Rikala jaman durung ana listrik andalan kanggo pepadang wayah bengi biasane senthir utawa lampu teplok. Aku biyen, amarga desaku durung ana listrik, biasane sinau nganggo senthir utawa teplok iku. Yen genine gegedean semprong dadi gupak langes, ireng lan kandel. wis ngono murupe dadi katon ora padhang. Nha, gaweanku ndek cilik prasasat saben sore ngisi lenga mambu lan ngresiki langes semprong. Yen langes wis akeh biasane diresiki nganggo gombal disogok nganggo kayu guthik sahinggo semprong iso resik lan padhang sumurupe teplok.

Hayo, Sapa sing cilikane tugase ngresiki langes semprong?