Blog punika dipun bikak kangge sinten kemawon ingkang taksih peduli dumateng kabudayan Jawi. Sinten kémawon ingkang ngersakaken ngasta lan nggulawenthah blog menika saged amujudaken. (khususipun ingkang sampun kagungan akun wordpress). Seratan blog kedah mawi basa Jawi, saged mawi Basa Jawi krama punapa ngoko.
Matur nuwun bilih sampun kersa pinarak. Lan lumantar blog menika, monggo sami nglestantunaken budaya adiluhung punika kanthi tresna…
–
Blog ini merupakan wahana bagi para pengguna Bahasa Jawa sebagai media belajar dan melestarikan kebudayaan khususnya bahasa daerah. Blog ini terbuka bagi kawan-kawan yang ingin ikut bergabung menjadi penulis dan akan kami terima dengan sukacita.
Terimakasih

24 comments
Comments feed for this article
Desember 12, 2007 pada 11:13 pm
budi
matur nuwun…
ngaturaken raos suka lan syukur dumateng Gusti ingkang murbeng dumadi bilih ing kasunyatan taksih wonten sederek ingkang taksih nguri-uri kabudayan kita
sakderenge kula matur, nuwun pangapunten nggih bilih anggen kula tata krama kathah ingkang “mlengse”
punapa malih kados kula sakmenika manggen wonten tlatah kalimantan tengah milai 1991 ngantos sakmenika, rasa mak nyes bareng sumerep wonten bolg jawi, raos gesang wonten jawi
kangge ngempalaken “balung pisah” kula sakanca ndamel paguyuban kang pun wastani “pawarta lamat” nggih menika PERKUMPULAN WARGA TRANSMIGRAN LARAS ASRI MUKTI TAMA BARITO TIMUR” anggen kula sinau wonten http://pawartalamat.wordpress.com
menawi kepareng kula badhe nyuplik seratan-seratan panjenengan kangge ngisi blok kula
nuwun….
Desember 16, 2007 pada 5:22 pm
tobadreams
Maaf, aku hanya ngerti sedikit-sedikit bahasa Jawa. Dengan adanya blog ini mudah-mudahan aku bisa belajar lebih banyak.
aku punya blog mengenai seni budaya batak, tapi lebih bersifat kontemporer. Aku rasa kita punya misi yang sama : memajukan seni budaya suku-suku di Nusantara demi kejayaan Indonesia *halah*.
Silakan berkunjung ke blogku : http://tobadreams.wordpress.com/
Desember 28, 2007 pada 3:23 am
nurussadad
nuwun pangapunten nek kulo ngagem ngoko, sak niki baoso jawi katah sing mboten saget, kulo gih ten sekolah mboten diajari, kulo nuwun izin kagem ngangge logo blogger jawa niku… angsal nopo mboten….
Nek angsal kulo gih kepingin sithik2 belajar lan pingin melu ngastha..
Desember 28, 2007 pada 3:27 am
nurussadad
Alhamdulillah akhire wonten ingkang ndamel blog murni kangge basa jawi…
Kulo gih pingin nderek belajar sithik2.
Desember 28, 2007 pada 3:37 am
mtamim
Sumangga mas.. Kawula sak rencang inggih remen sanget dene kadang-kadang blogger bade nderek ngasto wonten mriki.
Menawi bade ngasta, kula nyuwun akun wordpress.com panjenengan kangge dipun-add.
Sugeng rawuh. Kita tunggu seratanipun
Desember 30, 2007 pada 4:04 am
nurussadad
akun wordpress kulo nurussadad.wordpress.com
Desember 30, 2007 pada 9:23 am
mtamim
@pak budi
sumangga menawi bade nyuplik. Nyuwun sumberipun dipun sebat nggih
@tobadreams
makasih kunjungannya
@nurussadad
Sugeng rawuh
Akun panjenengan sampun dipun aktifaken.
Kita tunggu seratan-seratanipun mas
matur nuwun
Januari 7, 2008 pada 4:02 am
willy
Nyuwun sewu…
Nembe ngertos wonten blog basa jawi alus…
Monggo disekacak-aken
manggoloputro.wordpress.com
Januari 13, 2008 pada 3:43 am
bachtiar
Nuwun sewu . . .
kulo nembe mawon ngertos wonten blog niki , blog ingkang sae sanget .
Kulo ngaturaken metur nuwun ingkang kathah taksih wonten tiyang ingkang kersa nguri-nguri bahasa jawi .
