You are currently browsing the category archive for the ‘budaya jawa’ category.

Sampun dangu blog punika mboten wonten seratan enggal, mbok bilih sak dangunipun 2011. Wanci-wanci punika pancen rencang-rencang kathah pedamelan sahingga mboten kober nyerat mboten ketang sekedik. Nanging, sanadyan seratan enggal mboten mandhap, seratan-seratan ingkang sampun-sampun alhamdulilllah taksih sami dipun waos. Kathah sanak kadang saking pundi-pundi papan ugi sami caos komentar sahingga inggih dados bingah amargi blog menika inggih wonten manfaatipun.

Lan dinten menika kula iseng mbikak dasbor wordpress. Wonten salah satunggalipun komentar ingkang istimewa. Ing satunggaling tulisan babakan Imigrasi Jawa Suriname jebul wonten seratan saking  Tiyang Jawi ing Suriname inggih punika Daglan Sodirijo. Kathah komentar saking para warga Jawi ing perantauan, saking Sumatera, Kalimantan, Sulawesi, Papua, lsp. Nanging tembe punika wonten seratan saking Suriname. Mugi-mugi kanthi komentar saking sederek Sodirijo punika saged nambah semangat malih dumateng rencang-rencang supados nyerat malih 🙂 Lan sugeng rawuh dumateng Pak Daglan Sodirijo, matur nuwun sampun kersa pinarak. Kula langkung bingah mbok menawi panjengengan ugi kersa nyerat babakan para sedulur Jawa ing Suriname.

 

Nyambung seratan wonten mriki lan wonten mriki ingkang nyerat babakan lagu dolanan anak jawi ingkang sak punika sampun awis dipun panggihaken. Wonten ngandap punika wonten sak perangan lagu dolanan ingkang saged dipun tambahaken. Lagu dolanan tambahan punika kula pendhet saking mriki.

Emanipun ngantos sak punika kula dereng pinanggih lagu dolanan MP3 ingkang saged dipun-unduh (download) saking internet. Mbok menawi wonten ingkang kagungan?

Sluku-sluku bathok
Sluku-sluku bathok
bathoke ela-elo
si romo menyang solo
oleh-olehe payung moda
tak jenthir ololobah
wong mati ora obah
yen obah medeni bocah
yen urip nggoleko dhuwit

Gotri nagasari
gotri legendri nogosari, ri
riwul iwal- iwul jenang katul, tul
tulen olen-olen dadi manten, ten
tenono mbesuk gedhe dadi opo, po
podheng mbako enak mbako sedeng, deng
dengklok engklak-engklok koyo kodok

Dayohe Teka
Ei.., dayohe teko,
Ei.., jerengno kloso,
Ei.., klosone bedah,
Ei.., tambalen jadah,
Ei.., jadahe mambu,
Ei.., pakakno asu,
Ei.., asune mati,
Ei.., guwangen kali,
Ei.., kaline banjir
Te Kate Dipanah
Te kate dipanah
Dipanah ngisor gelagah
Ana manuk konde-onde
Mbok sirbombok mbok sirkate
Mbok sirbombok mbok sirkate

Gek kepriye
Duh kaya ngene rasane
Anake wong ora duwe
Ngalor ngidul tansah diece
Karo kanca kancane
Pye pye pye pye ya ben rasakna
Pye pye pye pye rasakna dewe
Pye pye pye pye ya ben rasakna
Pye pye pye pye rasakna dewe

Pitik Tukung
Aku duwe pitik pitik tukung
Saben dina tak pakani jagung
Petok gok petok petok ngendok pitu
Tak ngremake netes telu
Kabeh trondol trondol tanpa wulu
Mondol mondol dol gawe guyu

Ilir-ilir
Lir ilir..lir ilir..tanduré wus sumilir Tak ijo royo­royo..taksengguh temantèn anyar
Cah angon.cah angon..pènèkké blimbing kuwi , Lunyu-lunyu ya pènèken kanggo masuh dodotira
Dodotira dodotira kumitir bedhah ing pinggir Dondomana jlumatana kanggo séba méngko soré Mumpung padhang rembulané
Mumpung jembar kalangané Ya suraka..surak horéé

Kate – Kate Dipanah
Te kate dipanah
dipanah ngisor nggelagah
ana manuk ondhe ondhe
Mbok sir bombok bok sir kate
Mbok sir bombok mbok sir kate

