Wonten ing jaman teknologi moderen menika, komunikasi sampun langkung gampil menawi dipun bandingaken jaman rumiyin.Sak menika kanthi telepon seluler utawi HP lan internet, para kadang saget sami guneman utawi kirim pesen khanthi cepet, gampil lan mirah. Kados blog Kawruhjawi menika saged ugi dipun waos ngagem HP. Kula asring maos ngangge Browser Opera Mini (menika gambar tampilan Kawruhjawi mawi HP).

kawruhjawi2.jpg

Sinambetan babagan telekomunikasi, wonten saben kabudayan sejatosipun sampun wonten ugi sarana kangge telekomunikasi tradisional. Raja Sulaiman nate ngginakaken manuk Bul-bul kangge mangertosi kahanan negri Saba. Tiyang-tiyang Indian ngginakaken keluk (asap) kanthi kode-kode ingkang saged dipun waos saking tebih. Masyarakat Jawa inggih gadhah sarana telekomunikasi tradisional inggih menika kenthongan. Kenthongan saged dipun ginakaken kangge pratanda menawi wonten kahanan tertentu. Kahanan ingkang informasinipun asring dipun sebaraken kanthi kode-kode kenthongan biasanipun menawi kahanan bahaya; lindhu , banjir , siti longsor, gunung mbledos, lan sakpanunggalanipun. Menawi kahanan bahaya kados menika kenthongan ditabuh kanthi terus-terusan lan irama cepet dipun arani ‘titir’. Jaman rumiyin, gegandengan kaliyan mitos, kahanan kados grahana ugi dipun mangertosi dados kahanan bahaya sahingga menawi wonten grahana (srengenge nopo bulan) tiyang-tiyang sami nabuh kenthongan titir ugi supados raksasa ingkang ‘mangan’ bulan utawi srengenge saged nglepeh malih supados kahanan mboten peteng ndedet.
Kajawi kahanan bahaya, kenthongan dipun ginakaken ugi kangge pratanda misalipun kangge kempalan kerjabakti utawi kempal sanesipun. Sanesipun, kenthongan ugi kangge pratanda ibadah sholat wonten ing masjid.

Jaman sak menika, telekomunikasi tradisional sampun awis dipun ginakaken, sinaoso wonten kahanan tertentu taksih wonten manfaatipun, kadosto menawi listrik pejah utawi nalika mboten wonten alat elektronik.