You are currently browsing the monthly archive for November 2008.

Ora nyangka, jebul Presiden Bush, sing wis meh lengser keprabon, pinter pidato mawa basa Jawa 😀

Watawis jaman kula TK lan SD rumiyin kathah dolanan (mainan anak) tradisional ingkang sak menika sampun awis utawi malah sampun punah. Langkung-lamgkung wonten ing jaman teknologi maju punika kathah dolanan modern ingkang dipun damel saking negri sanes. Jaman rumiyin wonten maneka warna dolanan khas jawa. Salah satunggalipun ingkang rumiyin kondang inggih punika gambar umbul wayang. Gambar punika dipun wastani gambar umbul amargi cara mainipun gambar dikempalaken lan diumbulaken. Gambar lajeng dawah wonten siti, ingkang mengkureb diwastani sampun mati, lan ingkang mlumah diumbulaken malih dumugi wonten salah satunggaling gambar ingkang menang diwastani “ijen” amargi gambar liyanipun sampun mati lan gambar setunggal punika ngijeni ingkang taksih gesang. Kadangkala wonten lare ingkang urik utawi curang kanthi nempelaken kalih gambar ingakang sami wolak walik sahingga mboten nate mati amargi wolak-walik gambaripun sami. Istilahipun “gemblek”.

Dolanan sanesipun ingkang sakmenika sampun awis ugi contonipun sempritan lempung, kodok lempung, othok-othok, lan sak panunggalnipun. Dolanan punika sak menika sampun kageser kaliyan dolanan produk Amerika, Jepang, Taiwan utawi China.

Gambar dipendet saking mriki

kawruh

Wonten seratan kapengker kula sampun paring link kangge download themes Sony Ericcson. Dalah kagem para kadang ingkang kagungan HP Nokia (khususipun Seri S60) ugi saged ngunduh themes Kawruhjawi Nokia saking nokiaskins.blogspot.com. Menawi ngagem ponsel saged langsung akses WAP wonten kawruhjawi.jw.lt.

tawon-ndasAwal Nopember punika wonten tlatah Bantul wonten warta menawi saperangan warga dientup tawon Endas ingkang caha ewon (wonten ingkang mastani tawon Gung). Watawis 21warga dipun rawat wonten rumah sakit. Kanthi cacah ewon mekaten inggih ndadosaken ajrih para warga. Warga ingkang nembe makarya wonten sawah dipun serang lan dipun luru ngantos 1 KM langkung. Wonten warga ingkan mlebet bak mandi inggih taksih dipun tunggu. Tawon-tawon punika nembe sami kesah nalika dipun damelaken obong-obongan/ asap.

Wekdal taksih alit rumiyin, kula kadangkala dolan wonte ini pereng kebon/alas wonten wingking griya. Wonten salah satunggaling rencang ngganggoni omah tawon Ndas lan ndadosaken tawon menika nesu lan mburu. Sanadyan sampun mlajar tawon punika taksih ngluru lan kula kecandak tawon punika, dientup nggen sirah kula.. Wah sakit sanget. Sanadyan kula mboten ngganggu omah tawon punika, hananging tawon Ndas punika sampun kalap lan nyerang sinten kemawon ingkang wonten sak caketipun.

Kasus tawon ingkang cacah ewon lan nyerang warga punika jebul inggih wonten  ugi ing  Banyumas, Ciamis lan ugi wonten manca negari. Serangan tawon punika dipun wartosaken ugi nate ndadosaken korbanipun dumugi pejah.

kawruhjawi

Kagem kadang ingkang kagungan HP Sony Ericcson, khususipun ingkang ukuran layaripun 176×220 saged ngunduh theme Kawruh Jawi punika saking free-se-themes.blogspot.com

Suriname inggih salah satunggaling negari wonten donya kanthi warga-nipun kathah saking keturunan jawi. Sak punika watawis 500 ewu penduduk keturunan jawi wonten Suriname. Kathah ugi pejabat Suriname saking keturunan Jawi. Salah satunggaling pejabat Suriname keturunan Jawi ingkang dados mentri contonipun Hendrik S Setrowidjojo,Menteri Sosial Republik Suriname.

Wekdal punika Hendrik S Setrowidjojo nembe ngawontenaken kunjungan dateng Indonesia. Dalah wonten kunjungan ingkang nembe kaping pisan punika Mensos Suriname ugi sowan dumateng simbahipun wonten ing tlatah Solo, Jawa Tengah.

“Embahku teko Solo Jawa Tengah, wingi nang Yogyakarta yo ketemu sedulur-sedulur Pak Wirokarso, ketemu karo embahe mbarang nang Yogyakarta. Aku seneng banget, kene podo wae koyo nang Suriname,” mekaten sanjangipun Pak Mentri mawi basa Jawi ngoko ingkang fasih sinambi gumujeng.

Mangsuli pitakenan babakan bentenipun tanah Jawi kalian Suriname, PAk Mentri mangsuli:”Bedane okeh banget. Suriname cilik wonge mbarang ora okeh mung 500.000, nek Jawa 70 yuta,”

Kajawi tindak dateng Solo, Pak Mentri ugi tindak dateng Jogja lan Candi Borobudur, lan ugi mborong batik.

sumber: KR Online

RSS Kawruh Jawi @ Plurk

  • kawruhjawi Sugeng enjing. Sak punika kawruhjawi dugi donya maya wonten ing versi plurk. Saged dipun akses saking alamat plurk.com/user/kawruhjawi
  • kawruhjawi sanjang: menawi ngagem WAP handphone sumangga pinarak wonten plurk.com/m/u/kawruhjawi
  • kawruhjawi sanjang: sumangga pinarak ugi dateng blog kawruhjawi kawruhjawi.wordpress.com
  • kawruhjawi Ngimpi ateges pratanda?
  • kawruhjawi sinten ingkang remen nedi Godril??
  • kawruhjawi Garengpung, kewan multi-nasional
  • kawruhjawi berbagi Lagu dolanan anak 2
  • kawruhjawi berbagi nderek kersaning gusti
  • kawruhjawi numpak bronjong
  • kawruhjawi dolanan bocah jaman dhisik