Nyambung seratan wonten mriki lan wonten mriki ingkang nyerat babakan lagu dolanan anak jawi ingkang sak punika sampun awis dipun panggihaken. Wonten ngandap punika wonten sak perangan lagu dolanan ingkang saged dipun tambahaken. Lagu dolanan tambahan punika kula pendhet saking mriki.
Emanipun ngantos sak punika kula dereng pinanggih lagu dolanan MP3 ingkang saged dipun-unduh (download) saking internet. Mbok menawi wonten ingkang kagungan?
Sluku-sluku bathok
Sluku-sluku bathok
bathoke ela-elo
si romo menyang solo
oleh-olehe payung moda
tak jenthir ololobah
wong mati ora obah
yen obah medeni bocah
yen urip nggoleko dhuwit
Gotri nagasari
gotri legendri nogosari, ri
riwul iwal- iwul jenang katul, tul
tulen olen-olen dadi manten, ten
tenono mbesuk gedhe dadi opo, po
podheng mbako enak mbako sedeng, deng
dengklok engklak-engklok koyo kodok
Dayohe Teka
Ei.., dayohe teko,
Ei.., jerengno kloso,
Ei.., klosone bedah,
Ei.., tambalen jadah,
Ei.., jadahe mambu,
Ei.., pakakno asu,
Ei.., asune mati,
Ei.., guwangen kali,
Ei.., kaline banjir
Te Kate Dipanah
Te kate dipanah
Dipanah ngisor gelagah
Ana manuk konde-onde
Mbok sirbombok mbok sirkate
Mbok sirbombok mbok sirkate
Gek kepriye
Duh kaya ngene rasane
Anake wong ora duwe
Ngalor ngidul tansah diece
Karo kanca kancane
Pye pye pye pye ya ben rasakna
Pye pye pye pye rasakna dewe
Pye pye pye pye ya ben rasakna
Pye pye pye pye rasakna dewe
Pitik Tukung
Aku duwe pitik pitik tukung
Saben dina tak pakani jagung
Petok gok petok petok ngendok pitu
Tak ngremake netes telu
Kabeh trondol trondol tanpa wulu
Mondol mondol dol gawe guyu
Ilir-ilir
Lir ilir..lir ilir..tanduré wus sumilir Tak ijo royoroyo..taksengguh temantèn anyar
Cah angon.cah angon..pènèkké blimbing kuwi , Lunyu-lunyu ya pènèken kanggo masuh dodotira
Dodotira dodotira kumitir bedhah ing pinggir Dondomana jlumatana kanggo séba méngko soré Mumpung padhang rembulané
Mumpung jembar kalangané Ya suraka..surak horéé
Kate – Kate Dipanah
Te kate dipanah
dipanah ngisor nggelagah
ana manuk ondhe ondhe
Mbok sir bombok bok sir kate
Mbok sir bombok mbok sir kate
Menthok – menthok
Menthok menthok tak kandhani
Saksolahmu angisi-isini
Mbok ya aja ngetok
Ana kandhang wae
Enak-enak ngorok ora nyambut gawe
Menthok-menthok mung lakumu
Megal-megol gawe guyu
Kupu Kuwi
Kupu kuwi tak encupe
Mung abure ngewuhake
Ngalor-ngidul
Ngetan bali ngulon
Mrana-mrene mung sak paran-paran
Mbokya mencok tak encupe
Mentas mencok clegrok
Banjur mabur kleper
Cempa
Cempa rowa
Pakananmu apa rowa
Tuku gendhing ndhing ndhing ndhing
Rowang rawing wing wing wing
Bong kecebong jarane jaran bopong
Sing nunggangi Semar Bagong
Ecrek-enong ecrek-egung ecrek-enong ecrek-egung
Jago Kate
Jago kate te te te
Kukukluruk … kok
Amecece ce ce ce
Kukukluruk
Dibalang watu bocah kuncung
Keok … kena telehe
Njranthal … pelayune
Mari umuk mari ngece
Si kate katon nyekukruk
PADANG MBULAN
Yo, poro konco dolanan ning jobo
Padang mbulan, padange koyo rino
Rembulane sing ngawe-awe
Ngelingake ojo podo turu sore
JAMURAN
Jamuran… jamuran…ya ge ge thok…
jamur apa ya ge ge thok…
Jamur payung, ngrembuyung kaya lembayung,
sira badhe jamur apa?
