You are currently browsing celoteh .:tt:.’s articles.

Gusti mboten sare, Nduk!

Sing dowo ususe ya Nduk. Sing jembar apurane. Elinga: sopo nggawe nganggo, sopo nandur ngunduh. Yen sing mboklakoni saiki iku wohing prilakumu ing mangsa kepungkur, nyuwuna pangapunten marang Gusti lan lakonana lelakon iku kanthi syukur, dene Gusti sampun maringi piwalesan ana ing ndonya, ngelong-longi piwalesan ana ing akhirat. Amin.

Pasraha marang Gusti, Nduk!
Ojo nuruti hawa nepsumu. Manungsa kuwi panggone lali lan kleru. Ojo sepisan-sepisan males kaluputaning liyan, amarga piwalesan dudu hakmu. Gusti Kang Maha Adil kang bakal males sakabehing tumindake manungsa.

Nduk..
Sakabehing lelakon kuwi nggadhahi maksud kang becik. Yen sliramu sabar lan ikhlas, Gusti paring luwih saka pangarepanmu. Uripa ing kebaking pamuji syukur, Gusti paring tentrem ono ing salaminya uripmu. Amin.

#tt

teh-poci1

Kala wingi sampun wonten seratan bab Teh Anget Gendhis Jawi. Sakmenika kula caos seratan bab Teh Poci Gula Batu. Unjukan kang nggadahi ciri khas disuguhaken ngagem grabah anami poci lan diunjuk ngagem cangkir alit kang kadamel saking lemah lempung, panas, kenthel, ngagem gendhis batu. Dicor sekedik-sekedik, diudak alon-alon, lajeng disruput. Raos sedep, mantep, agawe gumepyar. Cocok ing mongso rendeng punika. Sumonggo bapak, ibu, kangmas, mbakyu diunjuk teh pocinipun…. :)</p

Dipununggah malih wonten ing blog-tt

dscn1734

Kembang kang endah iku aran Kembang Combrang. Warna jambon kang  seger katon eman arep kapethik. Sopo sing nyangka kembang iku duwe aroma lan rasa kang sedep lan seger. Ono ing daerah kulon, yho kuwi Gombong mengulon, kembang combrang asring kanggo campuran pecel bebarengan uga karo kembang turi. Rasa kang seger lan rupa kang endah nambahi manteb anggone dhahar pecel.

Werdining katresnan punika;

rerakit lumampahing mangsa kang ngukir

lembaring dalu rina, kang sinerat dening astaNya.

Werdining katresnan punika;

reroncening trenyuh kabagyan,

kang medal saking panangis lan gumuyu,

trus rumesep ing telenging kalbu.

Werdining katresnan punika;

angaksami tumrap sadaya kalepatan,

nampi samukawis klentu pakarti tuwin sisiping pitembung.

Werdining katresnan punika;

sabar sareh ugi nampi samukawis panandhang

lamun pedhut pacoban hanelahi, katresnan kinarya pepadhang.

Werdining katresnan punika;

rak ugi sami pitados lan manungkung jroning pangajeng-ajeng;

awit katresnan salaminipun langgeng.

Werdining katresnan punika;

peparingan Gusti Allah

katresnan kang mekar ing telenging manah,

konjuka ing Ngarsa Pepadhanipun…

Wau dalu nalika tilem kulo ngimpi rencang kulo emah-emah. Kadosipun sewengi niku kulo namung ngimpi bab punika. Criosipun dangu lan nrenyuhi.

Wau enjang naliko tangi kulo seg ngertosi bilih kala wau namung ngimpi. Kulo lanjeng kirim pesen cekak mawi hp, crios dateng rencang kulo ingkang kulo impeaken. Rencang kulo lajeng mbales lan crios bilih wonten jawi ngimpi emah-emah niku pratanda mboten apik. Radi deg-degan sakwetawis, nanging kulo lajeng kemutan bilih Gusti maringi pratanda mboten namung sepindah.

