You are currently browsing the monthly archive for Februari, 2009.

Kala wingi sampun wonten seratan bab Teh Anget Gendhis Jawi. Sakmenika kula caos seratan bab Teh Poci Gula Batu. Unjukan kang nggadahi ciri khas disuguhaken ngagem grabah anami poci lan diunjuk ngagem cangkir alit kang kadamel saking lemah lempung, panas, kenthel, ngagem gendhis batu. Dicor sekedik-sekedik, diudak alon-alon, lajeng disruput. Raos sedep, mantep, agawe gumepyar. Cocok ing mongso rendeng punika. Sumonggo bapak, ibu, kangmas, mbakyu diunjuk teh pocinipun….
</p
Dipununggah malih wonten ing blog-tt

Kembang kang endah iku aran Kembang Combrang. Warna jambon kangĀ seger katon eman arep kapethik. Sopo sing nyangka kembang iku duwe aroma lan rasa kang sedep lan seger. Ono ing daerah kulon, yho kuwi Gombong mengulon, kembang combrang asring kanggo campuran pecel bebarengan uga karo kembang turi. Rasa kang seger lan rupa kang endah nambahi manteb anggone dhahar pecel.



Komentar