You are currently browsing mtamim's articles.

Jaman kula alit rumiyin wonten salah satunggaling cemilan ingkang populer kangge lare-lare ingkang sakmenika kadosipun sampun awis, inggih menika godril. Godril menika wiji saking woh trembesi utawi munggur (samanea saman). Sanadyan namung camilan sederhana, kangge nedi godril menika nggadahi perjuangan ingkang awrat, saking pados dumugi nedinipun piyambak.

Woh godril menika wujudipun lonjoran item kanthi wit ingkang inggil. Kembangipun warni gradasi pethak lan abrit ingkang peni. Woh godril saged gogrok saking wit menawi sampun tuwa lan biasanipun gogrog menawi wonten angin. Menawi musim godril biasanipun lare-lare (kula lan rencang-rencang) nengga wonten ngandap wit trembesi menika, nengga angin ingkang nggogrogaken woh godril.

Kadangkala lare-lare nembangaken tetembangan kangge nimbali angin (sayang kula sampun kesupen tembangipun :-( ). Menawi wonten angin lan woh godril sami dawah, rencang-rencang sami kompetisi rebutan woh menika. Sanadyan sami rebutan hananging mboten ngantos kedadosan wonten cecongkrahan. Wonten ingkang angsal kathah lan sekedik sampun biasa, rejekinipun sampun piyambak-piyambak.

Woh godril menika dipun pepe rumiyin supados garing, amargi menawi dereng garing radi awrat anggenipun mecah utawi nggepuk kangge mendet wijinipun, amargi dagingipun lengket. Menawi sampun garing woh godril digepuk ngangge selo/watu (biasanipun watu kali). Wiji godril dipendet lan dipepe malih supados wijinipun garing. Menawi wiji sampun garing lajeng digoreng gongso utawi goreng tanpa minyak. Amargi nggoreng menika radi awrat kangge lare, biasanipun dipun gorengaken kaliyan ibu/emakipun.

Godril ingkang sampun mateng lajeng saged dipun beta menawi sekolah utawi menawi dolanan. Asring godril menika dipun nedi sesarengan kanthi guyub rukun.
Mboten kados kwaci ingkang kulitipun tipis, wiji godril menika nggadahi kulit ingkang kandel lan atos, kedah digeged kanthi kiyat supados saged pecah. Godril gadah raos ingkang khas, sahingga mboten rugi perjuangan kangge angsal cemilan menika. :-)

Hananging wonten salah satunggalipiun efek samping nedi godril menika, ingging menika mambetipun “gas buang” hasil pengolahan godril menika sanget spektakuler… :-D ngungkuli mambetipun jengkol sahinggo sering kangge goyon lan garap-garapan…

Godril, cemilan sederhana menika jebul nggadahi filosofi ingkang lebet: kangge kepenak kedah sagah rekaos rumiyin. Filosofi sanesipun inggih berlatih kompetitif lan sportif (nalika pados gogrogan godril), seni (tetembangan nimbali angin) guyub, kepedulian marang putra (ibu ingkang nggongso-ngaken kangge putrane), humor, lan sanes-sanesipun.
Wonten jaman sak menika godril sampun kageser kaliyan makanan-makanan instan moderen.

Gambar dipendhet saking http://ctahr.hawaii.edu, http://en.wikipedia.org/wiki/Samanea_saman

Update:
Rerembagan kalihan rencang, jebul rencang menika taksih kemutan sekedik tembang kangge ngundang angin menika. Kirang luwih mekaten:
Pe, cempe, undangno barat gede
tak upahi duduh tape..