Menthok – menthok
Menthok menthok tak kandhani
Saksolahmu angisi-isini
Mbok ya aja ngetok
Ana kandhang wae
Enak-enak ngorok ora nyambut gawe
Menthok-menthok mung lakumu
Megal-megol gawe guyu

Kupu Kuwi
Kupu kuwi tak encupe
Mung abure ngewuhake
Ngalor-ngidul
Ngetan bali ngulon
Mrana-mrene mung sak paran-paran
Mbokya mencok tak encupe
Mentas mencok clegrok
Banjur mabur kleper

Cempa
Cempa rowa
Pakananmu apa rowa
Tuku gendhing ndhing ndhing ndhing
Rowang rawing wing wing wing
Bong kecebong jarane jaran bopong
Sing nunggangi Semar Bagong
Ecrek-enong ecrek-egung ecrek-enong ecrek-egung

Jago Kate
Jago kate te te te
Kukukluruk … kok
Amecece ce ce ce
Kukukluruk
Dibalang watu bocah kuncung
Keok … kena telehe
Njranthal … pelayune
Mari umuk mari ngece
Si kate katon nyekukruk

PADANG MBULAN
Yo, poro konco dolanan ning jobo
Padang mbulan, padange koyo rino
Rembulane sing ngawe-awe
Ngelingake ojo podo turu sore

JAMURAN
Jamuran… jamuran…ya ge ge thok…
jamur apa ya ge ge thok…
Jamur payung, ngrembuyung kaya lembayung,
sira badhe jamur apa?

KODOK NGOREK
Kodok ngorek kodok ngorek ngorek pinggir kali
teyot teblung teyot teblungteyot teyot teblung
Bocah pinter bocah pinter besuk dadi dokter
bocah bodho bocah bodho besuk kaya kebo

KIDANG TALUN
Kidang talun
mangan gedang talun
mil kethemil…mil kethemil…
si kidang mangan lembayung

DONDHONG APA SALAK
dhondhong apa salak dhuku cilik cilik
gendong apa mbecak mlaku thimik thimik
adhik ndherek ibu tindak menyang pasar
ora pareng rewel ora pareng nakal
mengko ibu mesthi mundhut oleh-oleh
kacang karo roti adhik diparingi

PITIK TUKUNG
Aku duwe pitik, pitik tukung..
saben dina, tak pakani jagung
petok gogok petok petok ngendhog siji,
tak teteske…kabeh trondhol..dhol..dhol..
tanpa wulu..megal-megol.. gol.. gol.. gawe guyu…

JARANAN
jaranan-jaranan… jarane jaran teji
sing numpak ndara bei
sing ngiring para mantri
jeg jeg nong..jeg jeg gung
prok prok turut lurung
gedebug krincing gedebug krincing
prok prok gedebug jedher

GUNDHUL-GUNDHUL PACUL
Gundhul gundhul pacul cul, gembelengan
nyunggi nyunggi wakul kul, petentengan
wakul ngglimpang, segane dadi sak latar
wakul ngglimpang, segane dadi sak latar

MENTHOK-MENTHOK
Menthok, menthok, tak kandani mung lakumu,
angisin-isini mbok yo ojo ngetok,
ono kandhang wae enak-enak ngorok,
ora nyambut gawe
menthok, menthok …
mung lakukumu megal megol gawe guyu

GAMBANG SULING
Gambang suling, ngumandhang swarane
tulat tulit, kepenak unine
uuuunine.. mung..nreyuhake ba-
reng lan kentrung ke-
tipung suling, sigrak kendhangane

SUWE ORA JAMU
Suwe ora jamu
jamu godong tela
suwe ora ketemu
ketemu pisan gawe gela

TAK LELO LELO LEDUNG
tak lelo lelo lelo ledung…
cup menenga aja pijer nangis
anakku sing ayu rupane
nek nangis ndak ilang ayune
tak gadang bisa urip mulyo
dadiyo wanita utomo
ngluhurke asmane wong tua
dadiyo pendekaring bangsa
cup menenga anakku
kae bulane ndadarikaya ndas butho nggilani
agi nggoleki cah nangis
tak lelo lelo lelo ledung
cup menenga anakku cah ayu
tak emban slendang batik kawung
yen nangis mudak gawe bingung
tak lelo lelo ledung..

srengenge nyunar
srengenge nyunar kanthi mulyo
anginne midid klawan rena
manuk’e ngoceh ono ing witwitan
Kewane nyegrut ono ing pasuketan

kabeh podho muji Allah kang mulyo
kabeh podho muji Allah kang mulyo

Caos Komentar Mawi Plurk

Jaman kula alit rumiyin wonten salah satunggaling cemilan ingkang populer kangge lare-lare ingkang sakmenika kadosipun sampun awis, inggih menika godril. Godril menika wiji saking woh trembesi utawi munggur (samanea saman). Sanadyan namung camilan sederhana, kangge nedi godril menika nggadahi perjuangan ingkang awrat, saking pados dumugi nedinipun piyambak.