KODOK NGOREK
Kodok ngorek kodok ngorek ngorek pinggir kali
teyot teblung teyot teblungteyot teyot teblung
Bocah pinter bocah pinter besuk dadi dokter
bocah bodho bocah bodho besuk kaya kebo
KIDANG TALUN
Kidang talun
mangan gedang talun
mil kethemil…mil kethemil…
si kidang mangan lembayung
DONDHONG APA SALAK
dhondhong apa salak dhuku cilik cilik
gendong apa mbecak mlaku thimik thimik
adhik ndherek ibu tindak menyang pasar
ora pareng rewel ora pareng nakal
mengko ibu mesthi mundhut oleh-oleh
kacang karo roti adhik diparingi
PITIK TUKUNG
Aku duwe pitik, pitik tukung..
saben dina, tak pakani jagung
petok gogok petok petok ngendhog siji,
tak teteske…kabeh trondhol..dhol..dhol..
tanpa wulu..megal-megol.. gol.. gol.. gawe guyu…
JARANAN
jaranan-jaranan… jarane jaran teji
sing numpak ndara bei
sing ngiring para mantri
jeg jeg nong..jeg jeg gung
prok prok turut lurung
gedebug krincing gedebug krincing
prok prok gedebug jedher
GUNDHUL-GUNDHUL PACUL
Gundhul gundhul pacul cul, gembelengan
nyunggi nyunggi wakul kul, petentengan
wakul ngglimpang, segane dadi sak latar
wakul ngglimpang, segane dadi sak latar
MENTHOK-MENTHOK
Menthok, menthok, tak kandani mung lakumu,
angisin-isini mbok yo ojo ngetok,
ono kandhang wae enak-enak ngorok,
ora nyambut gawe
menthok, menthok …
mung lakukumu megal megol gawe guyu
GAMBANG SULING
Gambang suling, ngumandhang swarane
tulat tulit, kepenak unine
uuuunine.. mung..nreyuhake ba-
reng lan kentrung ke-
tipung suling, sigrak kendhangane
SUWE ORA JAMU
Suwe ora jamu
jamu godong tela
suwe ora ketemu
ketemu pisan gawe gela
TAK LELO LELO LEDUNG
tak lelo lelo lelo ledung…
cup menenga aja pijer nangis
anakku sing ayu rupane
nek nangis ndak ilang ayune
tak gadang bisa urip mulyo
dadiyo wanita utomo
ngluhurke asmane wong tua
dadiyo pendekaring bangsa
cup menenga anakku
kae bulane ndadarikaya ndas butho nggilani
agi nggoleki cah nangis
tak lelo lelo lelo ledung
cup menenga anakku cah ayu
tak emban slendang batik kawung
yen nangis mudak gawe bingung
tak lelo lelo ledung..
srengenge nyunar
srengenge nyunar kanthi mulyo
anginne midid klawan rena
manuk’e ngoceh ono ing witwitan
Kewane nyegrut ono ing pasuketan
kabeh podho muji Allah kang mulyo
kabeh podho muji Allah kang mulyo
68 komentar
Comments feed for this article
Oktober 30, 2008 pada 7:33 am
gunarso
wonten dhaerah kulo Kertosono
wonten ukara/lagu ingkang mboten sami
kadosto:
lagu sluku-sluku bathok
sanes payung moda nanging payung motha/montha
sanes tak jenthir …. nanging mak jenthit
lagu gotri nagasari
sanes gotri legendri… nanging gotri ala gotri
sanes tulen olen-olen dadi manten …. nanging dolan awan-awan ndelok manten
lagu te kate
sanes mbok sir bombok … nanging mbok sribombok mbok srikate
(sribombok kaliyan srikate meniko naminipun salah satunggale jinis peksi/manuk)
wah dados kemutan rumiyin udakara warsa 1970-an
listrik dereng mlebet desa, nepaki mbulan purnama, utawi malem minggu
dolanan sareng-sareng rencang wonten plataran tanggi ingkang wiyar ngantos jam 9-10 dalu… sakmenika duh sampun mboten wonten malih kahanan ingkang kados mekaten.
lare alit -alit dibebani Pe-Er ingkang kathah…. kedah sinau ngantos dalu … mesak-aken nggih, badhe dolanan sampun mboten wonten plataran ingkang wiyar.