Sanajan kulo jawinipun saking tegal (Ngapak).
Kulo badhe nyuwun izin kangge nderek masang banner wonten blog kulo ?
Januari 13, 2008 pada 10:48 am
mtamim
@willy
matur nuwun kersa pinarak
@bachtiar
matur nuwun. Ngapak inggih sami taksih basa Jawi ta? Hehe
sumangga menawi bade masang banneripun
Maret 4, 2008 pada 6:28 pm
bibomedia
Maret 11, 2008 pada 11:07 am
Iman
kulo saking palembang. tapi wong tuo kulo asline saking jowo. asline saking mataram. kulo ora isa ngomong jowo. jadi, kulo ora ngerti isi blog iki opo?
Maret 30, 2008 pada 12:44 pm
lutfan
it’s a good web server for basa jawa, i can learn basa jawa from here quickly.i hope it can be better than before, sucses!!!!
Maret 30, 2008 pada 2:56 pm
aghoose
waaahh…matur tengkyu ya oom…
aku ki nggolek sing koyo ngene lho…
jaaaann….4 jempol yooo…
tulung tuliske tentang wayang…karo gambar-gambar’e….
yo…
April 1, 2008 pada 8:11 am
mtamim
@iman
ngerti sihtik2 ora opo opo
@lutfan
kula ugi nembe sinau
@aghoose
kula inggih remen wayang kangge pengantar tidur
nanging mboten pati apal menawi nyerat babakan menika
April 8, 2008 pada 3:45 am
muslim
kula rumaos wonten teng jawa,ananing blog meniko kulo dados mboten piyambaaan teng tlatah paran sumatra.serat jawa menika dadi obat mujarab angenkula kangen lan rindu kalih sederek kulo neng jawi.asli kulo Semarang,kuto sing terkenal bandeng presto lan wingkone.matur suwun mugi kabudayan jawi tetap lestari
April 19, 2008 pada 7:08 am
mtamim
@muslim
matur nuwun kersa mampir. Mbok menawi wonten crios saking tlatah sumatra sumangga dipun serat wonten mriki
Mei 4, 2008 pada 12:46 am
Zo
Nderek mampir. Ngaturaken tetepangan kagem sedoyo.. Kanti wontene blog ingkang kados mekaten mugi saget nuwuhaken katresnan kagem nguri2 tilaran adiluhung.. Menawi kepareng badhe nderek nyambung blog meniko ing papan kulo.. Lan mbokbilih kerso kulo aturi pinarak ing papan kulo http://ndezo.890m.com maturnuwun..
Mei 8, 2008 pada 6:55 am
ahmadsamantho
Salam, Matur nuwun, Ngaturaken salam kenal lan silaturahmi. Kulo wonten ing jakarta saiki. Nyuwun ijin kango belajar boso jawi saking Panjenengan. Kulo wonten keturunan saking Jawi, tapi lahir di Bogor Jawa Barat. Saiki aku ora iso boso jawi kromo inggil. Rumongso dalem ini isih putune ke 14 saking Prabu Browijoyo V.
Mei 8, 2008 pada 7:41 am
ahmadsamantho
Nyuwun sewu, artyikel niku sing ndalem kirim, mugiya manfaat kanggo sedulur saking Jawi
Mei 13, 2008 pada 1:31 am
g-to
lagi belajar bahasa daerah ^_^
ad g y kamus online bahasa daerah??? ato sftwarenya con: jawa-indonesia
klo ad infonya ^_^
matur nuwun ^_^
Mei 14, 2008 pada 3:02 pm
Arif Budiman
Walah, onok ta bloge ngge basa Jawa… Ealah… Melu nimbrung ya, sukur-sukur nik oleh dadi sing ngisi artikel…
Ya. Awitane njuk sepura ae nik basa sing tak gae rodok koyok basane planet endhi… ngono… Lah, polahe jere administratore gak lahpa-lahpa i, dadine luwih enak ngge basaku dhewe, muga-muga ngerti… Soale kepingin ae ngelestarekna basa dhaerahku dhewe. Hehehehe….
Mei 23, 2008 pada 8:49 am
ning dj
alhamdulilah nemu blog ingkang ngagem basa daerahku dhewe .
sy masih sekolah SMP taun terakhir.
memang cuma ngerti sedikit2 bahasa jawa,
semoga bisa bantu belajar basa jawa..
matur nuwun..
Mei 31, 2008 pada 9:55 am
Taufan Hidayat
Mas, pripun carane pasang widget bloger jawa? numun