Niki sakbeneripun komen ingkang masuk ten blog niki… saking mas Ahmad Samatho namung kedawan, sak meniko kula dadeaken postingan.

Read the rest of this entry »

Jaman kula alit rumiyin wonten salah satunggaling cemilan ingkang populer kangge lare-lare ingkang sakmenika kadosipun sampun awis, inggih menika godril. Godril menika wiji saking woh trembesi utawi munggur (samanea saman). Sanadyan namung camilan sederhana, kangge nedi godril menika nggadahi perjuangan ingkang awrat, saking pados dumugi nedinipun piyambak.

Woh godril menika wujudipun lonjoran item kanthi wit ingkang inggil. Kembangipun warni gradasi pethak lan abrit ingkang peni. Woh godril saged gogrok saking wit menawi sampun tuwa lan biasanipun gogrog menawi wonten angin. Menawi musim godril biasanipun lare-lare (kula lan rencang-rencang) nengga wonten ngandap wit trembesi menika, nengga angin ingkang nggogrogaken woh godril.

Kadangkala lare-lare nembangaken tetembangan kangge nimbali angin (sayang kula sampun kesupen tembangipun :-( ). Menawi wonten angin lan woh godril sami dawah, rencang-rencang sami kompetisi rebutan woh menika. Sanadyan sami rebutan hananging mboten ngantos kedadosan wonten cecongkrahan. Wonten ingkang angsal kathah lan sekedik sampun biasa, rejekinipun sampun piyambak-piyambak.

Woh godril menika dipun pepe rumiyin supados garing, amargi menawi dereng garing radi awrat anggenipun mecah utawi nggepuk kangge mendet wijinipun, amargi dagingipun lengket. Menawi sampun garing woh godril digepuk ngangge selo/watu (biasanipun watu kali). Wiji godril dipendet lan dipepe malih supados wijinipun garing. Menawi wiji sampun garing lajeng digoreng gongso utawi goreng tanpa minyak. Amargi nggoreng menika radi awrat kangge lare, biasanipun dipun gorengaken kaliyan ibu/emakipun.

Godril ingkang sampun mateng lajeng saged dipun beta menawi sekolah utawi menawi dolanan. Asring godril menika dipun nedi sesarengan kanthi guyub rukun.
Mboten kados kwaci ingkang kulitipun tipis, wiji godril menika nggadahi kulit ingkang kandel lan atos, kedah digeged kanthi kiyat supados saged pecah. Godril gadah raos ingkang khas, sahingga mboten rugi perjuangan kangge angsal cemilan menika. :-)

Hananging wonten salah satunggalipiun efek samping nedi godril menika, ingging menika mambetipun “gas buang” hasil pengolahan godril menika sanget spektakuler… :-D ngungkuli mambetipun jengkol sahinggo sering kangge goyon lan garap-garapan…

Godril, cemilan sederhana menika jebul nggadahi filosofi ingkang lebet: kangge kepenak kedah sagah rekaos rumiyin. Filosofi sanesipun inggih berlatih kompetitif lan sportif (nalika pados gogrogan godril), seni (tetembangan nimbali angin) guyub, kepedulian marang putra (ibu ingkang nggongso-ngaken kangge putrane), humor, lan sanes-sanesipun.
Wonten jaman sak menika godril sampun kageser kaliyan makanan-makanan instan moderen.

Gambar dipendhet saking http://ctahr.hawaii.edu, http://en.wikipedia.org/wiki/Samanea_saman

Menawi wonten dusun-dusun utawi daerah ingkang taksih kathah wit-witanipun, kita asring mireng salah sawijining kewan inkang gadhah suanten ingkang unik inggih menika garengpung. Jaman rumiyin, garengpung dados pratanda mangsa ketiga. Aran garengpung menika ugi mawarni-warni, wonten ingkang mastani gareng, cenggeret, tonggeret, cicada, lan sakpanunggalanipun. Spesies garengpung wonten tiga, Magicicada septendecim, Magicicada cassini, lan Magicicada septendecula. Kula boten mangertos mbok menawi istilah garengpung menika sakjanipun sejatosipun namung salah satunggaling spesies cicada punapa mboten.

Nalika kula pados informasi wonten internet, jebul garengpung menika boten wonten tanah Jawi kemawon. Informasi wonten mriki mratelakaken menawi garengpung jebul ingging wonten ing tlatah Amerika. Hananging wonten mrika garengpung nggadahi siklus ingkang unik inggih menika medal saking siti namung 17 tahun sepindah kanthi massal. Wonten blog mriki mratelakaken bilih garengpung jebul inggih dados objek kangge penelitian S3 dening salah satunggaling peneliti.