Menawi wonten dusun-dusun utawi daerah ingkang taksih kathah wit-witanipun, kita asring mireng salah sawijining kewan inkang gadhah suanten ingkang unik inggih menika garengpung. Jaman rumiyin, garengpung dados pratanda mangsa ketiga. Aran garengpung menika ugi mawarni-warni, wonten ingkang mastani gareng, cenggeret, tonggeret, cicada, lan sakpanunggalanipun. Spesies garengpung wonten tiga, Magicicada septendecim, Magicicada cassini, lan Magicicada septendecula. Kula boten mangertos mbok menawi istilah garengpung menika sakjanipun sejatosipun namung salah satunggaling spesies cicada punapa mboten.

Nalika kula pados informasi wonten internet, jebul garengpung menika boten wonten tanah Jawi kemawon. Informasi wonten mriki mratelakaken menawi garengpung jebul ingging wonten ing tlatah Amerika. Hananging wonten mrika garengpung nggadahi siklus ingkang unik inggih menika medal saking siti namung 17 tahun sepindah kanthi massal. Wonten blog mriki mratelakaken bilih garengpung jebul inggih dados objek kangge penelitian S3 dening salah satunggaling peneliti.

Wonten panggenan kula sakmenika kadosipun sampun jarang mireng suanten garengpung.

Wonten ing jaman teknologi moderen menika, komunikasi sampun langkung gampil menawi dipun bandingaken jaman rumiyin.Sak menika kanthi telepon seluler utawi HP lan internet, para kadang saget sami guneman utawi kirim pesen khanthi cepet, gampil lan mirah. Kados blog Kawruhjawi menika saged ugi dipun waos ngagem HP. Kula asring maos ngangge Browser Opera Mini (menika gambar tampilan Kawruhjawi mawi HP).

kawruhjawi2.jpg

Sinambetan babagan telekomunikasi, wonten saben kabudayan sejatosipun sampun wonten ugi sarana kangge telekomunikasi tradisional. Raja Sulaiman nate ngginakaken manuk Bul-bul kangge mangertosi kahanan negri Saba. Tiyang-tiyang Indian ngginakaken keluk (asap) kanthi kode-kode ingkang saged dipun waos saking tebih. Masyarakat Jawa inggih gadhah sarana telekomunikasi tradisional inggih menika kenthongan. Kenthongan saged dipun ginakaken kangge pratanda menawi wonten kahanan tertentu. Kahanan ingkang informasinipun asring dipun sebaraken kanthi kode-kode kenthongan biasanipun menawi kahanan bahaya; lindhu , banjir , siti longsor, gunung mbledos, lan sakpanunggalanipun. Menawi kahanan bahaya kados menika kenthongan ditabuh kanthi terus-terusan lan irama cepet dipun arani ‘titir’. Jaman rumiyin, gegandengan kaliyan mitos, kahanan kados grahana ugi dipun mangertosi dados kahanan bahaya sahingga menawi wonten grahana (srengenge nopo bulan) tiyang-tiyang sami nabuh kenthongan titir ugi supados raksasa ingkang ‘mangan’ bulan utawi srengenge saged nglepeh malih supados kahanan mboten peteng ndedet.
Kajawi kahanan bahaya, kenthongan dipun ginakaken ugi kangge pratanda misalipun kangge kempalan kerjabakti utawi kempal sanesipun. Sanesipun, kenthongan ugi kangge pratanda ibadah sholat wonten ing masjid.

Jaman sak menika, telekomunikasi tradisional sampun awis dipun ginakaken, sinaoso wonten kahanan tertentu taksih wonten manfaatipun, kadosto menawi listrik pejah utawi nalika mboten wonten alat elektronik.

Menawi para miyarsa tindak dateng Thailand akhir tahun 2007 menika, panjenengan bade mirsani kathah poster, baliho, lan gambar-gambar Raja Thailand Bhumibol Adulyadej wonten pundi-pundi papan. Tanggal 5 Desember 2007 menika dados dinten ambal warsa-nipun Raja Bhumibol ingkang kaping 80. Dinten kelahiran Raja Bhumibol menika dipun pengeti kanthi ageng wonten sak ngindenging negri Thailand. Rakyat Thailand sami tresna dumatheng rajanipun sinaoso wonten jaman moderen menika kekuasaanipun raja mboten kados jaman rumiyin. Kados Thailand menika pemerintahan dipun pimpin perdana menteri amargi Thailand tumut sistem monarki konstitusional. Sinaoso mekaten, posisi raja tetep dipun hormati kaliyan rakyat, lan rakyat malah langkung tresna dhumateng raja saking pemerintahipun. Kahanan menika sejatosipun mboten aneh amargi raja inggih sanget migatosaken kaliyan rakyat.