Woh godril menika wujudipun lonjoran item kanthi wit ingkang inggil. Kembangipun warni gradasi pethak lan abrit ingkang peni. Woh godril saged gogrok saking wit menawi sampun tuwa lan biasanipun gogrog menawi wonten angin. Menawi musim godril biasanipun lare-lare (kula lan rencang-rencang) nengga wonten ngandap wit trembesi menika, nengga angin ingkang nggogrogaken woh godril.

Kadangkala lare-lare nembangaken tetembangan kangge nimbali angin (sayang kula sampun kesupen tembangipun 😦 ). Menawi wonten angin lan woh godril sami dawah, rencang-rencang sami kompetisi rebutan woh menika. Sanadyan sami rebutan hananging mboten ngantos kedadosan wonten cecongkrahan. Wonten ingkang angsal kathah lan sekedik sampun biasa, rejekinipun sampun piyambak-piyambak.

Woh godril menika dipun pepe rumiyin supados garing, amargi menawi dereng garing radi awrat anggenipun mecah utawi nggepuk kangge mendet wijinipun, amargi dagingipun lengket. Menawi sampun garing woh godril digepuk ngangge selo/watu (biasanipun watu kali). Wiji godril dipendet lan dipepe malih supados wijinipun garing. Menawi wiji sampun garing lajeng digoreng gongso utawi goreng tanpa minyak. Amargi nggoreng menika radi awrat kangge lare, biasanipun dipun gorengaken kaliyan ibu/emakipun.

Godril ingkang sampun mateng lajeng saged dipun beta menawi sekolah utawi menawi dolanan. Asring godril menika dipun nedi sesarengan kanthi guyub rukun.
Mboten kados kwaci ingkang kulitipun tipis, wiji godril menika nggadahi kulit ingkang kandel lan atos, kedah digeged kanthi kiyat supados saged pecah. Godril gadah raos ingkang khas, sahingga mboten rugi perjuangan kangge angsal cemilan menika. 🙂

Hananging wonten salah satunggalipiun efek samping nedi godril menika, ingging menika mambetipun “gas buang” hasil pengolahan godril menika sanget spektakuler… 😀 ngungkuli mambetipun jengkol sahinggo sering kangge goyon lan garap-garapan…

Godril, cemilan sederhana menika jebul nggadahi filosofi ingkang lebet: kangge kepenak kedah sagah rekaos rumiyin. Filosofi sanesipun inggih berlatih kompetitif lan sportif (nalika pados gogrogan godril), seni (tetembangan nimbali angin) guyub, kepedulian marang putra (ibu ingkang nggongso-ngaken kangge putrane), humor, lan sanes-sanesipun.
Wonten jaman sak menika godril sampun kageser kaliyan makanan-makanan instan moderen.

Gambar dipendhet saking http://ctahr.hawaii.edu, http://en.wikipedia.org/wiki/Samanea_saman

Update:
Rerembagan kalihan rencang, jebul rencang menika taksih kemutan sekedik tembang kangge ngundang angin menika. Kirang luwih mekaten:
Pe, cempe, undangno barat gede
tak upahi duduh tape..

Ten desa kawula, Desa Pucangan, wonten namine perangkat Dusun inang sakniki tesih wonten asmanipun namung fungsine sampun malih…

Perangkatipun yoiku :

  • Polo Uceng : tugasipun ngurusi irigasi dusun
  • Kamituwo : niki kepala dusun
  • Modin : tugasipun ngurusi masalah kerohanian dusun
  • Bayan : tugasipun wenehi pengumuman dateng warga, nek wonten acara desa
  • Jogoboyo : niki ngurusi keamanan desa, biasane paling sakti..

Nanging niku ten desa kulo sing tesih wonten, sinten ingkang purun nambahi…?

