Kula gadhah rencang ingkang kagungan bapak, asmanipun Kyai Najmuddin, ingkang taksih saged dipun wastani ‘kuno’, wonten ing nyandang punopa dahar. Mbok menawi menika amargi panjeneganipun mendalami tasawuf dados sinaoso gesang sederhana. Nalika sugengipun kadangkala mboten rena menawi mangertosi sandangipun ingkang ditumbaske putra-putra kanthi regi ingkang awis. Bapak punika biasa nyimpen arta wonten ing nginggil lemari lan ngandap bantal😀 Rencang kula ingkang radi ngglidig asring mendet arta menika kangge jajan. Hahaha.
Babagan daharan inggih sederhana.
Nalika tindak haji, wonten ing pesawat dipun tangleti kalian pramugari mbok menawi ngersakke ngunjuk menapa. Kanthi mboten basa-basi njawab menawi nyuwun didamelaken unjukan TEH ANGET GENDIS JAWI!