Menawa ngaku wong jawa, utamane wong Jawa jaman biyen, mesti mangerteni lagu dolanan anak Gundul Pacul. Jaman cilik, aku biyen ora pati mangerteni karepe lagu iki. Dak ngertiku lagu iki yo mung lucu wae. Menawa ana kanca sing dicukur gundul (biasane nganggo kuncung uga) kanca liyane pada anggeguyu karo nyanyi lagu iki. Nanging jebulane lagu kang digawe Sunan Kalijaga iki ono filsafat kang dhuwur.
Gundul-gundul pacul gembelengan.. iku negesake yen kowe isih bocah cilik gundul arep gembelengan yo sak karepmu. Nanging yen kowe uwis nyunggi wakul, tegese uwis duwe tanggung jawab, wis ora jamane gembelengan.
Nyunggi-nyunggi wakul, gembelengan, wakul ngglimpang segane dadi sak latar...



6 komentar
Pengumpan komentar untuk artikel ini
Juli 14, 2010 pada 1:43 am
Brotoadmojo
yen isih gembelelengan mengko wakule ngglimpang terus segane dadi sak latar, tegese bubrah sak kabehe… leres mekaten?
maturnuwun
Agustus 14, 2010 pada 10:23 pm
yadiaja
lagi eruh iki senajanto sepenggal wae, maknane gundul pancul sakjroning 37 tahun. matur nuwun
Agustus 24, 2010 pada 2:16 am
nana
wah remen saged nambah kawruh saking blog bahasa jawa.
saran kula mugi ejaan bahasa jawane di pun gatekaken saestu, supados bahasa jawa tetep edi peni, kados huruf i, o, u, kan wonten ingkang swantene jejeg lan miring, kados tembung “ono => ana”, “neng=> ning”, “yo=> ya”, lan liya2ne. nuwun
Januari 27, 2011 pada 2:54 am
mujiono_AE
mampir ngglethak kang………..
Desember 7, 2011 pada 2:33 am
dian
alhamdulillah seneng banged aku..nemu blog iki. iso sinau boso jowo, nguri-uri budayane.. tur iso nyambung paseduluran ugo
Januari 26, 2012 pada 6:55 pm
dydy
amugio kito sedoyo tansah dpun paringi eling dumateng jowojawane dados manungso……..