Wonten pesawat Thai Airways kula maos artikel-artikel majalah sesambetan kaliyan babakan menika. Saking waosan menika kula radi mangertos kados pundhi larah-larahipun rakyat Thailan menika ngantos mekaten setya-tuhu lan tresna dhumateng rajanipun.

Raja Bhumibol Adulyadej (Raja Rama IX) saking Dinasti Chakri lair tanggal 5 Desember 1927 lan jumeneng ratu wonten ing tahun 9 Juni 1946. Raja Bhumibol menika salah satunggaling raja ingkang cerak kalian rakyat, mangertosi kahananipun rakyat lan kanthi tulus pados dalan kangge ngangkat drajatipun rakyat. Wonten tahun 1950an lan 1960an, Raja Bhumibol asring tindak dateng pedalaman, minggah mudhun gunung nitih motor trail. Kanthi sabar mirengaken awratipun kahanan gesang para rakyat. Salah satunggaling daerah menika inggih daerah perbatasan segitiga emas narkotika, ingkang terpencil lan taksih rawan. Kanthi pengalamainpun nalika enem wonten Lausanne, Swiss, sinau babakan pertanian lan seni wonten mrika, Raja Bhumibol lajeng ngawontenaken proyek-proyek kangge ngentasaken rakyat saking kemiskinan.

Watawis 4000 proyek kerajaan sampun mlampah ingkang sesambetan kaliyan irigasi, panggulowenthah sumber toya, konservasi alas, perikanan, penaggulangan erosi, teknologi pertanian, reboisasi, pengembangan lahan, pengembangan komunitas pedesaan, pendidikan, transportasi, penanggulangan banjir lan lingkungan hidup. Ngantos sak menika, upaya menika sekedik mboko sekedik ngatingalaken kasil ingkang mbungahaken.
Raja Bhumibol nggadahi hobi mireng musik jazz, ugi hobi fotografi lan atlet olahraga layar. Raja Bhumibol nate meraih medali emas wonten SEA Games 1967.
Katresnanipun rakyat Thailand saged tuwuh ingging jalaran saking tresna raja-nipun dateng rakyat, kados sumpahipun nalika jumeneng ingkang badhe makarya kangge kabahagianipun rakyat. Raja Bhumibol kacatet dados raja ingkang paling dangu jumeneng wonten sak ngindenging donya.
Menawi wonten Indonesia, kita saged mirsani kahanan ingkang kirang luwih sami, sinaoso wonten skala ingkang langkung alit, inggih katresnanipun rakyat Jogja dhumateng Ngarsa Dalem Sri Sultan Hamengku Buwana IX lan X. Rakyat Jogja sami ngraosaken jasanipun Sultan ingkang kaping IX nalika penjajahan Walanda lan jaman kamardikan, lan jasanipun Sultan Kaping X nalika seg jaman ontran-ontran reformasi ngantos sak menika.

Sekedik seratan menika nggambaraken sinaoso sistem politik monarki lan kerajaan sampun mboten selaras wonten gesang jaman moderen, nanging kanthi filosofi katresnan raja lan rakyat, kabukti taksih saged gadhah peran ingkang mboten sekedik dhumateng kemakmuran lan kabahagyan masyarakat kathah.