Baca entri selengkapnya »

Dinten Ibu dipengeti saben tanggal 22 Desember. Nalika wonten rerembag bab punika kaliyan rencang, kulo kemutan ibu ingkang sampun kondur marak sowan wonten ngarsanipun Gusti. Inggih linuber lan jembar tresnanipun ibu dateng putra-putranipun. Inggih tresno ingkang sejati ingkang diparingaken ibu dateng bapak, sigaraning nyowo. Tresno punika ingkang ndadosaken gesang tansah ayem tentrem, susah, seneng saget dipun raosaken kanthi ayem.

Ibu, ingkang sampun ngandut kulo, ingkang ambabaraken kulo kanthi rekaos, ingkang sampun nglantaraken kulo ngantos dumugi ageng, mandiri kados sakmeniko. Ibu ingkang tresno kalian putra-putranipun ngagem caranipun piyambak. Ibu sanes tiyang ingkang kalem, sabar, utawi lembut. Ibu kulo punika tiyang ingkang galak, sregep, nanging alit atinipun. Dados asring menawi wonten ingkang nrenyuhaken ibu kulo namung saget nangis. Ibu ugi tiyang ingkang tertutup. Arang crios kaliyan putra-putra nopo ingkang dados  penggalihipun, namung dateng bapak ibu saget crios.

Ibu tasih alit nalika emah-emah kaliyan bapak. Seg 17 th kala semanten. Gadhah garwa bapak punika kabegjan piyambak kagem ibu. Tresno ingkang mboten dimangertosi kaliyan ibu, ibu caosaken dateng bapak. Nopo ingkang bapak paringi, ibu tampi. Nopo ingkang bapak suwun ibu caosi. Sinten ingkang ngerstosi nopo ingkang dados dalane gesang. Sinten ingkang mangertosi menawi ing tengahing bungah, bapak kedah tindak ninggalaken ibu piyambakan momong 3 lare ingkang tasih alit-alit. Nanging kolo semanten ibu tansah sabar nenggo bapak kondur. Kulo nate tanglet kaliyan ibu: ibu kenging nopo mboten menikah malih wekdal niku? Ibu namung ngendiko: “Ibu eman lan melas karo bapakmu”. Punika ingkang dados ungkapaning raos tresno ibu dateng bapak. Ibu ngendiko mekaten nalika ibu gerah lan sampun mboten saget mlampah. Crios kalih mbrebes mili amargi kemutan wekdal semanten.

Sakbibar bapak kondur, ibu lan bapak milai urip saking nol. Dodos bakul titih (jenang jagung). Menawi sonten mbebek jagung ngagem lumpang lan alu. Mbenjang enjang dipun ideraken. Namung cekap kagem sedinten. Mekaten teras saben dinten. Ngantos dumugi wanci bapak saget nderek buruh bangunan lan ibu nderek njait wonten pecinan. Kolo semanten ekonomi sampun radi lumayan. Saben sabtu bapak saget numbasaken susu kagem lare-lare. Lajeng bapak diparingi sabin kaliyan simbah. Bapak mboten gadhah pengalaman ngolah sabin. Ibu ingkang lare petani ingkang nderek ngolah sabin. Sekedik-sekedik bapak saget. Saben enjing bapak tindak sabin. Mangke jam 9 bapak kondur sarapan. Ibu asring nderek dateng sabin. Nderek matun, tandur, utawi derep. Malah asring nderek derep wonten sabin tiyang lan angsal bawon gabah saknyangking. Punika ingkang dados keseharian bapak lan ibu. Mangke menawi panen, bapak ingkang mbeto wonten peken diboncengaken wonten pit, ibu nyurung saking wingking lan wonten peken dipun sade kaliyan ibu. Menawi panenan polowijo, subuh-subuh bapak lan ibu sampun tindak peken. Saking mriku bapak lan ibu saget nyekolahaken 5 putra ngantos SLTA lan 1 ngantos sarjana (inggih kulo piyambak). Bapak asring ngendiko: “Bapak namung biso nyangoni kepinteran, dene bondo goleko dewe-dewe. Bapak mung biso nyekolahke nganti SLTA, dene arep sarjana sekolaho dewe.” Sakmeniko sampun 3 ingkang sarjana, 1 D3, lan 1 taksih nglajengaken S2.

