Jaman kula alit rumiyin wonten salah satunggaling cemilan ingkang populer kangge lare-lare ingkang sakmenika kadosipun sampun awis, inggih menika godril. Godril menika wiji saking woh trembesi utawi munggur (samanea saman). Sanadyan namung camilan sederhana, kangge nedi godril menika nggadahi perjuangan ingkang awrat, saking pados dumugi nedinipun piyambak.
Woh godril menika wujudipun lonjoran item kanthi wit ingkang inggil. Kembangipun warni gradasi pethak lan abrit ingkang peni. Woh godril saged gogrok saking wit menawi sampun tuwa lan biasanipun gogrog menawi wonten angin. Menawi musim godril biasanipun lare-lare (kula lan rencang-rencang) nengga wonten ngandap wit trembesi menika, nengga angin ingkang nggogrogaken woh godril.
Kadangkala lare-lare nembangaken tetembangan kangge nimbali angin (sayang kula sampun kesupen tembangipun
). Menawi wonten angin lan woh godril sami dawah, rencang-rencang sami kompetisi rebutan woh menika. Sanadyan sami rebutan hananging mboten ngantos kedadosan wonten cecongkrahan. Wonten ingkang angsal kathah lan sekedik sampun biasa, rejekinipun sampun piyambak-piyambak.

Woh godril menika dipun pepe rumiyin supados garing, amargi menawi dereng garing radi awrat anggenipun mecah utawi nggepuk kangge mendet wijinipun, amargi dagingipun lengket. Menawi sampun garing woh godril digepuk ngangge selo/watu (biasanipun watu kali). Wiji godril dipendet lan dipepe malih supados wijinipun garing. Menawi wiji sampun garing lajeng digoreng gongso utawi goreng tanpa minyak. Amargi nggoreng menika radi awrat kangge lare, biasanipun dipun gorengaken kaliyan ibu/emakipun.
Godril ingkang sampun mateng lajeng saged dipun beta menawi sekolah utawi menawi dolanan. Asring godril menika dipun nedi sesarengan kanthi guyub rukun.
Mboten kados kwaci ingkang kulitipun tipis, wiji godril menika nggadahi kulit ingkang kandel lan atos, kedah digeged kanthi kiyat supados saged pecah. Godril gadah raos ingkang khas, sahingga mboten rugi perjuangan kangge angsal cemilan menika.

Hananging wonten salah satunggalipiun efek samping nedi godril menika, ingging menika mambetipun “gas buang” hasil pengolahan godril menika sanget spektakuler…
ngungkuli mambetipun jengkol sahinggo sering kangge goyon lan garap-garapan…
Godril, cemilan sederhana menika jebul nggadahi filosofi ingkang lebet: kangge kepenak kedah sagah rekaos rumiyin. Filosofi sanesipun inggih berlatih kompetitif lan sportif (nalika pados gogrogan godril), seni (tetembangan nimbali angin) guyub, kepedulian marang putra (ibu ingkang nggongso-ngaken kangge putrane), humor, lan sanes-sanesipun.
Wonten jaman sak menika godril sampun kageser kaliyan makanan-makanan instan moderen.
Gambar dipendhet saking http://ctahr.hawaii.edu, http://en.wikipedia.org/wiki/Samanea_saman
Update:
Rerembagan kalihan rencang, jebul rencang menika taksih kemutan sekedik tembang kangge ngundang angin menika. Kirang luwih mekaten:
Pe, cempe, undangno barat gede
tak upahi duduh tape..



8 comments
Comments feed for this article
Mei 5, 2008 pada 12:08 am
Hairudin
mas / pak … boleh saya copy posting berita ini ke blog saya … matur nuwun
Mei 30, 2008 pada 3:06 am
mtamim
@haerudin
monggo dipun-copy, kanthi nyebat sumber nggih..
Agustus 1, 2008 pada 3:08 am
dodik
godril niku lak wonten daerah kulo diparingi jeneng juwet
lak saking wit kan tasek sepet2 trus wonten ilat lak dimaem saget ungu
hihihihiihi lucu lak ngeleng2 tasik alit
biasane wonten sadean godril ning pasar
nb: ngapunten bosone kasar kengeng prubahan jaman
Agustus 13, 2008 pada 2:43 am
abuhuwaidah
oleh-oleh saking solo menowo balik ten jakarta pas kuliah kolo mbiyen…
rasane gurih, ning marai mambu
Agustus 30, 2008 pada 6:59 am
anisarahmanti
wah dados kemutan bapak kula wonten solo ingkang remen godril…:D ngantos nalika adik kula wisuda sangu godril supados mboten ngatuk
) sakmenika kula gadhah garwa tiyang rembang,wonten mriki godril diwastani mindik, wit ipun diwastani wit meh. nate nyobi wiji saga? mboten patiio mambu kados godril, ning nggih tetep langu…
Agustus 31, 2008 pada 6:19 am
Didik Pramono
Maca wacan kasebut ndandekake kelingan jaman susah biyen nalika sandang pangan isih larang. Aku diajak tanggaku golek godril (ng rembang=mindik) nganti tekan desa sebelah, ng tegal lan platarane wong-wong.
Siki, godril meh ora ana regane. Manawa iso diolah dadi duwe rasa sing luwih enak manawa akeh wong sg padha seneng.
Oktober 15, 2008 pada 2:26 pm
gunarso
wonten griya kula ing Kertosono Jawi Wetan, godril menika dipun arani trembesi, sami kaliyan nama wit-ipun, wonten malih tiyang sepah ingkang ngarani slobin/slubin/sloben,
pancen wiji trembesi punika jinis panganan ingkah mbetahaken “perjuangan”
ha ha ha …..
menawi duwet/juwet punika benten tebih kalian godril/trembesi
September 25, 2009 pada 11:31 pm
samsi mulyanto
leres sanget, samangke sampun boten ‘usum’ camilan godril, kawon ‘bersaing’ kaliyan camilan kemasan ‘cantik’ sing regane larang.
godril puniko klebet camilan jaman susah, ning murah, amarga ora tuku.
cekap kange ‘kenangan masa lalu’, kangge tambah seserapan ‘bagi generasi muda’.
nyuwun gunging pangapunten bilih kaanggep kuminter, nderek tepang kaliyan punggowo Kawruhjati, matur nuwun mugi-mugi basa Jawi tansah lestari amin.