Menawi ningali kendaraan umum, utaminipun kendaraan pengangkut barang, asring kita manggihi gambar lan seratan aneh-aneh lan lucu-lucu. Kadangkala inggih wonten gambar ingkang radi mboten sae (semi-porno). Wonten mergi watawis Semarang-Jogja kula manggihi seratan ingkang unik. Wonten salah satunggiling truk tangki bagian wingking dipun serat kados punika “NDEREK GUSTI”. Kadosipun punika dedonga lan wujud kepasrahan pengemudi/awak truk punika, pasrah mring agawe gesang, pasrah babakan keselametan wonten mergi, pasrah dumateng rejeki ingkang dipun paring saking Gusti. 🙂