Watawis jaman kula TK lan SD rumiyin kathah dolanan (mainan anak) tradisional ingkang sak menika sampun awis utawi malah sampun punah. Langkung-lamgkung wonten ing jaman teknologi maju punika kathah dolanan modern ingkang dipun damel saking negri sanes. Jaman rumiyin wonten maneka warna dolanan khas jawa. Salah satunggalipun ingkang rumiyin kondang inggih punika gambar umbul wayang. Gambar punika dipun wastani gambar umbul amargi cara mainipun gambar dikempalaken lan diumbulaken. Gambar lajeng dawah wonten siti, ingkang mengkureb diwastani sampun mati, lan ingkang mlumah diumbulaken malih dumugi wonten salah satunggaling gambar ingkang menang diwastani “ijen” amargi gambar liyanipun sampun mati lan gambar setunggal punika ngijeni ingkang taksih gesang. Kadangkala wonten lare ingkang urik utawi curang kanthi nempelaken kalih gambar ingakang sami wolak walik sahingga mboten nate mati amargi wolak-walik gambaripun sami. Istilahipun “gemblek”.
Dolanan sanesipun ingkang sakmenika sampun awis ugi contonipun sempritan lempung, kodok lempung, othok-othok, lan sak panunggalnipun. Dolanan punika sak menika sampun kageser kaliyan dolanan produk Amerika, Jepang, Taiwan utawi China.

Gambar dipendet saking mriki



11 comments
Comments feed for this article
Desember 17, 2008 pada 7:27 am
Rohmita
hehehe….inggih niku…sami kalai kulo riyen ..gambar wayang…nek rumiyin dolanane bur-buran gambar wayang….
Februari 9, 2009 pada 4:02 am
mardiyo
kuwe umbul dolananku lagi cilik arane akeh ana umbul2an, kocokan nek gole dolanan menang terus nganti akeh umbule, kena payu didol lumayan
Februari 10, 2009 pada 4:46 am
Eri
Kulo dados kelingan wektu tasih alit seneng dolanan gambar wayang puniko…
Maret 4, 2009 pada 12:45 pm
aanku91
kulo gadhah ide, pripun menawi di wontenaken kontest dolanan jawi….^_^
Maret 13, 2009 pada 7:54 am
kenthos
menawi dolanan wayang ingkang dipun damel saking godong telo, wonten ingkang saged? menawi wonten, kulo saged dipun kirimi caranipun?
Maret 21, 2009 pada 2:33 pm
Lilis
dolanan menika andadosaken enget rikala alit, raosipun nembe kalawingi kemawon, raosing manah kepingin amangsuli malih dados lare alit. he he he bisa apa ora ya !
Maret 30, 2009 pada 4:43 am
mardiyo
Carane ndamel wayang saking godong telo? mbok menawi saking tangkai wit pohung sanes godong telo, ning ingkang langkung sae pohung taun ingkang tangkainipun nggih panjang-panjang dados saged dipun tekuk-tekuk kanthi luwes dados wayang kados ingkang kito kepengini mekaten atur kulo
April 1, 2009 pada 3:47 am
adams
inggih, kulo dados kelingan kalean rebana lempung. keren
Mei 23, 2009 pada 2:41 am
yogie melodramma
othok-othok… jd ingat suatu pagi di hari raya…
Juni 9, 2009 pada 6:31 am
feni
emmm,,,masih inget bulan purnama maen petak umpet…
September 23, 2009 pada 3:34 am
Mochamadmukri
jaman kulo taksih alit, dolanan -puniko ndamel piyambak,umpaminipun jaranan saking lepah daun pisang,bedil-bedilan saking batang kembang tebu,sempritan saking damen utawi saking lempung,mobil-mobilan saking kulit jeruk lan sanesipun.Nanging nggih wonten ingkang instan,kados wayangan,othok-othok monyet,othok-othok ayam lan sanesipun.Menawi sampun dolanan wah seruu…ngantos kesupen wekdalipun dahar,ngaji lan siram.