Jaman rumiyin, rikala sumber pangan taksih dereng kados jaman sakmenika, kathah tetuwuhan lan umbi-umbian ingkang dipun dadosaken daharan lan cemilan. Wonten dusun-dusun, jaman rumiyin asring dipun panggihi umbi-umbian kados garut, bili, uwi lan sanes-sanesipun. Jaman kula alit, riyin taksih manggihi umbi-umbian menika, utaminipun dados daharanipun para sepuh. Sak menika umbi-umbian punika sampun jarang. Paling-paling ingkang taksih kathah dikonsumsi namung ketela.

caping2.jpg

Wonten Hanoi, Vietnam, kula mboten sengaja kepanggih ibu-ibu ingkang sadean woh-wohan lan umbi-umbian lan salah satunggaling ibu menika sadean garut, bili, uwi, lan tela rambat!
Wah, jebul umbi-umbian menika ugi wonten ing Vietnam…

gembili.jpg

voc.jpgPara kadang menawa wis nate krungu babakan imigrasi warga Jawa marang Suriname jamane penjajahan Walanda. Wektu iku watara 33.000 warga Jawa kang budal menyang Suriname kanggone makarya ono ing prenangsi(perkebunan) duwene Walanda. Nganti saiki warga Jawa isih akeh urip neng kono. Akeh uga sing wis dadi wong sukses. Masyarakat Jawa neng Suriname iki isih nguri-uri budaya-budaya Jawa, kalebu basa Jawa.

Akeh cerita nganani imigrasi iki kang nyedihake, nrenyuhake nanging uga campur lucu. Lan ono kalodhangan iki kawruhjawi ngudunake salah sawijine tulisan ngenani pengetan 115 tahun imigrasi Jawa, kang ditulis kalian Mas Tjandrakirana dijupuk saka website www.pamuda.nl

Read the rest of this entry »

 moon_through_trees_resize.jpg

ayo para kanca dolanan neng jaba
padhang mbulan, padhange kaya rina
rembulane..
sing ngawe-awe
ngelingake aja padha turu sore…

keris.jpgWonten ing tradisi Jawa ungkul, dinten lahir, utawi weton, nggadahi makna ingkang wigati. Weton biasanipun dipun pitadosi gadah pengaruh dumateng sifat-sifat menungsa. Weton sampun kados dados horoskopipun masyarakat Jawa, kados dene Hong Sui wonten masyarakat Cina. Sakmenika panjenengan saged pados weton panjenengan piyambak kanthi gampil ngginakaken software, contonipun saged dipun akses wonten website niki. Cekap kanthi sumadya tanggal lahir. Wonten website menika ugi saged ningali sifat-sifat saking weton panjenengan.

Sinaoso tradisi weton menika sampun dangu dados kepercayaanipun masyarakat Jawa, kanggening tiyang ingkang beriman kepercayaan kados menika sampun ngantos nglunturi marang akidah, amargi babakan takdir menika sampun dados kuasanipun Gusti. Inggih menika dados wawasan utawi ‘hiburan’ kemawon ampun ngantos dados keyakinan.

Kanggo kanca-kanca, hayoo weton-mu apa lan sifatmu kepiye? Bener opo ora? ;-)

Lamun sira anggeguru kaki,
amiliha sujanma kang nyata,
ingkang becik martabate,
sarta kang wruh ing kukum,
kang ngibadah lan kang wirangi,
sukur antuk wong tapa,
ingkang wus amungkul,
tan mikir pawehing liyan,
iku pantes sira guronana kaki,
sartane kawruhana.

Kita sedaya menika kedah sami pados guru ingkang sampurna. Mekaten piwucal saking sekar Macapat Dandanggula menika, ingkang dipun pendet saking kasusastran ungkul, Serat Wulang Reh.

