer papat-papat diulang ulungake
amrih enggal rampunge
sayuk-sayuk rukun
bebarengan ro kancane
holopis kuntul baris
holopis kuntul baris
……
Desember 7, 2007 pada 9:05 am
mtamim
@jowopinter
ora opo opo mas. blog iki kabuka kanggo sopo wae mrigi bosone boso Jowo (ngoko opo dene kromo)
@dee
iya mas, kula malah wis capet-capet lagu holopis kuntul baris iki..
Januari 4, 2008 pada 1:35 pm
sitijenang
kok mboten kaluwen kemawon ta? ujare tiyang sepuh punika bilih impen ingkang saget dipun eling-eling dangu wonten tegesipun. bilih gampil ical saking pikir kita naming kembanging wong turu. lha jarenipun makaten.
Januari 9, 2008 pada 2:57 am
sigid
Baliho menika mapan wonten perempatan kentungan njih menawi mboten klentu.
Kala mben nalika mantuk wonten Jogja njih sami sumerep
@ sitijenang
Hayah, pak De sitijenang menika sajak klentu panggenan post niki njih
Januari 9, 2008 pada 3:02 am
mtamim
@sigid
leres. baliho menika mapan wonten pojok kilen prapatan. sampun gantos ambal kaping kalih. Kula nggih nate maos iklan menika nate dipun ulas ugi wonten ing majalah advertising (kula supe majalah napa) amargi pancen unik..
Inggih, Pak De menika klentu panggenan komentar. Nanging kula wastani menika sanes Pak De ingkang klentu kok, kadosipun menika WordPress-ipun ingkang radi pas error lan radi mboten permana.. hehehe
Januari 9, 2008 pada 6:16 am
omietha
kadose pas kulo ningali malih, menawi boten klentu sih, gambar baliho meniko, sanes lukisan, nanging foto simbah-simbah nggendong bakul saweg mlampah wonten pinggir trotoar , lan wonten dinding pinggir dalan meniko wonten gambar lukisan [graffiti] tokoh pandhawa lima, trotoar meniko ketingal saking pembatas dalan ingkang lorek-lorek ireng putih wonen pinggir dalan.
wonten jogja pancen kathah sanget dinding tembok pinggir dalan ingkang dipun lukis , nek boten klentu jenenge seni graffiti, lan gambare macem2, wonten ingkang sindiran2, pelestarian lingkungan, lan wonten ngajeng masjid suhada jogja, gambar suasana ramadhan, pas ramadhan wonten mriku dianakake lomba grafitti….apik lan kreatif..drpd coretan2 ingkang aneh2 lan ngrusak pandangan ngagem pilox kados tulisan QZRH…:]
Januari 9, 2008 pada 7:05 am
mtamim
Inggih. Cethanipun pancen mekaten. Iklan menika ningalaken ibu-ibu mbeta wakul lan ing wingkingipun wonten grafiti utawi mural wayang. Konsepipun kadose iklan menika wonten ing kesan kados-kados antawis ibu-ibu lan mural menika dados satunggal momen (2 momen dados 1). Nanging menawi kula gatosaken langkung unik ingkang Versi Tukang Becak..
kadosipun wonten cerak Beringharjo wingking inggih wonten mural ingkang radi unik, nanging dereng sempat mendet gambaripun.
O inggih dados kemutan, jaman rumiyin menika malah kathah sanget niku coretan-coretan kados QZR lan JXZ wonten pundi-pundi papan (jaman kathah geng-geng lan tawuran). Ingkang sempat wonten ing Jogja awal-awal 90-an mbok menawi mangertos babakan menika..
Alhamdulillah sak menika sampun mboten wonten..
Januari 9, 2008 pada 7:31 am
omietha
Tahun 2002-an inggih taksih wonten tulisan kados QZRH…sanjange rencang2 niku kepanjangan saking Qizruh (=kisruh)…..kisruh nggih artinipun kirang luwih awut2an, geger lan sakrencange…kisruh kok bangga?
Januari 9, 2008 pada 8:10 am
mtamim
inggih, QZR niku arane salah satunggaling geng, Qizruh. Geng liyanipun ingkang langkung ageng aranipun JXZ (Joxzin=joko zinting). Lha riyin kathah tawuran, bacok-bacokan lsp. Inggih mirisaken. Mungkin kados geng motor menawi wonten ing Bandung.
Riyin, menawi nembe rame-rame suasana ‘panas’, menawi dalu mboten wantun tindak mergi. Nate wonten rencang ingkang boten mangertos nopo-nopo, ujug-ujug dipun tusuk senjata tajam..
Riyin, atribut kados coretan pilox inggih kathah sanget.. Nanging sak menika alhamdulillah sampun dipun gantos kaliyan mural