Desember 4, 2008 pada 6:17 pm
om Bertus
ndherek pitepangan, kula saking mBantul. mBok bilik wonten keparengipun, kula kepareng ngundhuh isen-isenipun blog panjenengan, inggih kangge nggethok tularken tembang-tembang dolanan ingkang sampun dipun supekaken dening generasi mudha kita.
Nuwun, awit saking idi palilahipun.
Desember 14, 2008 pada 8:21 am
ahmad
kulo tumut bingah jenengan damel blog bhasa jawi, menawi wonten kulo nyuwun tondene pidato bahasa jawi engkang gegandengan kalian adicoro pernikahan lan lintu-lintunipun. Sakderenge kulo matur agunge panuwun..
Januari 10, 2009 pada 2:29 pm
prawiro
Bingah sanget menawi tasih wonten sedherek Jawi ingkang nguri-nguri kabudayaan lami, amargi dhalem raosaken lare sakmenika sampun ka gerus kalian kabudayaan modern
Januari 14, 2009 pada 9:07 am
pramesthy
Ndherek pitepangan, kula menika salah setunggaling siswa basa Jawi ing unnes, universitas negeri semarang. Ing ngriki kula ndherek Forum UKM (Unit Kesenian Mahasiswa) Kesenian Jawa (FUKM KJ) Unnes.
Ngaturaken pirsa sekedhik bilih Bp Widodo, S.Sn, M.Sn, dosen pendamping UKM Karawitan ing FUKM KJ Unnes kinten-kinten kalih wulan kepengker (kula menika lalinan.. hehehe) lounching lagu dolanan yasan piyambak ugi lagu dolanan lawas ingkang dipunaransemen enggal.
Lagu dolanan lawasipun antawisipun “Sapi, Bocah Dolan lan Tikus Pithi”
Sanesipun lagu dolanan enggal ingkang diunanggit piyambak dening Pak Wid. Ing antawisipun inggih menika: “Tari Bali, Ijo Royo-Royo, Mbangun Desa, lsp (kula kesupen malih… ^_^)”
Ananging emanipun ingkang samenika dipunkathahi nembe buku&kaset+CD macapat ingkang kinten-kinten ugi sae kangge media pembelajaran.
Wasana cekap semanten. Nuwun.
Januari 15, 2009 pada 5:31 pm
sabdalangit
Sugeng tetepangan, blog engkang estu dados cagaring kabudayan Jawi.
Mugi ndadosaen renaning penggalih ing ngakathah. nderek nyumbang lagu-lagu kina;
Bebek Adus Kali
bebek adus kali
nyosori sabun wangi
ibu mundut roti
cah ayu diparingi
bebek adus genthong
nyosori jangan terong
bapak dolanan pingpong
kesemash wudele bodong….
bebek adus blumbang
nyosori wadah dubang
simbah mundut deluwang
cah bayi lakune mbrangkang
nuwun sewu meniko ingkang bait 3 lan 4 namung awur-awuran kemawon. nyuwun gunging pangapsami.
sabdalangit’s web
“jalan setapak menggapai spiritualitas sejati”
membangun bumi nusantara yg berbudi pekerti luhur
Januari 21, 2009 pada 5:26 am
pramesthy
Wara-wara..
Kaset lagu dolanan cacah 10 samenika sampun wonten.
Menawi badhe ngersakaken mangga dhateng wonten FUKM Kesenian Jawa B2 FBS Unnes. Nuwun.