Wonten panggenan kula sakmenika kadosipun sampun jarang mireng suanten garengpung.

Ten desa kawula, Desa Pucangan, wonten namine perangkat Dusun inang sakniki tesih wonten asmanipun namung fungsine sampun malih…

Perangkatipun yoiku :

  • Polo Uceng : tugasipun ngurusi irigasi dusun
  • Kamituwo : niki kepala dusun
  • Modin : tugasipun ngurusi masalah kerohanian dusun
  • Bayan : tugasipun wenehi pengumuman dateng warga, nek wonten acara desa
  • Jogoboyo : niki ngurusi keamanan desa, biasane paling sakti..

Nanging niku ten desa kulo sing tesih wonten, sinten ingkang purun nambahi…?

Werdining katresnan punika;

rerakit lumampahing mangsa kang ngukir

lembaring dalu rina, kang sinerat dening astaNya.

Werdining katresnan punika;

reroncening trenyuh kabagyan,

kang medal saking panangis lan gumuyu,

trus rumesep ing telenging kalbu.

Werdining katresnan punika;

angaksami tumrap sadaya kalepatan,

nampi samukawis klentu pakarti tuwin sisiping pitembung.

Werdining katresnan punika;

sabar sareh ugi nampi samukawis panandhang

lamun pedhut pacoban hanelahi, katresnan kinarya pepadhang.

Werdining katresnan punika;

rak ugi sami pitados lan manungkung jroning pangajeng-ajeng;

awit katresnan salaminipun langgeng.

Werdining katresnan punika;

peparingan Gusti Allah

katresnan kang mekar ing telenging manah,

konjuka ing Ngarsa Pepadhanipun…

Wonten ing jaman teknologi moderen menika, komunikasi sampun langkung gampil menawi dipun bandingaken jaman rumiyin.Sak menika kanthi telepon seluler utawi HP lan internet, para kadang saget sami guneman utawi kirim pesen khanthi cepet, gampil lan mirah. Kados blog Kawruhjawi menika saged ugi dipun waos ngagem HP. Kula asring maos ngangge Browser Opera Mini (menika gambar tampilan Kawruhjawi mawi HP).

kawruhjawi2.jpg

Sinambetan babagan telekomunikasi, wonten saben kabudayan sejatosipun sampun wonten ugi sarana kangge telekomunikasi tradisional. Raja Sulaiman nate ngginakaken manuk Bul-bul kangge mangertosi kahanan negri Saba. Tiyang-tiyang Indian ngginakaken keluk (asap) kanthi kode-kode ingkang saged dipun waos saking tebih. Masyarakat Jawa inggih gadhah sarana telekomunikasi tradisional inggih menika kenthongan. Kenthongan saged dipun ginakaken kangge pratanda menawi wonten kahanan tertentu. Kahanan ingkang informasinipun asring dipun sebaraken kanthi kode-kode kenthongan biasanipun menawi kahanan bahaya; lindhu , banjir , siti longsor, gunung mbledos, lan sakpanunggalanipun. Menawi kahanan bahaya kados menika kenthongan ditabuh kanthi terus-terusan lan irama cepet dipun arani ‘titir’. Jaman rumiyin, gegandengan kaliyan mitos, kahanan kados grahana ugi dipun mangertosi dados kahanan bahaya sahingga menawi wonten grahana (srengenge nopo bulan) tiyang-tiyang sami nabuh kenthongan titir ugi supados raksasa ingkang ‘mangan’ bulan utawi srengenge saged nglepeh malih supados kahanan mboten peteng ndedet.
Kajawi kahanan bahaya, kenthongan dipun ginakaken ugi kangge pratanda misalipun kangge kempalan kerjabakti utawi kempal sanesipun. Sanesipun, kenthongan ugi kangge pratanda ibadah sholat wonten ing masjid.

Jaman sak menika, telekomunikasi tradisional sampun awis dipun ginakaken, sinaoso wonten kahanan tertentu taksih wonten manfaatipun, kadosto menawi listrik pejah utawi nalika mboten wonten alat elektronik.

Wau dalu nalika tilem kulo ngimpi rencang kulo emah-emah. Kadosipun sewengi niku kulo namung ngimpi bab punika. Criosipun dangu lan nrenyuhi.

