Ibu, ingkang sampun ngandut kulo, ingkang ambabaraken kulo kanthi rekaos, ingkang sampun nglantaraken kulo ngantos dumugi ageng, mandiri kados sakmeniko. Ibu ingkang tresno kalian putra-putranipun ngagem caranipun piyambak. Ibu sanes tiyang ingkang kalem, sabar, utawi lembut. Ibu kulo punika tiyang ingkang galak, sregep, nanging alit atinipun. Dados asring menawi wonten ingkang nrenyuhaken ibu kulo namung saget nangis. Ibu ugi tiyang ingkang tertutup. Arang crios kaliyan putra-putra nopo ingkang dados penggalihipun, namung dateng bapak ibu saget crios.
Ibu tasih alit nalika emah-emah kaliyan bapak. Seg 17 th kala semanten. Gadhah garwa bapak punika kabegjan piyambak kagem ibu. Tresno ingkang mboten dimangertosi kaliyan ibu, ibu caosaken dateng bapak. Nopo ingkang bapak paringi, ibu tampi. Nopo ingkang bapak suwun ibu caosi. Sinten ingkang ngerstosi nopo ingkang dados dalane gesang. Sinten ingkang mangertosi menawi ing tengahing bungah, bapak kedah tindak ninggalaken ibu piyambakan momong 3 lare ingkang tasih alit-alit. Nanging kolo semanten ibu tansah sabar nenggo bapak kondur. Kulo nate tanglet kaliyan ibu: ibu kenging nopo mboten menikah malih wekdal niku? Ibu namung ngendiko: “Ibu eman lan melas karo bapakmu”. Punika ingkang dados ungkapaning raos tresno ibu dateng bapak. Ibu ngendiko mekaten nalika ibu gerah lan sampun mboten saget mlampah. Crios kalih mbrebes mili amargi kemutan wekdal semanten.
Sakbibar bapak kondur, ibu lan bapak milai urip saking nol. Dodos bakul titih (jenang jagung). Menawi sonten mbebek jagung ngagem lumpang lan alu. Mbenjang enjang dipun ideraken. Namung cekap kagem sedinten. Mekaten teras saben dinten. Ngantos dumugi wanci bapak saget nderek buruh bangunan lan ibu nderek njait wonten pecinan. Kolo semanten ekonomi sampun radi lumayan. Saben sabtu bapak saget numbasaken susu kagem lare-lare. Lajeng bapak diparingi sabin kaliyan simbah. Bapak mboten gadhah pengalaman ngolah sabin. Ibu ingkang lare petani ingkang nderek ngolah sabin. Sekedik-sekedik bapak saget. Saben enjing bapak tindak sabin. Mangke jam 9 bapak kondur sarapan. Ibu asring nderek dateng sabin. Nderek matun, tandur, utawi derep. Malah asring nderek derep wonten sabin tiyang lan angsal bawon gabah saknyangking. Punika ingkang dados keseharian bapak lan ibu. Mangke menawi panen, bapak ingkang mbeto wonten peken diboncengaken wonten pit, ibu nyurung saking wingking lan wonten peken dipun sade kaliyan ibu. Menawi panenan polowijo, subuh-subuh bapak lan ibu sampun tindak peken. Saking mriku bapak lan ibu saget nyekolahaken 5 putra ngantos SLTA lan 1 ngantos sarjana (inggih kulo piyambak). Bapak asring ngendiko: “Bapak namung biso nyangoni kepinteran, dene bondo goleko dewe-dewe. Bapak mung biso nyekolahke nganti SLTA, dene arep sarjana sekolaho dewe.” Sakmeniko sampun 3 ingkang sarjana, 1 D3, lan 1 taksih nglajengaken S2.