🙂
Februari 7, 2009 pada 1:23 am
azied dewa
nDherek srawung…benjing dinten Selasa Surya kaping 10 Februari 2009, kula kaliyan para kanca saking ex Tamansiswa badhe ngawontenakan pentas ngangge tembang-tembang dolanan anak…..bilih para sutresna tembang dolanan badhe hanyengkuyung, kula sak kanca ngaturaken gunging panuwun kang tanpa upami…kanthi irah-irahan Bocah Gugat mugi saged ngemutaken bilih sakmenika dolanan anak (tembang) saged dados solusi kangge patrap sosial, ekonomi, politik, budaya lan sanesipun…mugi-mugi….
Februari 16, 2009 pada 10:01 pm
azied dewa
dalu menika kula sampun ngrampungaken tigang dasa (30) tembang dolanan, isinipun pocapan (syair) lan tembang (melodi lagu).
taksih wonten seketan ingkang nembe badhe kula garap, menawi wonten ingkang tertarik mangga sareng-sareng kula nggesangaken malih tembang dolanan samangke…
Februari 16, 2009 pada 10:04 pm
azied dewa
kagem sedherek pramesthy, kados pundi anggen kula saged nggadhahi kaset-kaset tembang dolanan…
Februari 22, 2009 pada 12:32 pm
elisabet lind
Kula remen sanget mireng lan maos lagu lagu dolanan lare lare. Kula, meniko saking Stockholm Swedia. Sameniko kula saweg padosi turununan werni werni saking Kodok ngorek. Sampun wonten sekawan utawi gangsal. Kodok ngorek meniko dipun angge wonten taman kanak kanak Indonesia wonten Stockholm.
Kadospundi menawi lagu dolanan sanes ingkang dipun serat wonten inggil.
Ngendikakipun sampun awis dipun angge sameniko.
Menapa taksih dipun nyanyi lare lare alit wonten taman kanak kanak menopo wonten sekolah dasar? Mugi mugi saged dipun gesangaken maleh.
Matur nuwun
Elisabet
Maret 15, 2009 pada 2:05 am
candreswari
kepareng badhe nyuwun pirsa. lagu2 dolanan ingkang sampun kapacak menika pangriptanipun sinten kemawon???
April 19, 2009 pada 4:33 am
buell
menika kulo wonten tembang pitik jawa banyumasan…
aku duwe pitik cilik, lemu wulune brintik
cucuk kuning, jengger abang
tarung mesti menang!!
sapa wani karo aku, mungsuh pitikku…
mungsuh pitik ku…
September 21, 2010 pada 2:23 am
fadlil
menawi badhe padhos tembangipun pitik cilik meniko dateng alamat menopo njih.. nuwun..
Mei 29, 2009 pada 4:41 am
Prijanto
Matur nuwun wonten catetan tembeng-tembang dolanan. Saged eling jaman sekolah rakyat ( SR ) jaman tahun 50-60 an.
Kulo kepingin sag gadhah tembangipun dateng CDnipum. mBok bilih wonten konco-konco ingkang kagungan info, sekalian tembang – tembang Jawi pakem dandang gulo, pucung, sinom, lan sapanunggalanipun, saged bagi-bagi kabar, dateng pundi saged pados.
Matur nuwun.
Jakarta, 29 Mei 2009.
Prijanto.
Juli 21, 2009 pada 7:39 am
andre
ok i am very happy ada website ini, tolong tambahkan lirik lagu campursari
Juli 28, 2009 pada 6:01 am
komputrix
menawi wonten ingkang ngersaaken ngunduh lagu-lagu dolanan jawi, saged ningali http://sukolaras.wordpress.com. kula inggih sampun ngunduh kathah saking blog punika.
Maret 31, 2010 pada 4:51 pm
sukolaras
matur nuwun dipun woro-woro aken
Agustus 26, 2009 pada 10:48 am
Cahya Budiyana
Wah, kula manggihi Blog punika lan nembangaken lelagon-lelagon punika dados kemutan kaliyan Eyang kula ingkang sampun tilar. Kula injih ndherek prihatin, kalian lare-lare jaman sakniki kang sampun mboten nate dipun tembangaken lelagon dolanan menapa malih dipun dongengi sakderengipun tilem. Kula ugi kraos isin lan campur mokong, kaliyan Mbakyu Elisabet Lind wonten Sewdia. Tebih-tebih wonten Swedia, ananging migatosaken babagan nguri-uri kawruh Jawi punika… Mangga sesarengan kita sengkuyung amrih mboten ical. Salam
Januari 7, 2010 pada 2:09 am
hari cahyono
kulo gadhah mas tembang awis;
aku duwe adhek,
tak lingguhke dingklek.
