Wonten ing tradisi Jawa ungkul, dinten lahir, utawi weton, nggadahi makna ingkang wigati. Weton biasanipun dipun pitadosi gadah pengaruh dumateng sifat-sifat menungsa. Weton sampun kados dados horoskopipun masyarakat Jawa, kados dene Hong Sui wonten masyarakat Cina. Sakmenika panjenengan saged pados weton panjenengan piyambak kanthi gampil ngginakaken software, contonipun saged dipun akses wonten website niki. Cekap kanthi sumadya tanggal lahir. Wonten website menika ugi saged ningali sifat-sifat saking weton panjenengan.
Sinaoso tradisi weton menika sampun dangu dados kepercayaanipun masyarakat Jawa, kanggening tiyang ingkang beriman kepercayaan kados menika sampun ngantos nglunturi marang akidah, amargi babakan takdir menika sampun dados kuasanipun Gusti. Inggih menika dados wawasan utawi ‘hiburan’ kemawon ampun ngantos dados keyakinan.
Kanggo kanca-kanca, hayoo weton-mu apa lan sifatmu kepiye? Bener opo ora?


17 comments
Comments feed for this article
Desember 10, 2007 pada 7:38 am
yu-citro
Wah, sae mas, dalem nderek maos nggih, nguri-uri boso jawi….
Desember 10, 2007 pada 9:46 am
Dee
Meniko sifat kulo miturut weton kulo, hehehe:
“Mereka yang lahir di hari Minggu Wage konon bersifat pemurah dan mudah menaruh iba. Mereka tahu cara-cara untuk menghibur orang yang sedang menderita. Mereka merupakan pekerja keras pula. Akan tetapi, mereka terkadang terlalu teguh dalam pendirian — bahkan sangat keras kepala! Meskipun mereka pandai menenangkan perasaan orang lain, mereka tidak akan menunjukkan perasaan mereka sendiri dengan mudah. Mungkinkah hal ini merupakan pengendalian emosi dari diplomat, doktor UGD, atau pemadam kebakaran, atau justru kewaspadaan yang berlebihan terhadap kemungkinan disakiti oleh orang-orang yang telah mereka percayai? Mereka sendiri yang harus menjawab pertanyaan ini.”
yu citro, menopo taksih mande gudeg?
Desember 13, 2007 pada 11:29 am
Pemadam Kebakaran, Karir Baruku? « nglegeno
[...] Ditulis pada Desember 13, 2007 oleh Dee Iseng-iseng berkunjung ke sini, atas saran dari sini. Mau tau [...]
Desember 16, 2007 pada 10:24 pm
Eko Sudjarwo
Hai mas, sae sanget konsep blog meniko. Kulo remen sanget, soale dereng wonten kathah blog ingkang ngginak’aken boso Jawi. Kulo nggih nggadah blog boso Jawi. Monggo di pirsani teng mriki http://sambungroso.blogspot.com utawi teng mriki http://jogja-inside.blogspot.com. Matur nembah nuwun..
Desember 19, 2007 pada 7:17 pm
sitijenang
kula nuwun,
badhe ndherek ngangsu kawruh.
Desember 20, 2007 pada 8:01 am
duljoni
Whah..menawi miturut web meniko,sifat kulo dados :
“Pada dasarnya, anda adalah pembicara yang menyenangkan dengan cita-cita tinggi dan hati yang jujur. Apalah artinya jika anda bersikap sedikit boros! Anda bakal memperoleh banyak poin dari mereka yang ingin melihat anda berhasil — bahkan jika anda tidak selalu memanjakan mereka. Anda kelihatan begitu mudah dimanfaatkan sehingga orang tidak akan menyangka bahwa anda akan mampu bersikap gigih (baca: keras kepala?) atau menduga betapa ganasnya anda bila sedang mengalami hari yang menjengkelkan!”
Lha niki wonten web sanesipun inggih meniko http://www.sekarjagad.org ingkang linuwih lengkap lho. Menawi miturut web niki, sifat kulo dados :
1. Dino : Jemuwah
Enerjik mengagumkan.