Wau enjang naliko tangi kulo seg ngertosi bilih kala wau namung ngimpi. Kulo lanjeng kirim pesen cekak mawi hp, crios dateng rencang kulo ingkang kulo impeaken. Rencang kulo lajeng mbales lan crios bilih wonten jawi ngimpi emah-emah niku pratanda mboten apik. Radi deg-degan sakwetawis, nanging kulo lajeng kemutan bilih Gusti maringi pratanda mboten namung sepindah.

Read the rest of this entry »

Menawi para miyarsa tindak dateng Thailand akhir tahun 2007 menika, panjenengan bade mirsani kathah poster, baliho, lan gambar-gambar Raja Thailand Bhumibol Adulyadej wonten pundi-pundi papan. Tanggal 5 Desember 2007 menika dados dinten ambal warsa-nipun Raja Bhumibol ingkang kaping 80. Dinten kelahiran Raja Bhumibol menika dipun pengeti kanthi ageng wonten sak ngindenging negri Thailand. Rakyat Thailand sami tresna dumatheng rajanipun sinaoso wonten jaman moderen menika kekuasaanipun raja mboten kados jaman rumiyin. Kados Thailand menika pemerintahan dipun pimpin perdana menteri amargi Thailand tumut sistem monarki konstitusional. Sinaoso mekaten, posisi raja tetep dipun hormati kaliyan rakyat, lan rakyat malah langkung tresna dhumateng raja saking pemerintahipun. Kahanan menika sejatosipun mboten aneh amargi raja inggih sanget migatosaken kaliyan rakyat.

Wonten pesawat Thai Airways kula maos artikel-artikel majalah sesambetan kaliyan babakan menika. Saking waosan menika kula radi mangertos kados pundhi larah-larahipun rakyat Thailan menika ngantos mekaten setya-tuhu lan tresna dhumateng rajanipun.

Raja Bhumibol Adulyadej (Raja Rama IX) saking Dinasti Chakri lair tanggal 5 Desember 1927 lan jumeneng ratu wonten ing tahun 9 Juni 1946. Raja Bhumibol menika salah satunggaling raja ingkang cerak kalian rakyat, mangertosi kahananipun rakyat lan kanthi tulus pados dalan kangge ngangkat drajatipun rakyat. Wonten tahun 1950an lan 1960an, Raja Bhumibol asring tindak dateng pedalaman, minggah mudhun gunung nitih motor trail. Kanthi sabar mirengaken awratipun kahanan gesang para rakyat. Salah satunggaling daerah menika inggih daerah perbatasan segitiga emas narkotika, ingkang terpencil lan taksih rawan. Kanthi pengalamainpun nalika enem wonten Lausanne, Swiss, sinau babakan pertanian lan seni wonten mrika, Raja Bhumibol lajeng ngawontenaken proyek-proyek kangge ngentasaken rakyat saking kemiskinan.

Watawis 4000 proyek kerajaan sampun mlampah ingkang sesambetan kaliyan irigasi, panggulowenthah sumber toya, konservasi alas, perikanan, penaggulangan erosi, teknologi pertanian, reboisasi, pengembangan lahan, pengembangan komunitas pedesaan, pendidikan, transportasi, penanggulangan banjir lan lingkungan hidup. Ngantos sak menika, upaya menika sekedik mboko sekedik ngatingalaken kasil ingkang mbungahaken.
Raja Bhumibol nggadahi hobi mireng musik jazz, ugi hobi fotografi lan atlet olahraga layar. Raja Bhumibol nate meraih medali emas wonten SEA Games 1967.
Katresnanipun rakyat Thailand saged tuwuh ingging jalaran saking tresna raja-nipun dateng rakyat, kados sumpahipun nalika jumeneng ingkang badhe makarya kangge kabahagianipun rakyat. Raja Bhumibol kacatet dados raja ingkang paling dangu jumeneng wonten sak ngindenging donya.
Menawi wonten Indonesia, kita saged mirsani kahanan ingkang kirang luwih sami, sinaoso wonten skala ingkang langkung alit, inggih katresnanipun rakyat Jogja dhumateng Ngarsa Dalem Sri Sultan Hamengku Buwana IX lan X. Rakyat Jogja sami ngraosaken jasanipun Sultan ingkang kaping IX nalika penjajahan Walanda lan jaman kamardikan, lan jasanipun Sultan Kaping X nalika seg jaman ontran-ontran reformasi ngantos sak menika.

