
Blog menika dipun damel lan dipun gulawenthah kalian sederek-rencang kaneman (utaminipun rencang-rencang PPPPTK Matematika Jogja). Mbok menawi bebasan lan tembung wonten seratan-seratan blog menika kadang kala radi aneh lan mboten pener, kedaden menika inggih saking cublukipun kawula sami sak-rencang amargi taksih lare-lare anem lan mungguh kawruh babakan bebasan Jawi menika sami dereng mangertos kanthi sae. Nalikanipun nyerat punika ugi taksih sami kanthi grathul-gratul(Nyuwun agunging pangaksami).
Mboten awis menawi rencang-rencang sami ngambali maos seratan-seratan ingkang sampun-sampun kanthi gumujeng piyambak amargi tembung lan ukara ingkang sampun diserat jebul dereng pener lan malah dados lucu lan aneh. Hananging blog menika malah dados papan kangge rencang-rencang supados saget latihan bebasan Jawi ingkang langkung sae.
Lan wonten kalodhangan menika kita-sami remen sanget menawi wonten komentar, kritik lan masukan kangge amrih saenipun blog menika ugi seratan-seratanipun, lan nyuwun dumateng panjenengan sami saged caos wewarah amrih bebasan Jawi ingkang leres.
Matur Nuwun.



15 comments
Comments feed for this article
Desember 9, 2007 pada 6:58 am
purna
salam tepang saking kulo
Desember 10, 2007 pada 9:23 am
sigid
Dalem ugi nderek nepangaken njih
Desember 27, 2007 pada 1:03 pm
sitijenang
pundi sing kagungan blog? kok ora nate mbales serataning para miyarsa?
Desember 28, 2007 pada 3:24 am
nurussadad
dalem ugi pingin nderek gih…?
Desember 28, 2007 pada 3:46 am
mtamim
@siti jenang
nyuwun pangapunten, wanci menika rencang-rencang sami kathah dinas luar, dadosipun mboten saged rutin mbales seratan-seratan
insya allah awal 2008 sampun sami aktif
@nurussadad
monggo. ditenggo akun wordpress-ipun (akun panjenengan kadose mboten saged, amargi ngangge hosting piyambak)
Januari 14, 2008 pada 12:30 pm
Dwi Bagyo
kula remen sanget awit saged manggih situs basa jawi puniki
Dwi Bagyo
Maret 22, 2008 pada 4:26 am
fauzan sigma
nyuwun pangapunten sak derengipun romo.. kawulo tiang solo, tasih kuliah wonten UNS.. kulo nggih gadah blog.. URLipun wonten niku… kulo bade nyuwun Banner i pun Blogger Jawa pareng mboten?
Maret 22, 2008 pada 7:36 am
mtamim
sumangga menawi banneripun bade pun pasang.kawula sak rencang ugi langkung remen menawi panjenengan ugi nderek nyerat wonten blog mriki
April 3, 2008 pada 2:32 pm
Zo
Sip.. Monggo sareng sareng nyengkuyung budaya jawi…
Mei 8, 2008 pada 5:05 am
jarwadiku
Kulo ndherek bingah manggih blog meniko, nyuwun pangapunten badhe ndherek nge link lan nepangaken
kulo :
http://jarwadi.wordpress.com
mugi mugi nopo ingkang dados pangajab ipun admin ka ijabah dening gusti
Juni 19, 2008 pada 6:26 am
sarwandi
nderek tepangan kulo mas suko asli saking surakarta hadiningrat, monggo sami diuri-uri kabudayan kita ingkang adiluhung meniko. menawi kerso pinarak wonten blog mas suko ingkang taksih acak-acakan
Juni 20, 2008 pada 6:40 am
abuhuwaidah
badhe tanglet mas…
nopo wonten ingkang gadhah jeneng-jeneng kagem anak ing basa jawi nggih…
nyuwun tulung nggih…
Juli 3, 2008 pada 6:23 am
susiyanto
Kulo tilik malih blog sampeyan kang Mas
Agustus 20, 2008 pada 9:50 am
joesti
wah, jebule aku telat kirim komentar, padahal anggene panjenengan wiwiti ndamel blog punika aku melu weruh, sing gedhe sepurane kang. Insya Allah saged pinanggih ‘copy darat’ maleh. suwun
Oktober 24, 2009 pada 3:05 am
Wanto
inggih, kulo dados kamulo anem taksih kedhah kathah-kathah belajar boso jowo kersanipun saget lancar lan mboten klira-kliru. situs niki saget mbantu kulo pripun supados daget boso jawi lan ngertos budoyo asli jowo.