Wonten ing jaman teknologi moderen menika, komunikasi sampun langkung gampil menawi dipun bandingaken jaman rumiyin.Sak menika kanthi telepon seluler utawi HP lan internet, para kadang saget sami guneman utawi kirim pesen khanthi cepet, gampil lan mirah. Kados blog Kawruhjawi menika saged ugi dipun waos ngagem HP. Kula asring maos ngangge Browser Opera Mini (menika gambar tampilan Kawruhjawi mawi HP).

kawruhjawi2.jpg

Sinambetan babagan telekomunikasi, wonten saben kabudayan sejatosipun sampun wonten ugi sarana kangge telekomunikasi tradisional. Raja Sulaiman nate ngginakaken manuk Bul-bul kangge mangertosi kahanan negri Saba. Tiyang-tiyang Indian ngginakaken keluk (asap) kanthi kode-kode ingkang saged dipun waos saking tebih. Masyarakat Jawa inggih gadhah sarana telekomunikasi tradisional inggih menika kenthongan. Kenthongan saged dipun ginakaken kangge pratanda menawi wonten kahanan tertentu. Kahanan ingkang informasinipun asring dipun sebaraken kanthi kode-kode kenthongan biasanipun menawi kahanan bahaya; lindhu , banjir , siti longsor, gunung mbledos, lan sakpanunggalanipun. Menawi kahanan bahaya kados menika kenthongan ditabuh kanthi terus-terusan lan irama cepet dipun arani ‘titir’. Jaman rumiyin, gegandengan kaliyan mitos, kahanan kados grahana ugi dipun mangertosi dados kahanan bahaya sahingga menawi wonten grahana (srengenge nopo bulan) tiyang-tiyang sami nabuh kenthongan titir ugi supados raksasa ingkang ‘mangan’ bulan utawi srengenge saged nglepeh malih supados kahanan mboten peteng ndedet.
Kajawi kahanan bahaya, kenthongan dipun ginakaken ugi kangge pratanda misalipun kangge kempalan kerjabakti utawi kempal sanesipun. Sanesipun, kenthongan ugi kangge pratanda ibadah sholat wonten ing masjid.

Jaman sak menika, telekomunikasi tradisional sampun awis dipun ginakaken, sinaoso wonten kahanan tertentu taksih wonten manfaatipun, kadosto menawi listrik pejah utawi nalika mboten wonten alat elektronik.

 moon_through_trees_resize.jpg

ayo para kanca dolanan neng jaba
padhang mbulan, padhange kaya rina
rembulane..
sing ngawe-awe
ngelingake aja padha turu sore…

keris.jpgWonten ing tradisi Jawa ungkul, dinten lahir, utawi weton, nggadahi makna ingkang wigati. Weton biasanipun dipun pitadosi gadah pengaruh dumateng sifat-sifat menungsa. Weton sampun kados dados horoskopipun masyarakat Jawa, kados dene Hong Sui wonten masyarakat Cina. Sakmenika panjenengan saged pados weton panjenengan piyambak kanthi gampil ngginakaken software, contonipun saged dipun akses wonten website niki. Cekap kanthi sumadya tanggal lahir. Wonten website menika ugi saged ningali sifat-sifat saking weton panjenengan.

Sinaoso tradisi weton menika sampun dangu dados kepercayaanipun masyarakat Jawa, kanggening tiyang ingkang beriman kepercayaan kados menika sampun ngantos nglunturi marang akidah, amargi babakan takdir menika sampun dados kuasanipun Gusti. Inggih menika dados wawasan utawi ‘hiburan’ kemawon ampun ngantos dados keyakinan.

Kanggo kanca-kanca, hayoo weton-mu apa lan sifatmu kepiye? Bener opo ora? 😉

NYUWUN KAWIGATOSAN

Wonten posting punika Kawruh Jawi mboten mbikak nopo nampi jasa ramalan. Posting punika namung kangge wawasan lan “hiburan” kemawon. Nyuwun pangapunten menawi wonten kadang ingkang pengin dipun ramal mboten saged dipun wangsuli.

Nyuwun Pangapunten

Rikala dalem alit rumiyin, kathah sanget dolanan-dolanan tradisional ingkang dilakoni kaliyan rencang-rencang. Dolanan biasane wonten latar omah kang jembar ugi wonten lapangan. Biasane wonten bocah sedoso luwih ingkang kempal. Dolanan-dolanan khas bocah-bocah jawi, inggih meniko kadosto :

