Kanthi nyebat asma Allah Ingkang Maha Mirah tur Ingkang Maha Asih. Alhamdulillah, sadaya puji namung kagungan Allah swt, dene sakmenika kita saged nemahi ramadhan lan saged nindakaken siyam. Mugi-mugi amal ibadah kula panjenengan saged dipun tampi lan pikantuk ridha saking Allah.

Wonten ing wulan ingkang barakah punika sumangga kita kathah-kathah midanget tausiyah agami punapa maos lan sinau Al Quran wonten ing Bahasa Arab ugi terjemahipun. Menawa para sederek bade sinau terjemah Basa Jawi sumangga dateng website http://wikisource.org/wiki/Jv/Al-Quran ingkang nyediani teks Al-Quran, alihaksara lan ugi terjemah Basa Jawi.
Sugeng nindakaken siyam, mugi tansah dirahmati lan diridhai Allah swt.