Ten desa kawula, Desa Pucangan, wonten namine perangkat Dusun inang sakniki tesih wonten asmanipun namung fungsine sampun malih…
Perangkatipun yoiku :
- Polo Uceng : tugasipun ngurusi irigasi dusun
- Kamituwo : niki kepala dusun
- Modin : tugasipun ngurusi masalah kerohanian dusun
- Bayan : tugasipun wenehi pengumuman dateng warga, nek wonten acara desa
- Jogoboyo : niki ngurusi keamanan desa, biasane paling sakti..
Nanging niku ten desa kulo sing tesih wonten, sinten ingkang purun nambahi…?



7 comments
Comments feed for this article
Januari 29, 2008 pada 8:41 am
Tamim
menawi daerah kula, menawi mboten klentu, petugas irigasi dipun wastani ulu-ulu. Nanging sak menika perangkat ulu-ulu lan jagabaya sampun boten wonten
Januari 30, 2008 pada 2:24 am
Dee
Sami mas Tamim, wonten ing dusun kulo inggih dipun wastani ulu-ulu. Ananging sakmeniko sampun mboten dipun lestantunaken, dipun gantos ngagem istilah nasional kados denten kepala urusan kesra, kepala urusan pembangunan, sekretaris desa lan sakpanunggalanipun
Februari 18, 2008 pada 11:12 am
j4w4
Ing pantura sinebut “ladhu”
Maret 31, 2008 pada 11:39 am
Paman Tyo
Wah manawi polo uceng kula nembe mireng sapunika. suwun.
April 4, 2008 pada 2:49 am
mashanafi
polo uceng? nembe ngertos malahan… wonten panggenan kulo nggih ulu-ulu
Mei 5, 2008 pada 6:42 am
atmo glendem
sami mas, wonten ndeso kulo inggih taksih wonten,
bayan, kamituwo, carik, jogoboyo, lan sambong
menawi sambong tugasipun ngurusi babagan mbagi banyu utawi toya kangge pesawahan, lha nek polo uceng, kulo nembe mireng niku?
Oktober 30, 2008 pada 7:57 am
gunarso
inggih kulo nembe mireng polo uceng niku, ten deso kulo diwastani ulu-ulu utawi jagatirta
ten ndeso kulo rumiyin
lurah = kepala desa (membawahi beberapa dusun/dukuh)
kamituwo = kepala dukuh/dusun/sesepuh dusun/dukuh
carik = sekretaris desa/wakil lurah
bayan = seksi informasi desa
jagabaya = seksi keamanan desa=kaur keamanan
jagatirta/ulu-ulu = seksi pengairan desa=kaur pengairan
modin = seksi kerohanian desa=kaur kesra
RT/RW niku dikenalaken wektu jaman jepang
NB
lha perkawis modin meniko saking basa arab “muadzin”
berhubung lathi jawa “muadzin” raosipun kok angel dados “modin” mawon
lurah puniko saking tembung kuna ingkang artosipun sami kaliyan
the boss/the captain/the chief
dados
Kepala gerombolan rampok nggih diwastani Ki Lurah
kapten kapal jaman kuna nggih diwastani Ki Lurah
Lha Carik niku memper kaliyan Lieutenant/wakili-pun Captain