2. Pasaran : Pahing
Selalu ingin memiliki (barang), kesungguhannya penuh perhitungan untuk mendapatkan untung, suka menolong, mandiri, kuat lapar, banyak musuhnya, kalau tersinggung menakutkan marahnya, suka kebersihan.
Sering kena tipu dan kalau kehilangan jarang bisa menemukan kembali.
3. Padewan : Indra
Berbakat menjadi cendekiawan/intelektual, sombong, teliti.
4. Sadwara : Mawulu
( Benih ) Was - was dan curiga.
5. Padangon : Gigis
( Tanah - Bumi ) Berhati longgar, pamomong, sabar.
6. Pancasuda : Tunggak Semi
Rejekinya selalu ada, akan habis tetapi mendapatkan lagi.
7. Rakam : Mantri Sinaroja
Memperoleh kemuliaan, mampu menjalankan tugas, angkuh.
8. Paarasan : Lakuning Srengenge
Sentosa, berwibawa, menghidupi, menerangi
Pangapunten, wonten ingkang cocok mboten kaleh kasunyatanipun
( sekedhik mbok menawi..he..he )
Desember 22, 2007 pada 4:58 am
wednes mandra
sakmenika kagungan kula..
Anda menghormati tata krama dan berpegang teguh pada falsafah hidup anda. Kejujuran adalah salah satu prioritas anda, sehingga anda membenci ketidakadilan. Anda sangat setia terhadap teman tercinta anda yang sangat banyak. Anda dikagumi oleh banyak orang karena kata-kata anda yang bijaksana. Lantas, apa gunanya selalu ingin mencampuri urusan orang lain?
kula rebo legi..
sampun nggih..
blog menika sae, saged nglestarekaken kabudayan jawi. mak nyuss
Januari 22, 2008 pada 8:06 am
atik
anak kulo lahir tanggal 31 juli 2007 dino seloso wage. Kulo jenegi Ridwan aji sasminta. Kados pundi weton lan sifatipun ?
Januari 24, 2008 pada 2:09 am
Tamim
Sanjange primbon mekaten:
“Anda tidak suka membesar-besarkan diri. Bahkan, anda lebih sering mengalah kepada orang yang lebih cerewet daripada mempersoalkan hal-hal yang remeh. Meskipun demikian, anda bersemangat baja. Beberapa orang mungkin mengatakan anda sedikit kaku. Namun, ada pula yang akan menganggap anda teramat ndableg. Di samping itu, andaikata anda merasa terancam, ego anda yang sensitif akan sangat mudah terusik sehingga anda cenderung bersikap cemburu. Meski demikian, terkadang lawan-lawan anda pun akan mengagumi nafsu anda yang besar akan ilmu pengetahuan dan tekad kuat yang memungkinkan anda menelaah secara mendalam hal-hal yang menarik perhatian anda. Bila keadaan mulai memburuk anda akan tetap bertahan.”
halah, kok malah dados konsultasi nasib
Menika namung kangge wawasan mawon nggih? ampun dipenggalih sanget-sanget…
Maret 19, 2008 pada 1:02 pm
@NET
WETON di dapat tidak dengan sembarangan,para sesepuh jaman dulu mengamati,melihat secara terus menerus dan mencatat dari generasi ke generasi baru bisa menyimpulkan dan memberi nama -nama tentang weton .para sesepuh bukanlah orang sembarangan mereka adalah orang 2 yang di berikan kelebihan semacam hidayah(bukan wahyu)oleh sang pencipta.dimana
April 20, 2008 pada 4:55 am
sri utami
saya sri utami lahir hari selasa tgl 06 maret 1990,bgaimana watak saya?
Mei 27, 2008 pada 2:17 pm
eka dediyanta
saya eka dediyanta hari rabo tgl 5 maret 1986, bagaimana watak saya
Juni 6, 2008 pada 7:17 pm
ari supriadi
sifat
Juni 24, 2008 pada 6:02 am
GRENDEL
PANCASUDA RAKAM lan PAARASAN
Pancasuda Rakam lan Paarasan iku warna-warnaning candran kang mengku watak kanggo metungi olo-beciking dina lan pasaran miturut neptune. Dene kang diarani neptu iku petungan wataking dina lan pasaran.