Ibu gadhah sakit hipertensi. Ngunjuk obat pinten-pinten taun. Sampun pijet wonten pundi-pundi, berobat nggih wonten dokter spesialis saraf. Ibu nate angsal serangan stroke sepindah, nanging saget mantun. Lajeng serangan stroke ingkang kaping kalih njalari ibu lumpuk awak sisih kiwo. Ibu mboten saget mlampah piyambak, mboten saget nopo-nopo piyambak. Bapak ingkang ngrawat ibu kanthi sabar lan gemati. Kadangkolo ibu manja kados lare alit, nanging bapak saget mangertosi sanget bilih ibu punika gerah lan bapak ngladosi ibu kanthi tlaten. Kulo mbrebes mili menawi kemutan. Enjing2 bapak ingkang makpungi ibu, mangke ibu sikat gigi piyambak lan sabunan piyambak, bapak namung nguyur toyanipun. Nggantosi ageman, nyisiri, lsp. Kulo taksih kuliah wonten Jogja kolo semanten. Mbak ingkang wonten dalem sampun budhal nyambut damel nalika ibu wungu. Mangke ibu lenggah wonten ngajeng mriksani kendaraan sliwar-sliwer wonten ratan. Bapak wonten sisihipun nyriosi babagan ingkang ndamel ibu bungah. Kagem semangat gesang, bapak asring ngendiko bilih usia pernikahan bapak lan ibu sampun badhe ngancik 50 tahun utawi kawin emas. Sampun mbayangaken mbenjang menawi kawin emas badhe ngawontenaken syukuran. Nanging dereng ngantos dugi wancinipun, ibu angsal serangan stroke ingkang kaping tigo. Lan ibu opname wonten nggriyo sakit. Sedinten setunggal dalu ibu mboten wungu. Bapak wonten sisihipun ibu. Lare-lare ugi neggo ibu, maringi pandonga lan maringi semangat kagem ibu. Nanging ibu sampun kedah wangsul. Naliko sakaratul maut, bapak nyedak wonten sisihipun ibu lan ngendiko: “Bapak tresno karo siro to Su. Wis 48 tahun bareng-bareng ora tau padu to Su. REkoso bareng, seneng bareng. Saiki bocah-bocah wis podho mentas kabeh. Siro sing dadi ibu wis berhasil. Siro nek arep kondur wis padhang dalane.” Sakbibar bapak ngendiko ngoten, ibu kondur. Punika mboten saget kulo laleaken. Kulo mangertosi sanget bilih bapak lan ibu nggadahi tresno ingkang sejati. Ibu nenggo bapak ngendiko sakderengipun ibu kondur…
Mbenjang tgl 31 desember 2007 inggih kawin emasipun bapak lan ibu. Kulo bangga nggadahi tiyang sepuh kados bapak lan ibu. Kulo kepingin menawi mbenjang bebrayan, kulo nggadahi brayan ingkang tentrem lan tresno ingkang sejati.
Ibu, ibu bintang kagem kulo. Awan lan ndalu ibu wonten madangi kulo. Kulo sinau saking katresnan sejati bapak lan ibu. Sugeng gesang langgeng wonten ing sisihipun Gusti, Ibu…



7 comments
Comments feed for this article
Desember 29, 2007 pada 9:26 am
mtamim
Ihiks..Melu terharu..
Leres sanget. Ibu menika tresnanipun kados srengenge. Tresna ingkang sederhana hananging abadi lan mboten pamrih..
Desember 30, 2007 pada 9:18 am
mtamim
Tambahan.. Nderek ngucapaken selamat mengeti pernikahan emasipun..
Mugi katresnan ugi tansah lumeber marang kita sedaya
Januari 2, 2008 pada 2:32 am
yusthatitik
matur sembah nuwun…
Sedoyo dalan gesang saget kito pundhut hikmah kangge sangu gesang ingkang samangke…
Sugeng warsa enggal 2008.
Januari 2, 2008 pada 3:05 am
mtamim
inggih. kula terharu bilih kathah perjuangan para sepuh menika
(ingkang nyerat nggih kanthi mbrebes mili nggih? hehehe)
sugeng warsa enggal kangge sedaya mawon
September 8, 2008 pada 6:50 am
Mazwar
Subhanallah,
sampun leres sadaya wau mbukteaken bilih yekti Katresnan Ibu meniko tan wonten watesipun,
Ingkang wonten namung tembung tansah maringi tan melik piwales.
Monggo sesarengan tansah mulyaaken kalenggahan Ibu
April 29, 2009 pada 12:21 am
pebruari
wuaduuh… bhsane alus2 temen,ra ngrti nyong…
Juni 15, 2009 pada 4:45 am
katresnan sejati « celoteh kecil….
[...] ingat pernah menulis tentang cinta ibu dan ayah di blog sebelah. Judulya katresnan sejati. Kubaca lagi dan aku mrebes mili… Kubagikan buat temen-temen ya apa yang pernah kutulis dulu [...]