Ibu gadhah sakit hipertensi. Ngunjuk obat pinten-pinten taun. Sampun pijet wonten pundi-pundi, berobat nggih wonten dokter spesialis saraf. Ibu nate angsal serangan stroke sepindah, nanging saget mantun. Lajeng serangan stroke ingkang kaping kalih njalari ibu lumpuk awak sisih kiwo. Ibu mboten saget mlampah piyambak, mboten saget nopo-nopo piyambak. Bapak ingkang ngrawat ibu kanthi sabar lan gemati. Kadangkolo ibu manja kados lare alit, nanging bapak saget mangertosi sanget bilih ibu punika gerah lan bapak ngladosi ibu kanthi tlaten. Kulo mbrebes mili menawi kemutan. Enjing2 bapak ingkang makpungi ibu, mangke ibu sikat gigi piyambak lan sabunan piyambak, bapak namung nguyur toyanipun. Nggantosi ageman, nyisiri, lsp. Kulo taksih kuliah wonten Jogja kolo semanten. Mbak ingkang wonten dalem sampun budhal nyambut damel nalika ibu wungu. Mangke ibu lenggah wonten ngajeng mriksani kendaraan sliwar-sliwer wonten ratan. Bapak wonten sisihipun nyriosi babagan ingkang ndamel ibu bungah. Kagem semangat gesang, bapak asring ngendiko bilih usia pernikahan bapak lan ibu sampun badhe ngancik 50 tahun utawi kawin emas. Sampun mbayangaken mbenjang menawi kawin emas badhe ngawontenaken syukuran. Nanging dereng ngantos dugi wancinipun, ibu angsal serangan stroke ingkang kaping tigo. Lan ibu opname wonten nggriyo sakit. Sedinten setunggal dalu ibu mboten wungu. Bapak wonten sisihipun ibu. Lare-lare ugi neggo ibu, maringi pandonga lan maringi semangat kagem ibu. Nanging ibu sampun kedah wangsul. Naliko sakaratul maut, bapak nyedak wonten sisihipun ibu lan ngendiko: “Bapak tresno karo siro to Su. Wis 48 tahun bareng-bareng ora tau padu to Su. REkoso bareng, seneng bareng. Saiki bocah-bocah wis podho mentas kabeh. Siro sing dadi ibu wis berhasil. Siro nek arep kondur wis padhang dalane.” Sakbibar bapak ngendiko ngoten, ibu kondur. Punika mboten saget kulo laleaken. Kulo mangertosi sanget bilih bapak lan ibu nggadahi tresno ingkang sejati. Ibu nenggo bapak ngendiko sakderengipun ibu kondur…

Mbenjang tgl 31 desember 2007 inggih kawin emasipun bapak lan ibu. Kulo bangga nggadahi tiyang sepuh kados bapak lan ibu. Kulo kepingin menawi mbenjang bebrayan, kulo nggadahi brayan ingkang tentrem lan tresno ingkang sejati.

Ibu, ibu bintang kagem kulo. Awan lan ndalu ibu wonten madangi kulo. Kulo sinau saking katresnan sejati bapak lan ibu. Sugeng gesang langgeng wonten ing sisihipun Gusti, Ibu…

Nyambung seratanipun omietha wonten mriki bilih nalika kulo alit kathah sanget dolanan bocah. Kathah ugi ingkang ngginakaken lagu inggih punika ingkang dipun wastani lagu dolanan. Ingkang taksih kulo eling inggih punika lagu dolanan cublak-cublak suweng, sledur-sledur (menawi wonten bahasa indonesia dolanan punika dipun wastani ‘ular naga’), sluku-sluku bathok, jamuran. Wonten ugi lagu ingkang damel pados bukur (undur-undur). Punika lagu-lagu ingkang sampun kasebat ing nginggil..