MP3 Dandang Gula menika saged dipun undhuh wonten mriki

Pas  Nalika lagi blogwalking (maca-maca blog ana ing internet), tanpa sengaja nemu blog sing isine ono film kartun (http://thekampretshow.blogspot.com).
Ora ngira sak durunge, jebul kartun ini nganggo basa Jawa. Kartun iki lucu temen, basa Jawa-ne kanthi logat Jawa Timuran kenthel. Kanca-kanca bisa nonton salah sawijining kartun iki ono kene.

kampret.jpg

Sak liyane kartun kasebut mau, isih ono uga kartun-kartun liya ono kene.

Iki salah sawijine, judule Grammar.. (Isih Jawa-timuran, cak!)

Coba digateake, tombol tilpune nganti ono 16!! hahaha
Lan ojo kaget yen krungu akeh pisuhan khas suroboyoan… :-D
Malah, saben pisuhan lan guneman ‘atos’ ono poine(lha piye to..).
Jebul ono bagian mburi disebutake:

Meskipun “grammar” dan nada bicaranya agak keras, tapi survey membuktikan sembilan dari sepuluh orang Surabaya berhati mulia. Insya Allah… Sumber: Harian Kempas
(Dont Look Surabaya just from the grammar…)

Arek-arek Jawa Timur jebul uga padha kreatif.

(Wah, mbayangke ana kartun Jogja crita jaman perjuangan nganggo basa sandi basa walikan, mesti lucu poll ;-) )

bebarengan.jpg

Dereng dangu kula nyerat babakan baliho iklan Kedaulatan Rakyat: Bebarengan Mrantasi Gawe ingkang mapan wonten Jalan Kaliurang, kala wingi kula medal mrika lan ningali baliho menika jebul iklanipun sampun gantos. Iklan ingkang enggal menika taksih kanthi tema sami, hanganing benten penampilan.
Bebarengan Mrantasi Gawe Jilid I nggambaraken lukisan (hitam-putih) tiyang-tiyang sami nyepeng tali lan nggeret kapal(?) lan wonten ngajengipun lukisan wonten becak ingkang mlampah, kados-kados lukisan tiyang-tiyang wau nembe mitulungi tukang becak.
Bebarengan Mrantasi Gawe Jilid II menika nggambaraken wonten lukisan para tokoh wayang, bala pandawa lan kurawa, sami sareng-sareng mbeta barang-barang, lan wonten ngajeng lukisan menika wonten simbah-simbah nembe mlampah, kados-kados bala pandawa-kurawa menika nembe mitulungi simbah.
Piyantun-piyantun Jogja pancen sami kreatif. ;-)

mrantasi.jpg

Menawi panjenengan kaleresan mlampah wonten margi Jalan Kaliurang prapatan Kenthungan Jogjakarta, wonten salah satunggaling iklan baliho ingkang mapan wonten pojok kidul-kilen. Iklan menika lumayan dados wigatosanipun tiyang-tiyang ingkang mlampah, kalebet kula, amargi radi aneh lan lucu. Judulipun Bebarengan Mrantasi Gawe. Iklan menika saking Kedaulatan Rakyat.

Piyantun jawi mbok menawi mboten asing kaliyan tembang Yen Ing Tawang ana Lintang. Tembang punika sampun kawentar wonten sadengah papan lan sampun kathah penyanyi ingkang nembangaken, salah satunggalipun dening mbak Mayangsari.

Tembang menika saged diunduh wonten mriki

Yen ing tawang ono lintang cah bagus
Aku ngenteni teka mu
Marang mego ing angkoso
Sung takok-ke pawartamu

Janji janji aku eleng cah bagus
Sumedot roso ing ati
Lintang lintang’e wingi wingi nimas
Tresna ku sundul ing ati

Ndek semono janjimu disekseni
Mego kartiko keiring roso tresno asih

Yen ing tawang ono lintang cah bagus
Rungokno tangis ing ati
Miraring swara ing ratri nimas
ngenteni bulan ndadari

Para kadang sing wis suwe urip neng Jogja mesti nate krungu istilah-istilah kaya mangkene
Dayi dab halad …
Poya mothig poya ho ho …

Yen diterjemahke neng marang basa Jawa normal yaiku
Mari mas mangan …
Ora (duwe) duit ora po po

Neng Jogja, iku diarani bahasa walikan, basa prokem-e wong Jogja
Malah ana uga istilah-istilah bahasa walikan kang wis dadi merek dagang, kaya dene DAGADU (sanadyan janjane  sakjane tembung iki rapati becik).