tibo junkir walik.
wudele thotol pithik,
Januari 7, 2010 pada 2:22 am
hari cahyono
satunggal maleh:
min minthok.mimin moro ngendhok.
ngendhok pitulikur.digethak mabur-mabur.
mabur ning prapatan.tuku bubur ngo sarapan.
pripun mas sampun gadhah nopo dereng,niki tembang naliko kula alit,inkang gesang ing kalbar,naliko transmigran.nek wonten pelangi bocah-bocah benggok ;pak tejo uwis teko……..nganti blangkemmen ha……ha…..! lsekar dayohe teko,niku kurang 1syair,
e…kaline banjir.e…..guwangen pinggir.
wonten maleh mas,
purwokerto ayo…to
togog baru ayo….ru
rumah sakit ayo…kit
kidang mlayu ayo…yu
yuyu kangkang ayo…kang
kanggo gawe ayo……we
wedang kopi………pilegg ghender.
asli saking kulo sedoyo ampun didhol nggih,niki dereng kulo daftaraken wonten haki,
Januari 7, 2010 pada 2:17 pm
hari cahyono
malih imbuh mas:
nyil-unyil usrok.
pak raden ngumbah popok.
dalane menggak-menggok.
sing dodol lolhak-lolhok.
niki tembang nalika kula tasih alit mas,sumpah.sakderenge kulo pirso tv lan sumerep si unyil.
Januari 30, 2010 pada 1:01 am
latree
ndherek nge-link dhumateng postingan punika 🙂
maturnuwun
Maret 10, 2010 pada 3:36 pm
kumboyono
MBOK KULO MYUWUN TULUNG njenengan catetke lagon BUTO2 GALAK
LARE PACITAN.
Juni 22, 2010 pada 11:15 am
Brotoadmojo
kulo tumut remen taksih wonten ingkang nguri-uri lagu dolanan. muwun
Juni 30, 2010 pada 4:51 pm
Joko mbilung
Lindri… Adhang telung kati, lawuhe bothok teri..
Juni 30, 2010 pada 5:22 pm
Joko mbilung
Urun rembug, mugi wonten ingkang saged nerusaken.
@ bhuto-bhuto galak solahe lunjak lunjak…
@ lumbung desa pro tani pada makarya ayo dhi, njupuk pari nata lesung nyandak alu, ayo yu, pada maju yen wis rampung nuli adhang ayo kang, da tumandhang nyoso beras ana lumpang.
@ Bedug agung, bedhug agung, kang gumantung, kang gumantung, piye unine, ngene unine, dhang dhung ethek ethek dhang dhung ethek ethek…
@ mbung2 maleki tali tembung mbung maleka, gentheng omahe celeng alun-alun omahe ndoro, ndoro2 kajeng nyang pasar tuku udheng, udheng2 batik nyang pasar tuku pithik…
@ jam siji kliwat limo mo opo montor, montore madhep ngidul dul opo dulan…
Juni 30, 2010 pada 5:40 pm
Joko mbilung
~ ning nong ning gung pak bayan, sego jagung ora doyan…
~ cempe-cempe udhano deres gedhe tak opahi duduh tape.
~ cublak2 suweng, suwenge ting gelendher, mambu ketundung gudhel, pak empong lera lere sapa ngguyu ndelik ake sir..sir pong dele kopong…
Agustus 27, 2010 pada 3:42 pm
Guthir Mamadh
Matur Nuwun… wah niki jan saged nambani kangen wekdhal jaman alit rumiyin… sepindhah malih matur nuwun….
