Jaman rumiyin, rikala sumber pangan taksih dereng kados jaman sakmenika, kathah tetuwuhan lan umbi-umbian ingkang dipun dadosaken daharan lan cemilan. Wonten dusun-dusun, jaman rumiyin asring dipun panggihi umbi-umbian kados garut, bili, uwi lan sanes-sanesipun. Jaman kula alit, riyin taksih manggihi umbi-umbian menika, utaminipun dados daharanipun para sepuh. Sak menika umbi-umbian punika sampun jarang. Paling-paling ingkang taksih kathah dikonsumsi namung ketela.
Wonten Hanoi, Vietnam, kula mboten sengaja kepanggih ibu-ibu ingkang sadean woh-wohan lan umbi-umbian lan salah satunggaling ibu menika sadean garut, bili, uwi, lan tela rambat!
Wah, jebul umbi-umbian menika ugi wonten ing Vietnam…



8 comments
Comments feed for this article
Desember 27, 2007 pada 10:08 am
yusthatitik
naliko kuliah, kulo disuwun madosaken gembili kaliyan rencang ingkang kuliah wonten jurusan tata boga, nanging kulo matur menawi kulo mboten saget madosaken amargi sibuk. Padahal sejatosipun kulo mboten saget madosaken amarga kulo mboten ngertos ingkang naminipun gembili punika ingkang kados punapa.. :p
Desember 28, 2007 pada 3:29 am
nurussadad
gembili ten deso kulo, sakniki sampun langka sanget… Padahal niku enak kangge camilan pas udan2.
Januari 30, 2008 pada 2:21 am
Dee
Walah, dadi kelingan jaman mbiyen. Ono maneh ing kampungku, arane suweg. Meh podho karo mbili. Jan-jane, kandungan karbohidrate yo ora kalah karo beras, ananging piye maneh, dening pemerintah digambarake yen isih mangan telo, mbili, suweg, nggarut iku pratondo yen isih pra-sejahtera. Wong yen wis urip sejahtera yo mung mangan sego. Akhire wong-wong podho isin mangan uwi, terus saiki malah dadi barang longko. Babagan garut, ing kampungku (Cawan, Argodadi, Sedayu, Bantul), ono ingkang ngrintis ndadekake komoditas andalan awujud emping garut. Masalahe yo bab bahan baku, amargo wis ora akeh wong kang nandur garut, sajake wis dho ganti nandur anthurium
Januari 30, 2008 pada 4:50 am
mtamim
Kula nate ngraosaken emping garut menika, pak dee. jebul nggih eco lan gurih. malah langkung eco saking emping mlinjo. nanging pados emping garut menika radi susah. ngantos sak menika dereng kepanggih malih..
lha stereotip menawi nedi suweg, gembili, lsp menika pratanda masyarakat ingkang pra-sejahtera menika inggih mboten pati pener. Lha sejatosipun menika potensi pangan ugi. sak menika sami isin nandur lan nedi umbi-umbian menika.
Mei 14, 2008 pada 2:50 pm
Jokomoelyo
Sakngertos kulo gembili puniko rencangipun kimpul,lerut,lan sapanunggalipun. Werninipun soklat enem menawi mboten lepat.
Mei 15, 2008 pada 7:13 am
widarso
menawi wonten kutho pados gembili, telo alu uwi gampil kok. Kulo saben ndinten lewat sacelakipun prapatan Gaplek , Pamulang kathah sanget
Mei 15, 2008 pada 6:01 pm
Aris W
kulo nembe mawon wangsul dateng kampung kulo, anamung sampun longko bab gembili, uwi lan suweg rumiyen panci kange daharan mbedinten sak puniko sampun susah dipun padosi, punopo malih kulo sak puniko gesang wonten kalimantan, umbi-umbian kados mekaten wau mboten wonten.
Juni 24, 2008 pada 4:52 pm
Arie Kamal
Pak dee kados gembili uwi meniko emang uecone sanget tp sak niki rodo susah ngularanipun.wonten tapi inggih jarang sanget kulo sampun kangen kaleh jados ngoteniku