Pas Nalika lagi blogwalking (maca-maca blog ana ing internet), tanpa sengaja nemu blog sing isine ono film kartun (
http://thekampretshow.blogspot.com).
Ora ngira sak durunge, jebul kartun ini nganggo basa Jawa. Kartun iki lucu temen, basa Jawa-ne kanthi logat Jawa Timuran kenthel. Kanca-kanca bisa nonton salah sawijining kartun iki ono kene.
Sak liyane kartun kasebut mau, isih ono uga kartun-kartun liya ono kene.
Iki salah sawijine, judule Grammar.. (Isih Jawa-timuran, cak!)
Coba digateake, tombol tilpune nganti ono 16!! hahaha
Lan ojo kaget yen krungu akeh pisuhan khas suroboyoan… ![]()
Malah, saben pisuhan lan guneman ‘atos’ ono poine(lha piye to..).
Jebul ono bagian mburi disebutake:
Meskipun “grammar” dan nada bicaranya agak keras, tapi survey membuktikan sembilan dari sepuluh orang Surabaya berhati mulia. Insya Allah… Sumber: Harian Kempas
(Dont Look Surabaya just from the grammar…)
Arek-arek Jawa Timur jebul uga padha kreatif.
(Wah, mbayangke ana kartun Jogja crita jaman perjuangan nganggo basa sandi basa walikan, mesti lucu poll
)



3 comments
Comments feed for this article
Januari 13, 2008 pada 10:42 am
mtamim
@willy matur nuwun kersa pinarak
@bachtiar
matur nuwun.Ngapak inggih sami taksih basa Jawi ta?Hehehe
Sumangga menawi bade pasang banneripun
Mei 3, 2008 pada 7:40 am
tutik
matur nuwun sampun ngginakaken basa jawi
Mei 21, 2008 pada 6:32 am
nuryanto
mas kirimi aku kartun animasi sing judul grammar wak apik tenan kuwi mas, tak tunggu ya mas,