September 9, 2010 pada 3:16 pm
Hantoro
wahhh ….matur nuwun sanget dene kula saget nemokaken blok kawruhjawi menika. anak kula nembe raosan menawi bade ngawontenaken lomba dolanan bocah. ing wulan Nopember ngajeng. dados kaleresan sanget menika saget kangge tambah wawasan. kula nyuwun palilah para sederek sadaya ingkang sampun nulis tembang-tembang dolanan menika bade kula unduh. Mugi-mugi kesaenan para sederek dipun berkahi Gusti piyambak. Mbokmenawi taksih wonten sintena kemawon ingkang nggadahi tembang-tembang utawi dolanan bocah senesipun, kula nyuwun sageda dipun kintun wonten email kula : agustinus.han@yahoo.co.id
matur nuwun sakderengipun.
September 24, 2010 pada 3:53 am
bambang
trimakasih atas lagu2 dolanan anak2 diatas… mari kita jaga warisan budaya leluhur kita dg sebaik2 nya…
Oktober 6, 2010 pada 2:49 pm
TUGIMAN
Matur nuwun sanget.. kulo bingah saget saget nemahi blog meniko.. kulo tumut nyengkuyung lan dongakaken mugi-mugi saget langkung komplit lan saget langkung migunani dumateng kito sami..
Desember 28, 2010 pada 6:00 pm
zaitun Adi suseno
kulo ngraos bingah saged manggih blog meniko… kulo saking Jawi Tengah wonten sekedik “komentar “panggenan kulo sami kaliyan: komentaripun mas Gunarso, saking Kertosono, Oktober 30, 2008, Bab ” ukara ingkang mboten sami” . Tambahan ing lagu :Dayohe Teka Ei.., “jerengno” kloso,
…> “gelarno” Kloso ( panggenan kulo : kloso – dipun gelar,… Jarik teles ingkang bade dipun pe –> dijereng ).
Kidang talun ,”mangan “gedang” talun—> mangan “kacang”—> maksudipun ” kacang panjang”…ron/godong -nipun… “lembayung ”
Nuwun.
Desember 28, 2010 pada 6:13 pm
zaitun Adi suseno
nderek bingah wonten blog ingkang nglestarekaken boso Jawi.Mugi saged ndadosaken boso Jawi ingkang sami, utawi standard.kangge piwulang wonten SD, generasi enem/enggal. awit antawisipun boso Jawi, Banyumasan, Tegal. Semarangan, Jogja ,Solo, Jawa Timuran : Ponorogo, Suroboyo Lsp,katah ukara ingkang mboten sami. Kados to :Kloso – dijereng, Jawi Tengah : kloso – digelar…dijereng kangge, barang kados sarung teles bade dipun pe – “dijereng”. Nuwun.
Maret 10, 2011 pada 6:08 pm
saloka
nderek pitepangan, lan nderek bingah , maos tetembangan, kangge nguri-uri kabudayan jawi ..
Maret 10, 2011 pada 6:09 pm
saloka
nderek pitepangan, lan nderek bingah , maos tetembangan, kangge nguri-uri kabudayan jawi .. ..
Maret 17, 2011 pada 12:29 am
tommy
sedih …
Agustus 3, 2011 pada 1:21 pm
...
bagus bgtt, makasih banyak 😀 !
Agustus 24, 2011 pada 11:24 am
mas antok
saya tertarik dg arti tembang ilir2…. tlng klo bs d terjmahkan arti N makna tmbng tsbt….
September 26, 2011 pada 6:11 am
Agus Purwanto Stevanus
ana meneh lagu dolanan banyumasan :
Montor – montor cilik
[maaf syair lengkape aku lali, mung pancingane mangkene:]
Montor motor cilik
sing nunggang mbleneg
…….
…….
