Bronjong iku salah sak wijining wadah awujud koyo keranjang kang digawe saka uwit empring. Wujude pancen digawe kanggo dipasang ono ing pit utawa sepeda motor (brom pit). Jamane aku cilik mbiyen nate ditumpakke bronjong iku karo bapakku. Sisih siji bronjong diwenehi barang-barang supane imbang lan ora njomplang. Salah sawijining dino aku yo nate nemoni ana ibu kang numpakke anake nganggo bronjong. Anake numpak ana ing sisih kiwa lan ing sisih tengen bronjong diisi karo tabung gas. Menawa kelingan jaman biyen, numpak bronjong iku duwe keasikan dewe, kaya ana sensasi kang rada-rada aneh 😀
Saiki bronjong isih akeh digawe kanggo ngusung panen utawa kanggo dagang. Hananging saiki mulai ana peraturan kang nglarang kendaraan nggowo bronjong ana ing dalan gede. jarene akeh kacilakan kang disebabke bronjong iki. Kanthi ana peraturan iki akeh para pedagang lan para pawongan kang wis biasane ngaggo bronjong kanggo ngangkut barang lan rumangsa yen bronjong iku penting kanggo pangupa jiwa lan panguripane pada protes amarga tanpa nggunakke bronjong iku pada kangelan anggone dodolan utawa kanggo kegiatan saben dinane. Muga-muga wae masalah iki enggal ana titik temune. Amarga menawa bronjong iku dilarang iso nyebabke saperangan uwong kang dadi susah, uga sak mengko bocah-bocah ora bisa ngrasakke penake numpak bronjong (hehehe..)
6 komentar
Comments feed for this article
Desember 15, 2008 pada 5:42 pm
sitijenang
menawi wonten gambaripun langkung sae.
Desember 16, 2008 pada 4:45 am
mtamim
inggih pak, kala wingi dereng sempat ngunggah fotonipun.
sampun kula unggah
Januari 1, 2009 pada 1:16 am
syaiful
Assalamualaikum Wr. Wbr.
Kunjungan perdana diawal tahun ini. muda-mudahan di tahun ini lebih baik dari tahun sebelumnya. amiin.
salam kenalan ya.
Juni 9, 2010 pada 5:42 am
tjokro
kulo remen sanget saget maos dongeng kalian pangalaman2 ingkang di pun upload kalian juru tulis.
matur nuwun sanget, kulo remen
September 23, 2014 pada 11:37 pm
heru
akeh alat.bronjong e sepeda.kronjot wadah suket,krusu wadah pitik,kampekan go meres parudan krambil dijupuk lengane.
Februari 11, 2015 pada 1:29 am
Lois
Kula ningali brongsong dipunpasang ing brompit/ sepeda motor. Sakmenika sampun mboten wonten tiyang estri ingkang nggendong tenggok, nggih?