  • Jamuran
  • Lithungan (istilahipun wonten basa indonesia petak umpet)
  • Blodor, wonten daerah sanes kasebat gobak sodor
  • Jagoan
  • Sudhamandha, dolanan ngagem gacok(saking gendheng bata) lajeng bocah lompat beto gacok miyos kotak-kotak bujursangkar
  • Cublak-cublak suweng
  • Dakon
  • Bal Kasti
  • Lumpatan, ngagem tali ingkang didamel saking karet dipun rangkai, lajeng digoceki kalih bocah loro, bocah liyane nglumpati tali ingkang dhuwure wiwit sak dhengkul dugi sak dedegan
  • Uthat
  • Pasar-pasaran (ngagem godhong-godhongan lan kembang sekitar omah)
  • Gatheng utawa bekelan
  • Dolanan kecik, saking isi sawo
  • Thung-thung balung

Lan taksih kathah malih, dolanan-dolanan ingkang rumiyin pas alit, kadosto layangan, egrang, blusukan wonten kali, sawah, pekarangan kaliyan rencang-rencang. Dolanan boten namung wayah awan, ananging ugi nate dalu(wengi) saklebar ngaji wonten langgar.

Dolanan-dolanan kasebat wonten nginggil, mbok menawi wonten daerah sanes kadang wonten ingkang istilahipun benten. Mbok menawi rencang-rencang ugi nate dolanan kados meniko naliko alit.

Kulo kinten, dolanan-dolanan bocah tradisional meniko sae sanget, kejawi nglatih kekiyatan fisik(raga) ugi ngajaraken geguyuban, srawung, kerjasama, kekompakan, lingkungan sak kiwo tengen lan liya-liyane.

Nanging, sakmeniko, sebagian dolanan-dolanan meniko, sampun arang didolana, kados sami kesisih kaliyan dolanan elektronik ingkang luwih ijen(individual) kados game komputer, playstation, ugi tontonan tivi. Malah mbok menawi kathah bocah-bacah (lare-lare) ingkang sampun boten paham dolanan-dolanan khas jawi meniko. Kados boten namung wonten kutho ageng, wonten desa mawon sak meniko kados nggih sampun sami arang bocah-bocah ingkang dolanan bareng, boten serame naliko dalem taksih alit.

Mbok menawi, meniko saged dados renungan kito sedoyo, supados dolanan-dolanan bocah tradisional khas jawi boten ical kegeser jaman.

Nyuwun pangapunten menopo taksih wonten tembung ugi ukara ingkang dereng leres, taksih campur-campur. Kanthi leganing manah, nampi pembetulan 🙂

Sak menika kita saged mirengaken salah sawijining tembang macapat wonten ing handphone panjenengan sami. Hanphone ingkang saged dipun ginakaken inggih menika handphone ingkang sampun wonten fasilitas Java utawi handphone ingkang saged kangge audio 3GP lan AMR.

Macapat versi Aplikasi Java saged dipun-unduh wonten mriki
Macapat versi audio AMR saged dipun-unduh wonten mriki

Macapat MEGATRUH Slendro Sanga

Ing wurine yen ati durung tuwajuh
Aluwung aja angabdi
Becik angidunga rumuhun
Aja age age ngabdi
Yen durung eklasing batos

(If your heart does not yet firmly consent
Do not be in servitude
It is better to precede singing a poem
Do not hastily surrender yourself
If you do not yet resign wholeheartedly.)

Audio Source: gamelan.it
Format: AMR (4.75 KBPs)
Software: Nokia Multimedia Converter
Mobile application:inhandlearning.com

Para kadang saged ngunduh kathah tembang Jawi saking internet. Link-link menika mugi saged dipun dadosaken sumber kangge ngunduh tembang-tembang Jawi

http://larassejati.multiply.com/music


http://bharatayudha.multiply.com/music

esnips.com/web/campursari

esnips.com/web/klaten

esnips.com/web/karawitan

RSS Kawruh Jawi @ Plurk

  • kawruhjawi dolanan bocah jaman dhisik
  • kawruhjawi numpak bronjong
  • kawruhjawi berbagi nderek kersaning gusti
  • kawruhjawi berbagi Lagu dolanan anak 2
  • kawruhjawi Garengpung, kewan multi-nasional
  • kawruhjawi sinten ingkang remen nedi Godril??
  • kawruhjawi Ngimpi ateges pratanda?
  • kawruhjawi sanjang: sumangga pinarak ugi dateng blog kawruhjawi kawruhjawi.wordpress.com
  • kawruhjawi sanjang: menawi ngagem WAP handphone sumangga pinarak wonten plurk.com/m/u/kawruhjawi
  • kawruhjawi Sugeng enjing. Sak punika kawruhjawi dugi donya maya wonten ing versi plurk. Saged dipun akses saking alamat plurk.com/user/kawruhjawi