[Lali]
Februari 9, 2017 pada 1:28 am
dotji
Montor montor cilik sik numpak blenek, lungguh lenggut2. ,ngantuk liyat liyut mak gragap neng tengah kretek. Ono grobak mandek. Grobake isi babi. Ambune ra pati wangi. Pak gede cungar cungir babine cedar cedir. Montore teros mak ngok. Babine senggrak senggrok. Ngok grok. Ngok grok. Ngokngok grokgrok
Januari 12, 2012 pada 4:23 pm
beyrul
aku kangen ama dolanan anak2… untuk saat ini tembang2 tersebut sudah tergerus kapitalisme dan modernisme
Februari 2, 2012 pada 2:19 am
yayak
buto-buto galak, solahmu lunjak-lunjak… ngadheg jingkrak-jingkrak nyandhak alu nuli tandhak…. ngadheg bali maneh, rupamu ting njeloneh…. iki buron opo tak sengguh buron kang aneh…
lha wong kowe we we sing marah-marahi…(yo ora, yo ora) 2x
Rupamu koq ngono hi hi , aku wedi ayo konco nuli bali…
Rogh..rogh..rogh..rogh.. matamu plerak plerok…
Rogh..rogh..rogh..rogh.. rupamu ting njeloneh…
mung rupamu uu uu uuuuu ting njeloooo neh
Februari 23, 2012 pada 4:33 am
firdian
nyuwun sewu, kulo bade nyumbang lagu.
judule pun “KUCING KU TELU”
kucing ku telu, kabeh lemu-lemu.
sing siji abang, sing loro klawu
meong-meong, tak pakani lontong.
ati ku seneng, kanca ku ndomblong
Maret 5, 2012 pada 1:00 pm
bimo seno
gajah gajah kowe tak kandhani jah
moto koyo laron,siung loro kuping gedhe,
kathik ngango tlale buntut cilik tansah kopat kapit..
sikil koyo bumbung awak koyo lesung mung mlakumu
megal megol.. sekedhik nyumbang lagu dolanan….suwun….
Maret 6, 2012 pada 2:36 pm
elisabet Lind
Menapa inggih wonen ingkang rekiam suanten ugi, mboten namung tembungipun. Sami sami meniko warisan ageng ingkang sangetg penting.
Elisabet ngeng Swedia
Maret 26, 2012 pada 2:29 pm
Arif Slalu di Hatimu
Thx Guys
Manfa’at Bnget
April 4, 2012 pada 10:38 am
sandret
menawi ajenge download mp3 lagu dolanan nopo tasek mboten wonten?
April 12, 2012 pada 10:21 am
haikal
trims, bisa bantu tugas basa jawa anak saya
April 30, 2012 pada 7:43 am
droid.jpr
Bagus sekali ada yang menuliskan ini di website. Kira2 ada mp3nya gak ya
Mei 6, 2012 pada 1:23 pm
ulamaahmad
ngenalke budaya jawi marang anak… sampe2 kaset2 lagu isine lagu dolanan anak…. dadi ketularan paling seneng “KupuKuwi”
Juni 1, 2012 pada 1:35 am
Musi Ono
katon soko sepur desaku angungkang kali
sakngisore minger menggok tembok ing klandri
bu kula langkung x2…mung sedela desa larut ketutupan
wit ngrembuyung
bu kula langkungx2 mboten mampir sowan ibu
kula namung nyuwun pangestu
musiyo
Juni 1, 2012 pada 1:38 am
Musi Ono
dendeng kething thing sambel lonthangthang
kakang medak yen medak olong olongan
benguk wana kecipir wungu kembange a o e
rowa rawe kemanten ketemu sore
Juni 1, 2012 pada 1:43 am
Musi Ono
esuk umun2 mas ayo podho adus
adus menyang sumur mas banyune bening nyarong
rupane bagus…cahyane kinclong2
mas/mbak nuwun sewu kulo nyrondhol mawan ,betheke klusu2 pokoke udhu….nuwun
Agustus 4, 2012 pada 10:38 pm
adi ayahe asyrofi
Mbok bilih kepareng ndherek nambahi lelagon :
Mimbik-mimbik, teangisan si Kancil neng patimunan
wong-wongan disotho o..o, anggondheli
wong-wongan di tonyo o..o anggondheli
Kancil nendhang kelet, Kancil nepang kelet
soyo suwe, soyo mepet
mimbik-mimbik, tetangisan si Kancil neng patimunan
Udan..kali-kali banjir
dalan jeblok, sawah subur tandurane
Pak penatu ribut mulung memehane
Caping, payung larang regane
andhong, becak mundhak ongkose
Kodok ngorek rame swarane
Kung kong kung..kung 2X
Wajibe dadi murid
ora kena, pijer pamit, kajaba yen lara
lara tenan, lara tenan, ora lara mung ethok-ethokan
iku wae kudu pamit nganggo layang
Pitik walik jambul, sega golong mambu enthong
Mangga sami kondur, weteng kulo sampun kothong
Enake,,e,,,sega liwet jangan terong
Enake..e..ngalahke wong urip nggedong
Balumbangku, kimplah-kimplah banyune
Ing tengahe, mekrok kembange trate
sliwar sliwer, warna-warno iwake
Sepat, mujaer, klaper lan tawes
suk mangsane, bakale gede-gede
Dak undhuh, dimemet bareng karo kancane
November 25, 2012 pada 9:56 pm
adhi
cari mp3nya kok susah ya
Januari 25, 2013 pada 4:10 pm
haryono an
maturnuwun mas
Januari 30, 2014 pada 4:00 am
Paranggi Rismoko Hadi
nuwun sewu pak admind…kulo badhe tanglet menawi tembang dolanan cungkup milang kondhe menika lagunipun pripun ngeh?