Cublak-Cublak Suweng

Cublak-cublak suweng, suwenge ting gelenter

mambu ketundung gudel

pak empong lira liru

sopo ngguyu ndelikake

sir sir pong dele kopong sir sir pong dele kopong

Sledur-sledur

Sledur-sledur, pak mantri dhahar bubur kepanasen mumbul-mumbul..

(Dolanan punika kados ‘ular naga’ wonten ing dolanan nusantara)

Bethet Kingkong

Bethet kingkong legendar gong, gonge ilang

camcao gula tetes lo jenalo ilang

(dolanan punika ngginakaken driji. bocah 2 utawa luwih lajeng maringi 5 driji saking asta kiwo, lajeng dipun tembangaken lagu punika. Mangke sinten ingkang ketiban pungkasan drijinipun kedah ditekuk (ilang). Ingkang menang inggih punika ingkang drijinipun luwih rumiyin ical sedanten)

Lagu kangge pados bukur

Bukur-bukur bapakmu kejegur sumur ( 🙂 punika supados bukur medal lan madosi ramanipun)

Taksih kathah lagu-lagu ingkang kangge ngiringi dolanan tradisional, nanging mboten sedanten ngginakaken boso jawi. Kathah ugi inggang ngginakaken boso indonesia. Kadosto “Ibu Tuti’, ‘Sepiring dua piring’, ‘Putih-putih melati’ lan kathah malih.

—namung kagem referensi, mbok menawi wonten putra-putrinipun, punapa adik ingkang sampun bosen kaliyan game wonten komputer, saget sinau dolanan tradisional—

Ing penanggalan jawa kabeh dino lan pasaran iku nduweni bobot dewe-dewe, kang iku mau biasa kanggo ngitung dino becik umpamane kanggo nemtokake dino kanggo krama (kawinan). Bobote kui yaiku koyo mangkene:

Senin nduweni bobot 4

Selasa nduweni bobot 3

Rebo nduweni bobot 7

Kemis nduweni bobot 8

Jemuwah nduweni bobot 6

Setu nduweni bobot 9

Minggu nduweni bobot 5

.

Dene dino pasaran iku bobote koyo mangkene:

Paing nduweni bobot 9

Pon nduweni bobot 7

Wage nduweni bobot 4

Kliwon nduweni bobot 8

Legi nduweni bobot 5

Coba itungen bobot dino lairmu. Umpama dino lairmu kuwi Rebo Pon, iku tegese bobot dino lairmu = 7+7 = 14 (Rebo=7 + Pon=7). Ongko kuwi klebu ongko sing becik (amarga kuwi weton lairku 🙂 )

RSS Kawruh Jawi @ Plurk

  • kawruhjawi Sugeng enjing. Sak punika kawruhjawi dugi donya maya wonten ing versi plurk. Saged dipun akses saking alamat plurk.com/user/kawruhjawi
  • kawruhjawi sanjang: menawi ngagem WAP handphone sumangga pinarak wonten plurk.com/m/u/kawruhjawi
  • kawruhjawi sanjang: sumangga pinarak ugi dateng blog kawruhjawi kawruhjawi.wordpress.com
  • kawruhjawi Ngimpi ateges pratanda?
  • kawruhjawi sinten ingkang remen nedi Godril??
  • kawruhjawi Garengpung, kewan multi-nasional
  • kawruhjawi berbagi Lagu dolanan anak 2
  • kawruhjawi berbagi nderek kersaning gusti
  • kawruhjawi numpak bronjong
  • kawruhjawi dolanan bocah jaman dhisik