Wau dalu nalika tilem kulo ngimpi rencang kulo emah-emah. Kadosipun sewengi niku kulo namung ngimpi bab punika. Criosipun dangu lan nrenyuhi.
Wau enjang naliko tangi kulo seg ngertosi bilih kala wau namung ngimpi. Kulo lanjeng kirim pesen cekak mawi hp, crios dateng rencang kulo ingkang kulo impeaken. Rencang kulo lajeng mbales lan crios bilih wonten jawi ngimpi emah-emah niku pratanda mboten apik. Radi deg-degan sakwetawis, nanging kulo lajeng kemutan bilih Gusti maringi pratanda mboten namung sepindah.
Nalika jaman pari nabi, nabi Yusuf angsal pratanda saking Gusti mawi ngimpi. Ngimpi menawi nabi Yusuf lan sedulur-seduluripun ngiket gandum. Gandum kagunganipun Yusuf ngadeg jejeg, lan gandumipun sedulur-sedulur sami sujud nyembah gandum Yusuf. Ngimpi ingkang kaping kalih ketingal srengenge, wulan, lan 11 bintang sujud nyembah Yusuf ngantos ngambung lemah. Ngimpinipun nabi Yusuf punika nggadahi teges ingkang sami. Ngimpi nabi Yusuf punika pratanda/sasmita saking Gusti. Gusti maringi ngimpi ping kalih supados nabi Yusuf mangertosi bilih punika pratanda saking Gusti.
Kanthi lampah ingkang rekaos lan wekdal ingkang dangu, impenipun nabi Yusuf dados kasunyatan. Nabi Yusuf dados raja wonten ing negeri Mesir. Punika inggih jalaran nabi Yusuf saget tanggap ing sasmita ingkang Gusti paringaken dateng raja Firaun. Kala semanten raja Firaun ngimpi wonten 7 sapi ingkang lemu-lemu taksih nggayem suket wonten pinggir kali Nil. Lajeng wonten 7 sapi ingkang kuru-kuru medal saking kali Nil. Sapi ingkang kuru punika mangan sapi ingkang lemu-lemu. Sakbibar ngimpi punika raja Firaun wungu. Nalika sare malih, raja ngimpi bilih wonten 7 gandum ingkang sae, lajeng tuwuh ugi gandum ingkang kuru-kurulan gabug. Gandum ingkang gabug mangan gandum ingkang sae ngantos telas. Yusuf kanthi pitulungan Gusti saget maringi teges dateng impenipun raja Firaun. Impen raja punika pratanda saking Gusti bilih badhe wonten kemakmuran dangunipun 7 taun. Nanging sakbibar niku badhe wonten kelaparan dangunipun 7 taun.
Kanthi bab niku nabi Yusuf diangkat dados panguwasa wonten ing Mesir. Pratanda ingkang diparingaken Gusti miyos impen raja Firaun dados kasunyatan. Lajeng impen nabi Yusuf ugi dados kasunyatan. Bapak, Ibu, lan sedulur-seduluripun sujud nyembah Yusuf nalika kelaparan dipun raosaken wonten negrinipun.
Punika impen ingkang dados pratanda. Nanging nopo saben impen punika pratanda? Nopo namung kembange sare? Wonten ingkang ngendika bilih ngimpi niku soal kejiwaan. Nopo ingkang kita pikir lajeng mendep wonten ing ‘alam bawah sadar’ kita, mbenjang nopo kapan, ‘alam bawah sadar’ niku badhe njedul lewat ngimpi.
Bab impen kulo wau dalu, nopo niku pratanda nopo namung ‘alam bawah sadar’ ingkang njedul kulo dereng mangertosi. Menawi pratanda, mugi pratanda ingkang becik. Rencang kulo punika mugi cepet emah-emah kaliyan tiyang ingkang dipun tresnani.. ![]()


5 comments
Comments feed for this article
Januari 4, 2008 pada 10:49 am
nurussadad
katah ingkang gawe mimpi dados kanggo mbedek togel, nanging Poro Nabi mimpine niku bener gih..
Januari 7, 2008 pada 6:11 am
mtamim
ngimpi, dipun wastani ugi ‘kembange wong turu’. kathahipun inggih ungkapan alam bawah sadar. kajawi ngimpinipun para nabi.
Kita ngimpi asring saking cerminan keseharian ingkang kabeta wonten penggalih. asringipiun mboten wonten wonten gandeng ceneng kaliyan kasunyatan napa-napa.
Januari 7, 2008 pada 6:13 am
mtamim
…Yusuf nalika kelaparan…
kok mboten kaluwen kemawon ta? ujare tiyang sepuh punika bilih impen ingkang saget dipun eling-eling dangu wonten tegesipun. bilih gampil ical saking pikir kita naming kembanging wong turu. lha jarenipun makaten.
(nyuwun sewu, kadosipun komentar wordpress-ipun nembe masalah. komentar pak sitijeneng kula papakaken mriki)
Januari 9, 2008 pada 2:49 am
sigid
Tiyang jawi wonten ingkang pitados dumatheng impen ingkang kaperang manut wekdalipun dados: titiyoni, gandayoni lan puspa tajem.
Namung menawi kulo piyambak mboten nate nggagas impen, namung ngganggep bilih impen menika “kembanging tiyang tilem”.
Kados ngendikanipun panjenengan :
Miturut penggalih kulo ugi mekaten.
Maret 18, 2008 pada 7:37 am
Nr.Wahyudi
Sok sinten kemawon pranyoto saged ngimpi. ngimpi ugi saged dados pratondo lare jumangkah dados “akil baligh” :D. btw, impen ingkang saged dipunwastani pratondo nggih puniko impen ingkang kaparingaken dumateng sok sinteno ingkang gadhah ati lan tumindak ingkang sae…. kados nabi utawi rosul.
===nyuwun pangapunten boso jowonipun taksih kacau===