menika lirikipun ::
“Cungkup – cungkup milang kondhe,
Milang arum – arum tembayatan,
Cungkup maesa – jajagana jatu rangga,
Reyo – reyo sapa nggawa “
Februari 5, 2014 pada 2:22 pm
pramoodjava
Miin, min…mbok ya disiplin, teliti dan benar – mana yang pakek ‘da’ mana yang pakek ‘dha’, mana ‘ta’ mana ‘tha’
April 10, 2014 pada 9:47 am
sugi ana
sae
April 10, 2014 pada 9:50 am
sugi ana
wonten ingkang priksa lagu dolanan
Sekar soyang. . .
kidul Panji dul Semarang. . . .
(kirang langkung tetembunganipun mekaten, ..
salajengipun kesupen,. . .. )
nyuwun tulung dipun jangkepi.
Juni 5, 2014 pada 1:46 am
aris uzumaki
Meniko kulo remen kalih panjenengan ingkang sampun kerso nguri uri kabudayan jawi….
Cobi putro alit sakniki purun nguri uri kabudayan jawi kados lagu lan dolanan kala rumiyen meniko…!!!
Nentremmake manah….
September 14, 2014 pada 11:49 am
alveisyah
kalau makna dan isi lagu jaranan dalam bahasa jawa ada yang tau? minta tolong di share ya 🙂 matur nuhun
Desember 2, 2014 pada 4:47 pm
b'tari laras
Maaf, saya ndak begitu bagus krama nya, drpd salah pakai bahasa indonesia saja hehe.. Mau tanya kalau mau beli vcd tembang dolanan anak hubungi kmna ya? Soalnya saya cari d yutup ndak ada. Pengen belikan buat keponakan, lg seneng nyanyi soyang gara2 lihat d festival payung kemarinn. Terima kasih 🙂
April 27, 2015 pada 11:22 am
hans
belumbangku, kimplah kimlah banyune, ing tenga e , megrok kembange trate, pating sriwitt warno-warno iwak e, mujaer . gurame. wader. lan tawes besuk tak undu he, nggo pesto nak enak an
meniko lagu kulo saking te-ka pertiwi tahun 1977
Juli 1, 2016 pada 8:03 am
Me-Ow
Kulo nuwun, badhe tanglet.
rumiyin wonten dolanan ontong2 golong.
sak niki kok sampun supe.
menawi wonten ingkang taksih kemutan, nyuwun dipun imutaken coronipun dolanan meniko.
..
..
Matur nuwun…
Februari 9, 2017 pada 12:26 pm
ryant pratama
Kulo nuwon,badhe tanglet.
rumiyin wonten dolanan layangan,
sak niki kok sampun supe.
Matur nuwun…..
Oktober 7, 2017 pada 1:14 am
Wenk Mohan
salam rahayu sederek sedaya,
ajeng tanglet, nopo tasih kemutan tembang Gathot Kaca Edan? menika tembang dolanan kula lare pesisir Lamongan nalika tasik cilik.