Basa prokem iki ono rumuse yaiku saka huruf Jawa (hanacaraka). Huruf-huruf iku diganti nganggo huruf liya. Coba digateake gambar ngisor iki (huruf baris 1 diganti huruf baris 2, lan sakwalike)

400px-hanacaraka-jawa.png
Huruf ha diganti pa (lan sakwalikane), huruf ma diganti da, lan sak teruse. Tembung “mas” misale, diterjemahke neng basa prokem dadi “dab”.

Kala-kala supayane kepenak dirungoake, pangucapane ora kudu kaku. Misale tembung “apik”(”hapik”) yen bahasa prokem asline dadi “pahiny” pengucapane “pahin”.

Basa prokem iki isih sering digunakke lho, sanadyan mung kalangan tertentu.
Neng internet malah ono ugo kamus online basa walikan iki, ono ing http://java.sandalian.com/.

wes yo dab, panyu deb dalad… hehehe…

Sak menika kita saged mirengaken salah sawijining tembang macapat wonten ing handphone panjenengan sami. Hanphone ingkang saged dipun ginakaken inggih menika handphone ingkang sampun wonten fasilitas Java utawi handphone ingkang saged kangge audio 3GP lan AMR.

Macapat versi Aplikasi Java saged dipun-unduh wonten mriki
Macapat versi audio AMR saged dipun-unduh wonten mriki

Macapat MEGATRUH Slendro Sanga

Ing wurine yen ati durung tuwajuh
Aluwung aja angabdi
Becik angidunga rumuhun
Aja age age ngabdi
Yen durung eklasing batos

(If your heart does not yet firmly consent
Do not be in servitude
It is better to precede singing a poem
Do not hastily surrender yourself
If you do not yet resign wholeheartedly.)

Audio Source: gamelan.it
Format: AMR (4.75 KBPs)
Software: Nokia Multimedia Converter
Mobile application:inhandlearning.com

Para kadang saged ngunduh kathah tembang Jawi saking internet. Link-link menika mugi saged dipun dadosaken sumber kangge ngunduh tembang-tembang Jawi

http://larassejati.multiply.com/music


http://bharatayudha.multiply.com/music

esnips.com/web/campursari

esnips.com/web/klaten

esnips.com/web/karawitan

Basa Jawi wonten ing jaman modern sak punika kados-kados sampun kageser kalihan bebasan liyan (kados bahasa Indonesia lan bahasa Inggris). Sak menika sampun awis kadang-kadang kaneman ingkang saged bebasan Jawi kanthi sae.
Ontran-ontran kasambet perkawis dipun-pendeting budaya-budaya Indonesia kaliyan negari sanes kedah dados pepemut dumateng kula panjenengan supados sami hangajeni, njagi lan nglestantunaken budaya Indonesia, kalebet babakan budaya bebasan Jawi.
Blog punika dipun damel kangge ngupaya kadang-kadang blogger, khususipun blogger saking tanah Jawi, kangge ngudarasa lan silaturahim online wonten ing Basa Jawi.
Blog menika kabikak kangge umum. Sinten kemawon ingkang kepareng partisipasi nggulawenthah blog menika saged kentun e-mail dateng muh_tamim@yahoo.com, utawi kentun komentar wonten ing posting menika.
Mangga sesarengan nglestantunaken lan nyebaraken adiluhungipun budaya Jawi.
Saking Jawa Kanthi Tresna..

Nyuwun pangapunten mbok bilih wonten tembung/istilah ingkang dereng leres lan pener.