Sekedik seratan menika nggambaraken sinaoso sistem politik monarki lan kerajaan sampun mboten selaras wonten gesang jaman moderen, nanging kanthi filosofi katresnan raja lan rakyat, kabukti taksih saged gadhah peran ingkang mboten sekedik dhumateng kemakmuran lan kabahagyan masyarakat kathah.

Dinten Ibu dipengeti saben tanggal 22 Desember. Nalika wonten rerembag bab punika kaliyan rencang, kulo kemutan ibu ingkang sampun kondur marak sowan wonten ngarsanipun Gusti. Inggih linuber lan jembar tresnanipun ibu dateng putra-putranipun. Inggih tresno ingkang sejati ingkang diparingaken ibu dateng bapak, sigaraning nyowo. Tresno punika ingkang ndadosaken gesang tansah ayem tentrem, susah, seneng saget dipun raosaken kanthi ayem.

Ibu, ingkang sampun ngandut kulo, ingkang ambabaraken kulo kanthi rekaos, ingkang sampun nglantaraken kulo ngantos dumugi ageng, mandiri kados sakmeniko. Ibu ingkang tresno kalian putra-putranipun ngagem caranipun piyambak. Ibu sanes tiyang ingkang kalem, sabar, utawi lembut. Ibu kulo punika tiyang ingkang galak, sregep, nanging alit atinipun. Dados asring menawi wonten ingkang nrenyuhaken ibu kulo namung saget nangis. Ibu ugi tiyang ingkang tertutup. Arang crios kaliyan putra-putra nopo ingkang dados  penggalihipun, namung dateng bapak ibu saget crios.

Ibu tasih alit nalika emah-emah kaliyan bapak. Seg 17 th kala semanten. Gadhah garwa bapak punika kabegjan piyambak kagem ibu. Tresno ingkang mboten dimangertosi kaliyan ibu, ibu caosaken dateng bapak. Nopo ingkang bapak paringi, ibu tampi. Nopo ingkang bapak suwun ibu caosi. Sinten ingkang ngerstosi nopo ingkang dados dalane gesang. Sinten ingkang mangertosi menawi ing tengahing bungah, bapak kedah tindak ninggalaken ibu piyambakan momong 3 lare ingkang tasih alit-alit. Nanging kolo semanten ibu tansah sabar nenggo bapak kondur. Kulo nate tanglet kaliyan ibu: ibu kenging nopo mboten menikah malih wekdal niku? Ibu namung ngendiko: “Ibu eman lan melas karo bapakmu”. Punika ingkang dados ungkapaning raos tresno ibu dateng bapak. Ibu ngendiko mekaten nalika ibu gerah lan sampun mboten saget mlampah. Crios kalih mbrebes mili amargi kemutan wekdal semanten.

Sakbibar bapak kondur, ibu lan bapak milai urip saking nol. Dodos bakul titih (jenang jagung). Menawi sonten mbebek jagung ngagem lumpang lan alu. Mbenjang enjang dipun ideraken. Namung cekap kagem sedinten. Mekaten teras saben dinten. Ngantos dumugi wanci bapak saget nderek buruh bangunan lan ibu nderek njait wonten pecinan. Kolo semanten ekonomi sampun radi lumayan. Saben sabtu bapak saget numbasaken susu kagem lare-lare. Lajeng bapak diparingi sabin kaliyan simbah. Bapak mboten gadhah pengalaman ngolah sabin. Ibu ingkang lare petani ingkang nderek ngolah sabin. Sekedik-sekedik bapak saget. Saben enjing bapak tindak sabin. Mangke jam 9 bapak kondur sarapan. Ibu asring nderek dateng sabin. Nderek matun, tandur, utawi derep. Malah asring nderek derep wonten sabin tiyang lan angsal bawon gabah saknyangking. Punika ingkang dados keseharian bapak lan ibu. Mangke menawi panen, bapak ingkang mbeto wonten peken diboncengaken wonten pit, ibu nyurung saking wingking lan wonten peken dipun sade kaliyan ibu. Menawi panenan polowijo, subuh-subuh bapak lan ibu sampun tindak peken. Saking mriku bapak lan ibu saget nyekolahaken 5 putra ngantos SLTA lan 1 ngantos sarjana (inggih kulo piyambak). Bapak asring ngendiko: “Bapak namung biso nyangoni kepinteran, dene bondo goleko dewe-dewe. Bapak mung biso nyekolahke nganti SLTA, dene arep sarjana sekolaho dewe.” Sakmeniko sampun 3 ingkang sarjana, 1 D3, lan 1 taksih nglajengaken S2.