Pancasuda tegese watak pepitu utawa watak warna pitu kang dinapur candran. Urut2ane kayata iki:
1. Wasesa Segara watake Sugih Pangapura
2. Tunggak Semi watake Rejekine Mintir
3. Satriya Sinaba watake Gampang Entuk Kaluhuran utawa Pangkat
4. Sumur Sinaba watake Dadi Pangangsone Wong Akeh Marga Sugih Kapinteran
5. Satriya Wirang watake Sok-sok Kataman ing Cela lan Kawirangan
6. Bumi Kapetak watake Lelabuhane lan Beciking Wewatakane sok Kesilep Ora Katon
7. Lebu Katiup ing Angin watake Ora Tetep lan Kerep Nemu Lelakon Ora Kepenak
Juni 24, 2008 pada 6:21 am
GRENDEL
RAKAM tegese watak nenem utawa watak warna nenem. Urut2ane mangkene miturut arane lan watake:
1. Kala Tinantang watake Brangasan
2. Demang Kanduruwan watake Lila ing Donya
3. Sanggar Waringin watake Turune Sok Dadi Gede
4. Mantri Sinarojo watake Bisa Ngemong Konco
5. Macan Katawan watake Sok Cidro ing Uboyo
6. Nuju Pati watake Sabarang Ora Dadi
Paarasan tegese watak sepuluh utawa watak warna sepuluh. Urut2ane mangkene miturut arane lan watake:
1. Aras Tuding watake Kerep Dadi Utusaning Negara
2. Aras Kembang watake Gampang Entuk Sihing Liyan
3. Lakuning Lintang watake Kerep Ngalih Omah
4. Lakuning Rembulan watake Tansah Ngresepake
5. Lakuning Srengenge watake Kerep entuk Pangalembana
6. Lakuning Banyu watake Teguh Budine
7. Lakuning Bumi watake Welasan Marang Sepada-pada
8. Lakuning Geni watake Ora marang Beboyo
9. Lakuning Angin watake Bisa Madangake Pikiring Liyan
10. Aras Pepet watake Karepe Arang2 bisa Keturutan
Juni 24, 2008 pada 6:49 am
GRENDEL
Dene pengetunge dicocokake karo neptune dina lan pasaran. Mula sing kudu di weruhi disek neptune dina lan pasaran mau. Petungan neptu kayata mangkene:
1. Ahad = 5
2. Senin = 4
3. Selasa = 3
4. Rabu = 7
5. Kamis = 8
6. Jum’at = 6
7. Sabtu = 9
Miturut pasaran :
1. Pahing = 9
2. Pon = 7
3. Wage = 4
4. Kliwon = 8
5. Legi = 5
Nek goleki wataking dina manut petungan Pancasuda carane mangkene : Ahad neptune 5 Paing 9 dadi dina Ahad Pahing neptune 5 lan 9 dadi 14, Angka 14 iku di poro 7 Nek ceples tiba Pancasuda No. 7 : Lebu Katiup Angin
Nek goleki petungan dina manut Rakam gunggunge neptu dina lan pasaran di para 6 umpomo Ahad Pahing gunggunge neptu ono 14. Angka 14 di poro 6 malang 2 Dadi dina Ahad Pahing iku tiba petungan Rakam Nomer 2 utawa Demang Kanduruwan. Nek goleki petungan dina manut Paarasan gunggunge neptu lan pasaran di para 10 umpama dina Ahad Pahing neptune 14 di poro 10 turah 4 yaiku Lakuning Rembulan.
Juni 24, 2008 pada 5:34 pm
Arie Kamal
Kulo kahiripun dinten seloso pahing kulo di paringi asmo sumarno. Pripun watak lan sifat kulo..? Kulo pengen mangertos pak dee…