Ibu gadhah sakit hipertensi. Ngunjuk obat pinten-pinten taun. Sampun pijet wonten pundi-pundi, berobat nggih wonten dokter spesialis saraf. Ibu nate angsal serangan stroke sepindah, nanging saget mantun. Lajeng serangan stroke ingkang kaping kalih njalari ibu lumpuk awak sisih kiwo. Ibu mboten saget mlampah piyambak, mboten saget nopo-nopo piyambak. Bapak ingkang ngrawat ibu kanthi sabar lan gemati. Kadangkolo ibu manja kados lare alit, nanging bapak saget mangertosi sanget bilih ibu punika gerah lan bapak ngladosi ibu kanthi tlaten. Kulo mbrebes mili menawi kemutan. Enjing2 bapak ingkang makpungi ibu, mangke ibu sikat gigi piyambak lan sabunan piyambak, bapak namung nguyur toyanipun. Nggantosi ageman, nyisiri, lsp. Kulo taksih kuliah wonten Jogja kolo semanten. Mbak ingkang wonten dalem sampun budhal nyambut damel nalika ibu wungu. Mangke ibu lenggah wonten ngajeng mriksani kendaraan sliwar-sliwer wonten ratan. Bapak wonten sisihipun nyriosi babagan ingkang ndamel ibu bungah. Kagem semangat gesang, bapak asring ngendiko bilih usia pernikahan bapak lan ibu sampun badhe ngancik 50 tahun utawi kawin emas. Sampun mbayangaken mbenjang menawi kawin emas badhe ngawontenaken syukuran. Nanging dereng ngantos dugi wancinipun, ibu angsal serangan stroke ingkang kaping tigo. Lan ibu opname wonten nggriyo sakit. Sedinten setunggal dalu ibu mboten wungu. Bapak wonten sisihipun ibu. Lare-lare ugi neggo ibu, maringi pandonga lan maringi semangat kagem ibu. Nanging ibu sampun kedah wangsul. Naliko sakaratul maut, bapak nyedak wonten sisihipun ibu lan ngendiko: “Bapak tresno karo siro to Su. Wis 48 tahun bareng-bareng ora tau padu to Su. REkoso bareng, seneng bareng. Saiki bocah-bocah wis podho mentas kabeh. Siro sing dadi ibu wis berhasil. Siro nek arep kondur wis padhang dalane.” Sakbibar bapak ngendiko ngoten, ibu kondur. Punika mboten saget kulo laleaken. Kulo mangertosi sanget bilih bapak lan ibu nggadahi tresno ingkang sejati. Ibu nenggo bapak ngendiko sakderengipun ibu kondur…

Mbenjang tgl 31 desember 2007 inggih kawin emasipun bapak lan ibu. Kulo bangga nggadahi tiyang sepuh kados bapak lan ibu. Kulo kepingin menawi mbenjang bebrayan, kulo nggadahi brayan ingkang tentrem lan tresno ingkang sejati.

Ibu, ibu bintang kagem kulo. Awan lan ndalu ibu wonten madangi kulo. Kulo sinau saking katresnan sejati bapak lan ibu. Sugeng gesang langgeng wonten ing sisihipun Gusti, Ibu…

Jaman rumiyin, rikala sumber pangan taksih dereng kados jaman sakmenika, kathah tetuwuhan lan umbi-umbian ingkang dipun dadosaken daharan lan cemilan. Wonten dusun-dusun, jaman rumiyin asring dipun panggihi umbi-umbian kados garut, bili, uwi lan sanes-sanesipun. Jaman kula alit, riyin taksih manggihi umbi-umbian menika, utaminipun dados daharanipun para sepuh. Sak menika umbi-umbian punika sampun jarang. Paling-paling ingkang taksih kathah dikonsumsi namung ketela.

caping2.jpg

Wonten Hanoi, Vietnam, kula mboten sengaja kepanggih ibu-ibu ingkang sadean woh-wohan lan umbi-umbian lan salah satunggaling ibu menika sadean garut, bili, uwi, lan tela rambat!
Wah, jebul umbi-umbian menika ugi wonten ing Vietnam…

gembili.jpg